Jamblem, Cocog Digayem Tepak Dherem
Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 22 Oktober 2022 07:28 WIB)
- Kuliner
Usum udan wis teka. Tepak dherem, mula enake ambi nggayem hang anget-anget. Kadhung rika duwe sawi ana ring umah, cacaken nggawe jajan hang siji iki.
Sawi utawa ubi kayu alias ketela pohon hang setemene bain oyod/umbine kelebu makanan pokok silure sega merga nduweni karbohidrat lan kalori hang dhuwur. Pupus godhonge wis anjerah diolah dadi janganan embuh iku bobor, kerawuan utawa kuluban lan umum diolah santenan kanggone ring Nasi Padang.
Kadhung maca teka travel.tempo.co, kalingana sawi dudu aseli teka Indonesia. Sawi kawitane ditandur ring suku Maya ning Yucatan, Meksiko. Peneliti Pusat Arkeologi Lingkungan, Badan Riset dan Inovasi Nasional (BIRN), Hari Suroto ngomong dak sejarahe sawi kawitan dikenalaken bangsa Portugis nyang Kongo, Afrika taun 1558. Portugis uga nggawa nyang Maluku ring abad 16. Kala semana, bibite sawi jare teka Brasil.
Sawi bisa ditape, diolah keripik, dikukus utawa digoreng nyel, dikolek, diolah lemet, dikukus aju ditujahi didadekan lempog lan gethuk, diparud dikundhuki kaya sate dadi klepon, diparud dibumboni terus dipepe aju dadi opak lan sing kelalen, sawi uga kerep diparud digoreng didadekaken jamblem. Ana hang dibunder-bunder wungkul, uga ana hang lonjong gepeng ring tengahe mechothot merga ana gula abange.
Kawitane, sawi (kira-kira ½ kilo) hang wis dikenceti lan dikumbah rijig aju diparut sulung. Kudune sawi hang medhuk, merga kadhung garuh ya kurang enak. Wenana uyah sukur ¼ sendok teh, uleden sampek rata. Kanggo isenane, rika perlu nyepakaken gula abang ( ¾ kilo) dikesriki lan ditambahi gula pasir kadhung dhemen manis. Kadhung rika nak nggenti isenane nganggo coklat utawa keju, ya ulih. Aja lali gage ilingena lenga nyang wajan, aju cethetena kompor gage enggo nggoreng.
Parudan sawi mau, juwuten kira-kira 1 sendok andohen ring tangan rika lan aja lali diiseni gula abang mau. Kepel-kepelen sampek bunder ser. Tutugena sampek parudan sawine entek. Aju gorengen nganggo geni hang sedheng. Kira-kira kelire wis kuning kaya emas utawa ring istilahe koki, golden brown, gancang entasen lan etusen nyang serok.
Anget-anget jamblem buru ngentas, magih melkudhuk cocog disandhingaken ambi teh utawa kopi, digayem nepaki dherem.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Olah-olah
Editor: Antariksawan Jusuf