Janger Kesenian Teradhisional hang Jemeger (Bagiyan 2 teka 4)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 03 Oktober 2024 08:02 WIB)
- Opini



Janger Kesenian Teradhisional Hang Magih Jemeger (Bagiyan 2 teka 4)

Ditulis ring Hasan Sentot


(2) JANGER BERDENDANG

Akehe undangan utawa tanggapan teka wong duwe gawe, merga Janger iku mau gampang dipeseni teka hang ngundang. Uga akeh-akehe miloni Janger hang garus, mulai 'penampilan' lan tatacara manggung. Biyasahe kadhung wis gedigi, sing kathik ndeleng 'pakem' hang kerep dilakoni ambi wong utawa lakon 'dimainaken'. "Janger Berdendang" iki isine mung nembang lan jugedan. Tembangane bisa gendhing Banyuwangian, bisa uga dhangdhutan. Jugedane wis adoh teka jugedan Banyuwangi, taping lebih parek nang Jugedan dhangdhut mung penganggone bain Janger. Jare Dony Suwandi, salah sijine panjak kesenian ring Rogojampi hang uga guru, lare wadon saiki pokoke bisa nembang "Merekes Ati" lan kegal-kegol nang ndhuwur genjot, raine rijik mulus, dibon Janger wis ulih ongkos Rp. 80.000 sewengi.
   Kadhung bengen, wong emong ngundang Janger kadhung sing duwe picis akeh, merga keweden weruh akehe panjak hang emeh nembus angka 100 uwong. Sewengi mangan ping telu, durung kopi lan udude. Saiki kayane malah tambah akeh, tapi nang nanggap ya nana hang sambat. Malah Janger modhel anyar iki akeh ting pecungul ring Banyuwangi kidulan, ale sedurunge ngelumpuk ring Banyuwangi tengah lan eloran. Mula repot, kadhung ndeleng teka ‘pertumbuhane’ Janger tambah akeh, kelebu dhaerah ‘sebarane’. Naming kadhung dideleng teka panjak lan hang dadi lakon, magih akeh wong lawas. Jare Dony Suwandi, persasat hang dadi Janger sakat wingi dawa ya wong-wong iku bain. Sing ana hang mituhu (setiya) nang sijine kelompok (group), sapa bisa mbayar lan wani larang mesthi dipiloni.

KAKEHAN MUYAB LAN NEMBANG

Kedadeyan Janger kurang wektu nggawa sak lakon, biyasahe dudu merga lakone iku mula dawa kadhung ditutugaken. Naming merga kakehan nuruti karepe penonton lan pengundang, sing tertib noring waktu antarane jejer siji lan jejer sak teruse. Kadhung Janger mbengen, aran muyab iku anane mung ring Jejer Dhagelan. Biyasahe noring tengah-tengah lakon, antarane jam 12 bengi. Kadhung jejer terus ana hang kedanan aju nembang, iku ana watese pirang gendhing. Kadhung saiki malah ditambahi, sakat teka waktu lan hang tukang gendhing. Malah lare wadon-wadon iku mau setemene sing melebu nang cerita, taping diana-anakaken.
   Sing terima nembang hang keliwat-liwat waktune, taping ‘interaksi’ ambi penonton uga digeningaken. Malah kadhung ana penonton munggah genjot aju ngewani picis nang hang tukang tembang mau, ya sing ana hang menging. Kayane panggung Janger ambi panggung Orkes iku mung beda penganggone thok, tatacarane meh padha. Kadhung bengen kabeh uneg-uneg penonton mau mung bisa disaluraken wayah Dhagelan. Gediguwa mung bisa nyerawataken kertas isi surat penjaluk gendhing, sing ana hang munggah aju njuged bareng.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Hani Z. Noor