Jaran Kencak Ngiringi Lare Sunat
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 26 Januari 2022 07:55 WIB)
- Opini
Jaran hang dirumat ambi uwong ya semesthine bakale diadusi uga dipakani. Paran maning dhung wis warang bakale sing serantan hang duwe jaran iku nambani ambi jamu utawa digawa ning dokter hewan. Gatine ambi jaran meraji ambi gati ring keluwargane, saya bisa nggawe uwong hang kawitane hing dhemen bisa dhemen ring dina mburine.
Paran maning kadhung wis dikelambeni kain-kain hang disampiraken kayadene raja ring kerajaan. Direngga monte-monte gemilap kaya banyu segara dhung keneng sunare serngenge. Endhase uga diweni makuta wulu hang digawe teka bolak bol hang dironce kaya dene kebut. Dijejer nong ndhuwur endhase. Matane bain diweni sengker teka paran bain hang nggarai jaran iku mung bisa ndeleng mengarep. Awak, endhas, wis diweni kelambi uga hiyasan ya ditambahi wesi hang dicangklongaken nong boyoke. Wesine uga dikelambeni pisan dadi dhung wis dipasang kabeh meraji kaya jaran hang duwe seriwi. Ring tengahe seriwi iku ana wesi hang modhele kaya cekelan utawa kayadene setir. Iku duwe tujuwan kanggo cekelane sapa bain hang nunggang. Hing lali, sikile ya kadhang ana hang nguweni sepatune jaran. Makene hing serendengan kerana hing seimbang, diweni pisan papan pelungguhan hang dijangkepi ambi papan sikil makene bisa dienggo timplikan dhung tepak munggah uga bisa kanggo papan ngideke sikil tepak melaku.
Dhung wis didandani gedigu, aran jaran wis uwah dadi aran Jaran Kencak. Anane jaran digedikokaken iku mung kanggo tradhisi ngarak lare-lare hang sunat. Emeh saben dhaerah ring Indonesia ya duwe adat ngarak dhewek dhewek. Paran maning ring Banyuwangi, arak-arakan cara wong Using Belambangan padha ngundang Jaran Kencak iku hang mesthi wajibe digandheng ambi kesenian Terbang Jidhoran. Terbang Jidhoran diundang pisan kanggo ngiringi Jaran Kencak hang melaku ditunggangi ambi lare hang arep disunat. Paran maning dhung wis akeh hang dhemen utawa kepingin nunggang, tangga, kanca, dulur bisa nunggang pisan makene ngeramekaken acara arak-arakan iku. Dhung biyasahe ngundang kesenian Barong pisan hang ring susunan barisane iku ana dhewek-dhewek. Susunane yaiku dhung Barong ana ring ngarep, hang ring mburine mesthi ana barisan Jaran Kencak hang diweni musik pengiring Terbang Kuntulan.
Jaran Kencak hang wis siyap milu ngarak, langsung digawa nyang umahe tuan rumah hang ngundang. Nggawane bain beda-beda tergantung hang duwe jaran. Ana hang dituntun miloni hang duwe jaran nunggang sepidhah montor. Ana hang diuwot kol buntung, biyasahe kadhung jarane lebih teka loro.
Kadhung arak-arakan wis arep melaku, lalare hang ngundang iku digawa edheng-edheng nong ngarepe Jaran Kencak hang wis disiyapaken ring pareke terob utawa umahe hang duwe gawe. Kadhang ya dijejer serang makene enak hang nunggang bisa milih jaran endi hang arep ditunggangi.
Jaran Kencak wis siyap uga ana komandho teka hang mbukak arak-arakan. Kadhung wis ana suwara salawat Nabi pertandha arak-arakan wayahe mangkat. Suwara terbang diunekaken uga gamelane Barong ya wis di tabuh pertandha arak-arakan melaku melibengi desa.
Jaran Kencak hang rungu suwarane Terbang Kuntul sakkal njuged hang dideleng kaya jaran iku melaku serendengan ngiwa-nengen. Hang nunggang padha cekelan nyang wesi kaya setir ring ndhuwure boyoke jaran hang wis disiyapaken.
Melakune Jaran Kencak iku mesthi ana hang ngancani ring mburine ambi nyekeli tali hang wis dipuket nong cangkeme jarane makene hing kari anter utawa edheng dhung melaku madhani ambi lakune arak-arakan.
Kadhung arak-arakan hang wis mari puter kayun, jarane padha dingemposaken lan diweni ngombe aju hiyasane padha dicoploki kabeh. Kadhang ana hang digeningaken bain langsung digawa mulih.
Jaran Kencak sampek saiki terus dadi dhemenane uwong-uwong hang padha milu ngeramekaken arak-arakan. Paran maning ring desanisun dhewek, tepak pageblug korona wis rada suda uga idin arak-arakan wis diulihaken. Dulur, kanca, lan tangga padha galapan daptar nyang tuan rumah hang arep nyunati anake. Hang biyasahe jaran ring arak-arakan hing sampek 10 jaran tepak mari pageblug korona iki saya akeh, bisa lebih teka 20 jaran.
Muga tradhisi Jaran Kencak iki tetep lestari. Dhung nulih Jaran Kencak kadhang ngengetaken nyang jamanisun sunat bengen. Paran maning ring kanca-kanca jaman cilikisun, akeh-akehe tau ngerasakaken nunggang Jaran Kencak. Dhung magih mung nunggang ping sepisan bain magih ulih gacahan utawa camahan teka kanca-kancane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor