Jenggirat Maning Basa Using ring Pementasan Macaan Pacul Gowang
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 29 Oktober 2021 07:25 WIB)
- Opini
Pitung grup Macaan Pacul Gowang hang wis ndaptar lan sanggup milu nyang pementasan iki nyatane sing mung abang-abang lambe. Kebukti ring bengi iku tanggal 27 Oktober 2021 hang dinane diepasaken ambi peringatan Sumpah Pemuda, lare-lare milenial main seru tegese. Pitung grup katon sagah nganggo kelambi kelar-kelir hang dipadakaken ambi tema main nong panggung cilik pelataran Dinas Pariwisata Banyuwangi. Pitung grup hang milu ana ring pestival iku antarane bain Kakeen Gaya teka Kemiren Glagah, Loro Pikir Rogojampi, Cakrak Ungkal teka Cluring , Mbah Gandrung Singojuruh, JEB (Jiwa Etnik Blambangan) Singojuruh , lan Spensaba Mileneal teka SMPN 1 Banyuwangi siji-jijine peserta hang nggawa aran sekolahan dudu aran sanggar utawa komunitas kesenian.
Kawitane lare-lare nom-noman iki milu kegiyatan pelatiyan hang digagas ambi Badan Bahasa Kementerian Pendidikan Kebudayaan Riset Teknologi RI hang disokong ambi DKB (Dewan kesenian Blambangan) lan SKB (Sengker kuwung Belambangan). Sakwise milu pelatihan Revitalisasi Sastra Lisan Macaan Pacul Gowang sak ulan kepungkur lare-lare nom-noman iku mau aju mulih balik maning nyang komunitase sakperlu nyepakaken pementasane.
Kawitane Panitia Pementasan Revitasisai Pacul Gowang iku uga kuwatir nyang persiyapane lare-lare hang ana ring sanggar utawa komunitase dhewek-dhewek iki. Mula iku Panitia nganakaken kegiyatan tinjau lapangan nyang sanggar lan komunitase peserta hang mari pelatiyan kanggo mastekaken kelayakan tampil lan kesiyapane peserta.
Panitia Pementasan Revitalisasi terus milu lega serta wis ana pitung grup hang sanggup lan duwe kelayakan tampil ana ring pementasan tanggal 27 Oktober iku.
Tampil kawitan kelawan nomer penampilan 01 yaiku Cakrak Ungkal, Grup teka Cluring. Grup hang duwe kekuwatan hang apik ring badhut lan pertunjukane mbukak pementasan. Kadhung ngomongaken bab timpalan omong usinge, aja ditakoni grup hang dikomendani Andi teka Jelaring Cluring iki.
Magih kaya biyasahe Andi hang ana ring tengahan dikuwati ambi Alif, Rafli, Restu lan Niam ana ring pinggiran katon dung wis pengalaman ana ring panggung. Usingane katon deles lan lanyah.
Tampil ana ring penampilan 02 grup Macaan Spensaba Mileneal. Grup iki anggotane paling cilik-cilik lan paling enom merga kabeh magih sekolah ana ring SMPN 1 Banyuwangi.
Naming grup iki cilik-cilik lobok litik masiya magih cilik naming sing keneng dienthengaken. Saksuwene manggung sing keneng diitung penonton keplok merga kaju nyang basanan lan laikan Banyuwangenan hang digawa. Pertunjukane katon seger merga laikan-laikan lan basanane gawenan anyar. Rasane kaya nak jenggirat maning Macaan Pacul Gowang iki merga ana lare-lare nom-noman hang kaya gediki wis bisa tampil ana ring Macaan Pacul Gowang. Iki saktemene hang diarani grup mileneal temenan.
Sakteruse ana ring penampilan 03 yaiku grup teka Singojuruh hang aran Macaan JEB (Jiwa Etnik blambangan). Grup hang nganggo kelambi putih-putih iki nggawa cerita lare sekolah hang duwe gegayuhan hang dhuwur.
Tohir hang dadi kommendane Macaan iki katon nduduhaken kemampuawane hang kuwat ana ring panggung. Paran maning ditambah ambi Afis, Adit lan Egy hang ana ring pinggiran katon setel lan sagah nggawa laikan lan basanane. Mawar salah sijine sinden uga milu ana ring pinggiran nguwati grup iki. Sakat magih ana ring pelatihan sabane grup iki mula salah sijine grup hang diperitungaken bakal bisa menang.
Penampilan nomer 04 sakteruse main. Grup hang dikomendani Sukro iki katon tambah kuwat merga dikuwati ambi Menthik salah sijine dhagelan Banyuwangi hang wis kesuwur. Menthik kuwat ana ring laikane hang nggawa ciri laikan Macaan aseli hang sing bisa digawa grup-grup liya. Paran maning ditambah ambi Tina sinden Banyuwangi nom-noman hang saiki mangkat moncer iki.
Grup macaan iki arane Gandrung Arum hang teka Cluring. Kadhung urusan ndhagel pancen grup iki juwarane naming kerana iki dudu lomba dhagelan grup iki pungkase nguwati ana ring basanan-basanan anyar hang enak dirungokaken lan nyambung ambi temane.
Penampilan sakteruse 05 yaiku aran grup Kakeen Gaya. Grup hang dikomendani ambi Jorghi hang teka desa Kemiren iki dikuwati ambi Dio uga Ilham salah sijine pegiyat Macaan Lontar. Jorghi hang ana ring tengahan nyatane nggawa lakon dhemenan iki mari-mari pinter nggawa penonton hang wis mulai mangkat ngantuk. Nomer penampilan 05 lan sakteruse pancen melebu ring wayah mangkat dalu merga akeh peserta hang sakdurunge ngeliwati pager waktu hang wis ditetepaken panitia.
Naming masiya wis melebu nyang mangkat dalu Jorghi aju ngadeg njuget jugetan Badhut Macaan lan nggawe penonton lan juri dhemen. Jugetane Jorghi ngengetaken penonton nyang Pak Misran Watukebo salah sijine legendaris macaan pacul gowang.
Paran maning ana ring tengahe lakon metu aran perawan loro adik embok hang njaluk pertanggungjawaban dilakonaken ambi Samsul lan Jaka hang dikawiti ambi tantang-tantangan pencak. Penonton kepingkel lali nyang ngantuke. Tibane hang wadon pencake menang.
Sakteruse penampilan nomer 06 Mbah Gandrung teka Singojuruh. Mbah Gandrung dikomendani Alfian hang wis biyasah main ana ring tabuhan. Mbah Gandrung hang dikuwati ambi Rizal, Agil lan Pur Young uga Tohari hang ana ring pinggiran. Penonton sing entek kemekelen merga pintere grup iki ngolah kancane dadi barang ewer-eweran.
Mbah Gandrung uga nggawa cerita dhemenan magih sekolah iki enak ring usingane. Basanane uga katon delese. Sing salah kadhung grup-grup teka Banyuwangi tengahan iki kuwat ana ring lagu lan logat gaya Rogojampi-an.
Penampilan pungkasan nomer penampilan 07 hang aran grup Loro Pikir. Grup asal teka Rogojampi hang dikomendani Ryan iki nggawa lakon Lare Sekolah iki katon enak dirungokaken paran maning dikuwati ambi Cak Gothang hang biyasah main ana ring panggung ndhagel. Bagas, Iqbal lan Cintya uga ana ring pinggiran. Grup iki Usingan tengahane katon teges.
Grup hang pungkasan iki tetep gawe penonton betah nganteni masiya mangkat ana ring tengahe dalu. Mestine pementasan hang gediki iki kudu disiplin ana ring waktu makene sing kebablasan yang waktune penampilan. Merga bisa ngerugekaken hang ulih penampilan pungkas. Kabeh penampil rata-rata nabrak nyang watesan waktu yaiku paling dawa ana ring 25 menit.
Muga-muga bain kadhung ana pementasan hang gediki durasi waktu bisa dadi uger-uger hang trep lan ditegasi nyang para peserta makene sing ngelantur nyang hang sing-sing. Uga apike, merga mengarepe dikarepaken didhemeni lalare nom-noman, dhagelan slapstick hang keseron, kaya nempak endhase kancane sampek kancane kejungkel bisa diilangi. Kapanane tepak Pelatihan, nggeprak endhase kancane nganggo jajang bain wis kudune disuda.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.