Jenang Sura
Arlita Asjkari (dipublikasikan pada Sabtu, 05 September 2020 06:59 WIB)
- Kuliner
Ulane kadhung penanggalan Jawa magih kelebu Sura. Biyasahe ring kawitane ulan wong-wong padha ater-ateran jenang Sura. Kelendi olahe?
Sak piring jenang suro iki akeh wernane, yaiku: jenang, jangan kare, bergedel, tempe kecap, dadar endhog, kacang goreng, seladri, lobok jawa lan bawang goreng. Iki resepe:
1. JENANG
Bahane :
Beras seperapat kilo dipucusi rijig
Banyu 2,5 liter
Santen 65 ml (bisa nganggo santen kothak)
Sere sak ler digejah
Jae sak ros jempol digejah
Bawang putih sak siyung digejah
Uyah sak sendhok teh
Carane olah :
1.Banyu digodhok ring panci sampek gemulak aju berase dicemplungaken.
2. Tambahana bahan-bahan liyane.
3. Diolah sampek lepah ambi aja lali digaluh makene sing ngendhal ring ngisor.
4. Sekirane banyune wis asat naming jenange durung lepah tambahana banyu sak cukupe.
2.Jangan Kare
Bahane :
Pitik 1/2 kilo, ditugel dadi 6-7 digoreng setengah mateng.
Tahuk limang iji ditugel dadi loro digoreng setengah mateng.
Santen encer 500 ml.
Santen kenthel 500 ml.
Sere rong ler
Laos sak ros jempol digejah
Godhong salam rong lembar
Godhong jeruk telung lembar
Ragi digerus alus:
Bawang putih twlung siyung
Bawang abang pitung bungkul
Lobok Jawa rong iji, ketumbar sak sendhok teh
Jae sak ros jempol
Laos ak ros jempol
Kunir rong ros jempol
Uyah, gula, kaldu bubuk sak cukupe
Lenga rong sendhok dienggo nggerengseng
Carane Olah :
1.Ragi alus, sere, laos, godhong salam, godhong jeruk digerengseng sampek arum, aju ditambahi santen encer. Geningena sampek gemulak.
2. Ditambah pitik-tahok goreng genengno 10 menitan sampek ragine ngeresep aju ditambahi santen kenthel.
3. Aja lali nggaluh makene santene sing pecah.
4. Ditiliki kurang paran rasane. Sekirane kurang asin ya tambahana uyahe.
3. Bergedel Kenthang
Bahane:
Kwnthang setengah kilo digoreng
Selwdri sak ler
Endhog siji dikopyok
Ragi digerus:
Bawang abang telung bungkul digoreng setengah mateng
Bawang putih rong siyung digoreng setengah mateng
Merica setengah sendhok teh
Pala setengah sendhok pala
Uyah, kaldu bubuk sak cukupe
Carane Olah:
1.Kenthang goreng digerus.
2. Ditambah ragi alus, irisan seladri diuled sampek rata aju dibunder-bunderi.
3.Dicelupaken ring kopyokan endhog aju digoreng garing.
4. TEMPE KECAP
Bahane:
Tempe sak lonjor diiris-iris
Bawang abang telung bungkul dirajang
Rong siyung bawang putih
Sere sak ler dirajang
Ketumbar setengah sendhok
Uyah setengah sendhok teh
Kaldu bubuk setengah swndhok twh
Kecap telung sendhok mangan
Lenga rong sendhok dienggo nggerengseng
Carane Olah:
1.Tempe digoreng garing.
2. Bawang abang, bawang putih, ketumbar, sere digerengseng sampek arum.
3. Ditambah kecap manis digaluh sampek kecape muruh/mumpruh aju lebokena tempe gorenge.
4. Ditambah uyah, kaldu bubuk digaluh rata.
Dienggo jangkepane:
1.Dadar endhog digulung diiris tipis.
2.Seladri dipethiki.
3.Lobok jawa diiris miring.
4.Kacang goreng.
5.Bawang goreng.
Wis jangkep kari olahe, lan milu nguri-uri tinggalane embah buyut.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.