Jangan Bobohan: Olahan Lawas hang Rasane Has

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 26 November 2019 17:19 WIB)
- Kuliner



Salah siji  olahan lawas wong Using, yaiku Jangan Bobohan. Kadhung aran Latine Cleome rutidosperma, tanduran hang gampang merujuk ring latar uga ring bentur. Tanduran iki merujuk teka wiji dideder, utawa logrok dhewek merga tuwek aju merujuk. Masiya kaya tanduran merujuk dhewek nana hang ngeroksa, serta wis diolah jangan seru enake lan rasane beda ambi jangan Pupuan, utawa Uyah Asem liyane.

Sak liyane dienggo jangan, temakena hasiate Bobohan kanggo kesehatan iku akeh seru. Mangkane wong-wong bengen hang dhemen mangan Jangan Bobohan iki arang keneng penyakit kangker, jantung, kolesterol lan liya-liyane. Pungkasane, wong moderen saiki padha kepingin mbalik kaya wong bengen, mangan janganan hang gampang ditemoni ring kiwa tengene umah. Naming kanggo hang sing duwe latar utawa bentur, magih gampang golet bobohan sonder kathik tuku ring Banyuwangi.

Jangan Bobohan, ana uga hang ngarani pindhang Bobohan, merga ragine kaya olah pindhang. Ana asem kamal, lobok cilik, bawang abang, gula lan uyah, uga terasi bakar sithik. Ana rong cara, kadhung sing kepingin pait seru. Bobohan hang marek dipethiki dipilihi hang enom-enom godhonge, dikulub sulung sampek banyu gemulak. Marek iku, banyune dibuwang disiluri banyu anyar, sekabehe ragine mau digerus aju dilebokaken bareng. Serta gemulak, aju ditambah penyedap. Kadhung sing seneng, ngandelaken gula ambi uyah wis cukup.

Wong Using kadhung olah jangan Bobohan dhemen nganggo Asem Kamal, yaiku kulite Wadung hang dipepe garing. Kadhung wong dhaerah liya, biyasahe nganggo belimbing wuluh. Pantese angel nawi golet asem kamal, utawa pancen sing anjrah ring panggonane. Rasane Jangan Bobohan iki seru hase, merga sak liyane pait sithik uga ana sepete lan kecut sithik teka asem wadhung. Pedhes pisan, kadhung loboke akeh aju seger kokohe.

Rasane Jangan Bobohan iku rame seru, iwake hang tepak pelasan, utawa iwak asin, gimbal. Kadhung sing ana, tempe goreng ya cocog. Merga Bobohan iki enak seru, mangkane sing milih sega. Kadhung bisa segane sing panas seru lan sing lemes, mane bisa ngerasakan nguyup kokohe Bobohan. Kadhung kemecer, kanggo selabar nang tanggane sapa hang duwe bobohan, aju dicacak olah.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hasan Sentot