Janganan Bali Ontong
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 12 Februari 2022 07:15 WIB)
- Kuliner
Ring Banyuwangi dhung mangan Lonthong Pecel kayane paling windhul apan ditambahi Janganan Bali Ontong iki. Ketepakan ulih ontong ring pasar, nak nyobak ngedum resepe ring kene.
Bahan hang dibutuhaken:
1 ontong wutuh hang wis kari putihe, hang enak ontonge gedhang saba. Ontong iki bisa dikulub sulung utawa mentak ya hing paran-paran.
1 manisah ukuran sedhengan
1 jagung dibakar sulung sedhilutan
Sak unting pakis dhung ana.
Kabeh dirijiki lan dirajang sak dhemene.
Ragine:
Ragi hang digerus:
5 iji bawang putih
5 iji bawang (abang)
5 iji kemiri
10 iji merica
Setengah jempolan kencur
Ragi hang dirajang:
5 iji bawang (abang) dirajang tipis
5 iji lobok abang gedhi dibuwang wijine aju dirajang miring tipis
Bawang ambi lobok hang dirajang tipis iki digoreng sampek alum setengah garing.
Ragi liyane:
Sak sendhok jinten
Lobok litik wungkulan, akehe sak dhemene
Sak liter santen sak dhemene ancang kenthele
Rong jempolan laos digejah
3 lembar godhong salam
1 lonjor Lucu dhung dhemen
Uyah secukupe
Gula secukupe
Lenga dienggo nggerengseng
Carane olah:
Ragi hang wis digerus alus mauka digerengseng sampek arum, tambahana laos, jinten, lobok litik ambi godhong salam.
Dhung wis arum, lebokaken rajangan ontong, manisah, jagung, pakis lan lucu, digerengseng sampek rada alum.
Dhung wis alum, ganda ragine saya arum, tambahana santen aju digeningaken sampek mateng. Tambahana uyah, gula, tilikana paran kurange.
Dhung dirasa wis pas kabeh, wadhahana nang cembung aju diwur-wuri rajangan bawang ambi lobok mauka.
Janganan Bali Ontong wis kemebul, dipangan ambi lonthong pecel tah sega biyasah ya mula indhul.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.