Jangan Cemplung Keluwih
Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 27 Juni 2020 06:59 WIB)
- Kuliner
Uwite keluwih (Artocarpus camansi), kadhung diemataken emeh padha kaya uwite sukun (Artocarpus altilis). Cumpu magih misanan. Mula kadhung secara ilmiah, keluwih iki magih sak duluran ambi nangka, cempedhak, lan sukun. Uwohe padha bundere. Bedane, uwoh sukun kulite alus, kadhung keluwih emeh kaya nangka, kulite lincip-lincip. Uwoh sukun sing duwe wiji wungkul-wungkul kaya Keluwih. Wijine Keluwih hang umume diarani ceblokan, bisa dikulub digerimik.
Keluwih hang durung kari tuwek lan hing kari enom (kaya tombol) bisa diolah jangan. Bisa disanteni utawa diragi cemplung. Ragine Jangan Cemplung padha kaya ragi sambel. Paran bain iku? Lobok litik, lobok jawa, bawang abang telung bendhul, terasi, ranti/tomat, laos sak jenthikan digetes, gula pasir takeran setengah sendhok teh, uyah sak sendhok teh.
Carane nggawe, keluwih hang magih wutuh dikenceti sulung ambi dikelocor ring banyu mili, makene pulute sing jangget nyang tangan. Serta kulite wis rijig, buru disigar prak kanggo ngilangi atine. Keluwih aju bisa diirisi sak sir-e, bisa ceper wera, bisa buntek kandel. Bisaa ya hang ukurane sak sendhokan madhang, sak emplokan. Keluwih hang wis diirisi kumbahen rijig aju siyap dikulub ring banyu gemulak sampe kira-kira daginge rada embuk.
Ragine hang wis dicepakaken muka, gerusen sulung. Aja kari alus ya aja kari kasar, sedheng-sedheng bain, geningna matane loboke tetep pendelikan. Ragine dicemplungaken ring kuluban keluwih tanpa digeronseng ring lenga. Yong arane jangan cemplung. Geningna bain sampe gemulak maning, makene ragine rada ngeresep.
Jangan cemplung Keluwih cocog dimusuhaken ambi pelasan, gorengan tahuk lan tempe. Umube jangan cemplung keluwih hang buru ngentas seru segere, merga gerusan lobok campur terasi lan getesan laos marahi bacot ambus-ambus lan weteng kerug-kerug.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Dok. Pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf