Jangan Pedhes Iwak Pe Panggang
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 12 Juni 2021 09:00 WIB)
- Kuliner
Iwak Pe hang wis diweleki utawane diarani Iwak Pe pnggang mula ana ring pirangane dhaerah, nong Medura, Gresik, Sidoarjo lan dhaerah liyane hang utamane ana ring pinggir pesisir. Uga kelebu Banyuwangi, iwak pe panggang iki bisa ditemoni ring pasar.
Setemene iwak hang diweleki/dipanggang iki salah siji cara dienggo ngawetaken iwak. Bisa diuyahi dadi gerang utawa dikukus dadi pindhang.
Diweleki, sak liyane makene awet, arume weleke iku mau hang nggarai iwak nduweni rasa hang has hang hing bisa ditemoni kadhung mung diawetaken kelawan cara liyane.
Dina iki nak ngedum resep lan cara olahe Jangan Pedhes Iwak Pe panggang. Hang nggarahi windhul pisan, anane ranti hang magih ijo hang diirisi emeh wutuh, utawa mung diperapat. Rasane hang rada ana kecut-kecute sithik nambahi rasa hang enak ring olahan iwak pe mau.
Bahan hang dibutuhaken:
1/2 kilo Iwak Pe panggang
Ragine:
5 siyung bawang putih
5 bungkul bawang abang
Sak sendhok teh ketumbar
Sak jempol jahe
Sak jenthikan kunir
3 iji kemiri
3 iji lobok gedhi abang
5 lembar godhong salam
3 iji lobok gedhi ijo
15 iji lobok litik
Rong jempolan laos
3 lembar godhong jeruk purut
Uyah secukupe
Sak sendhok teh gula pasir utawa gula abang
Sak liter santen
Sak unting godhong kemangi
5 iji ranti ijo, iki hang nggarai tambah sedhep.
Carane olah:
1. Bawang putih, bawang abang, jahe, kunir, lobok gedhi abang, ketumbar, kemiri digerus sampek alus. Ana hang dhemen dirajang, ya dirajang bain.
2. Ragi hang wis digerus mauka aju digerengseng sampek metu arume.
Tambahana godhong salam, godhong jeruk purut, laos hang wis digeprek, digerengseng maning sampek alum.
3. Kadhung wis arum, lebokaken iwak pe panggang, wolak-waliken nyang ragine mauka sampek rata.
3. Tambahana santen, rajangan lobok ijo, ranti ijo hang wis diirisi, lobok litik wungkulan.
Aja lali ngewani uyah lan gula secukupe, tilikana rasane, kadhung wis pas geningaken sampek gemulak kelawan sepisan-pindho digaluh wolak-walik.
5. Kadhung wis gemulak cemplungaken godhong kemangi.
Saiki jangan pedhes iwak pe panggang wis siyap dirahabi, nyandhing sega hang kemebul, windhule bisa nggarai paling using imbal pindho.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.