Jaran Ucul, Ngemu Karep Perjuwangan (Bagian 1 teka 2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 11 September 2024 09:28 WIB)
- Opini
"Jaran Ucul” Gendhing Using Ngemu Karep Perjuwangan
Anggitane: Elvin Hendratha
Kawitan unen-unen “Jaran Ucul” dimecungulaken, wong hang dhemen tabuhan lan gendhing Banyuwangi padha kaju. Pilihan ujar hang nakal lan nggudha kuping noring njerone gendhing hang endah iku, mangkat rame dadi omongan. Ambi sagah para sopir rame-rame nggawe tulisan ring mburi montore “Jaran Ucul.” Malah ruwahe Pomo Martadi (wartawan lan uga seniman) nyeja nggawe kelompok melaku isuk hang aran “Jaran Ucul.” Asile, anggota kelompok hang akeh teka wartawan Banyuwangi nakokaken paran artine iku? Pomo ambi munyik njawab enteng: “Weruh tah Sira, Rika lare, kadhung Mahawan hang nulis lirik gendhing iku uga wartawan?”
Seminggu sakuwise marekaken gendhing anggitane, Mahawan dibisiki ambi ruwahe BS. Noerdian: “Gendhinge awak dhewek Jaran Ucul iki, mesthi engko mbeledhos lan kondhang ring masarakat,” gedigu ujare BS. Noerdian hang nganggit gendhinge. Ramalane BS. Noerdian iki dadi kasunyatan. Jaran Ucul dadi gendhing hang paling disenengi jaman semono, sampek seperene. Anjrahe sampek merambat ring njabane Banyuwangi, malah sampek nembus jenis tabuhan liyane, merambat dawa menthang wayah. Malah unen-unen “Jaran Ucul” nyerambahi penganggit gendhing-gendhing sampek saiki.
“Jarane wis kadhung ucul!” Acak damakena uga gendhing-gendhing anyar taun 2018 hang judhule niru emeh padha ambi “Jaran Ucul”, katon adoh kewela-wela arti lan pesen hang kebungkus ring njerone gendhing mau.
Sing gampang diweruhi artine gendhing iki hang nyimpen rahasiya hang durung kewiyak, ngelairakan macem-macem tapsir para wong-wong hang dadi penikmate. Katone pesene nyeja disengidakaken ring walike pilihan ujar “konotasi” (makna rangkep), nyengidakaken rasa susah lan kelara dibungkus apik ambi gendhing temata hang nggambaraken rasa girang. Melaku bareng wektu sing bisa ales hang nggawe lirik, uwah miloni lakune jaman. Malah sing weruh wujud aseline : “Jaran-ne.” Mencar adoh teka sewijine gurit Using hang endah dianggit Mahawan.
Jaran Ucul yaiku gendhing Banyuwangi hang dianggit Bs. Noerdian lan Mahawan hang nganggit lirike kira-kira taun 1976an. Rekaman kaset kawitan ditembangaken Siti Maswah, ambi hang nata tabuhan angklung ruwahe Soetedjo Hadi.
Gendhing iki dikawiti ambi unek nakal nggudha kuping, hang uga dadi judhul gendhing. Dikawiti ringkikane jaran ngumbara, aju dipungkasi kangene anak rabi hang nggawe terenyuh.
Sakliyane nduweni ‘komposisi’ gendhing hang seru apike, gendhing Jaran Ucul iki uga nduweni lirik hang kuwat lan bisa nyihir hang ngerungokaken. Masiya sing gampang nangkep pesen hang dikarepaken penganggit, naming sak using-usinge katon ana pilihan ujar lirik hang ngiringi noring jero nduweni karep hang padha. “Ana pesen hang sengidan lan kepingin diomongaken utawa diberakaken.” Wayah BS Noerdian ditakoni dulure, masalah makna hang maneka-rupa bab gendhing Jaran Ucul: “Sir, Jaran Ucul iki karepe kelendi?” Ambi munyik dijawab: “Lhah, sing weruh Isun, takokena nang Mahawan!”
Tulisan iki mula diseja ngajak ngurut melebu gapura njerone mburitan hang dadi laku ning gawe lirik gendhing Jaran Ucul, supaya ketemu nyang pesen saktemene. Muputi noring pikiran, supaya sing ngowos dadi salah tapsir noring pesen suci hang dikarepaken penganggit.
Cerita Ring Walike Nganggit Gendhing Jaran Ucul
Oret-oretan cilik ring buku cathetan wayang ring ngisor wit waru, ambi meneng ngawang segara Selat Bali teka Pesisir Boom, ndadekaken karya gurit hang diweni judhul: Jaran Ucul. Ambi telikas Mahawan nemoni kancane BS.Noerdian, aju ngelungaken kertas ketikan kebelatan karyane iku, kang didadekaken gendhing. Teka sak lembar kertas gurit Using iku, Bs. Noerdian ngerekadaya mbantu nangkep karepe kancane noring tatanan notasi gendhing. Asile ring njabane pengira-ira, sewijine gendhing hang bisa dinikmati sampek seperene. Jaran Ucul sing terima ditembangaken wong-wong Banyuwangi, malah emeh kabeh campur sari meneng-meneng ndadekaken salah sijine “gendhing wajib” noring pentase.
Jaran Ucul iku saktemene gurit Using hang digendhingaken. Mahawan mula nduweni keahlian nganggit Gurit Using, gurit-gurit hang ditulis Mahawan seru apike. Seru pahame, noring taun 1976, gurit anggitane Mahawan hang judule “Dhedhali Putih (Kanggo Mbok Sritanjung)” menang lomba nulis gurit Using hang dianakaken tepak dina dadi VII Radio Khusus Pemerintah Daerah (RKPD)“Suara Blambangan.” Menange Mahawan mau nyisihaken aran-aran gedhe seniman lan penyair Banyuwangi, kaya Slamet Utomo. Iki keputusan angel kanggone juri jaman semono. Engkel-engkelan lan adu penemu mau dipungkasi, kadhung anggitane Mahawan iku ana terobosan nganyari gurit Using noring njerone sastra Banyuwangi. Ya gedigu iku Mahawan.
Mbahas lirik gendhing Jaran Ucul, sing ulih pedhot teka kaitane ambi mburitane kelendi bengen nganggite. Paran hang dadi mburitane pengarepan ring njerone pikiran penulis, hang bisa nggambaraken urip lan penguripane penulis? Pecahan-pecahan melakune lakon urip batin lan kahanan njero atine, kecathet jelas noring njerone pikiran, gemulak kanggo diunting dadi siji karya hang apik.
(ana sambungane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Elvin Hendratha
Editor: Hani Z. Noor