Jenggirate Belambangan Nuju Banyuwangi Saiki (Bagiyan 1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 Mei 2025 09:16 WIB)
- Opini



JENGGIRATE BELAMBANGAN NUJU BANYUWANGI SAIKI
Hasan Sentot
 
Waktu jamane Bupati Banyuwangi Kang Samsul Hadi, ana unen-unen (tagline): “Banyuwangi Jenggirat Tangi”. Mesthi akeh hang takon, sapa hang nggawe lan nemokaken unen-unen iku? Temakaken ring gendhing “Padha Nginang” hang dianggit ruwahe Endro Wilis aliyas J. Elman aliyas Pak Busairi hang uga nganggit gendhing “Ulan Andhung-andhung”, sedurunge tahun 1965-an wis ana unen-unen mauka.
Gendhing “Padha Nginang” iki nyeritakaken Perang Puputan Bayu, aju sakteruse teka perang iku hang dijumput tekade kanggo nemtokaken dina laire Kabupaten Banyuwangi. Pak Endro Wilis hang uga tau dadi perajurit, gabung ring Pasukan Bajul Buntung (Bengen kompine manggon ring Sukowidi), seru apale ngeja istilah-istilah perang lan mbakar tekade uwong-uwong Belambangan saiki.
Penganggit hang mula dhemen nyang sejarah, uga dhuweg nganggo Basa Inggris. Mangkane, gendhing-gendhing asil karyane uga akeh ulihe maca teka buku-buku hang nyeritakaken Belambangan jaman bengen. Aju diramu ambi buku-buku lawas, Babad Tawangalun hang njelentrehaken Perang Puputan Bayu. Apuwa gok diarani Perang Puputan Bayu? Jare ruwahe Pak Hasan Ali, “puputan” iku artine entek-entekan. Bayu iku aran panggonan hang saiki melebu Kecamatan Songgon. Bengen ring kana, panggon jumenenge Prabu Tawangalun lan keluwargane serta peneruse.
Kadhung rika kabeh kepingin weruh kelendi sejatine Perang Puputan Bayu, bisa ngeja teka gendhing iki mulai kawitan sampek pungkasan. Kadhung kepingin jelentrehane hang ‘objektif’, ya kudu maca dhewek Babad Tawangalun lan buku sejarah liyane. Merga Pak Endro Wilis kepingin ngangkat kedadeyan Perang Puputan Bayu mau kanggo ngurubi tekad rakyat Belambangan lan wong Banyuwangi saiki, mesthi bain dipilih hang apik-apik, gena keneng dienggo tuladha.
Ukara ‘Dalem Puger’, ‘VOC’, ‘Kapiten Rech’, ‘Banyualit’, ‘Jagapati’, ‘Sayu Wiwit’, ‘Sayu Geringsing’ ‘Bayu’, iku ngengetaken nyang jaman Landa magih nguwasai Nusantara. Durung ana aran Indonesia, paran maning Banyuwangi. Jaman semono magih kasebut aran Belambangan. Acak simaken sulung gendhing ring ngingsor iki.


PADHA NGINANG
Padha nginang wong Belambangan nulak penjajahan
Dalem Puger nyerbu VOC Perang Puputan
Kabeh mati dadi kembange Banyualit
Kapiten Rech sing ngira ngeleg idu pait
Padha nginang saya warang rakyat Belambangan
Saya mberanang, saya murub perlawanan
Agung Wilis langsung mimpin perang gerilya
Nora mundur awak ajur ilang kubure
Aja ngira perang leren rakyat wedi, paman
Tetes getihe Agung Wilis ngobong ati
Makene Landa tambah edan nyebar pepati
Rakyat Bayu lanang wadon bela pati
Jagapati, Sayu Wiwit, Sayu Geringsing, paman
Kembange lobok pasrah nyawa wangine Bayu
Careme gendhing karang abang bumi gonjang ganjing
Saingga ludhes umah sawah dadi awu
Aja dikira rakyat leren nginang
Dhem-dhem ati mbeledhos sing tahan
Masiya udan mimis banjir rah
Bangura mati timbang nyerah
Aja dikira wis mandhek semene
Selawase wong cilik melarat uripe
Tekade ati ngungkuli rasa elom
Wong-wong Belambangan saya meromong
Aja dikira rakyat terus turu
Aja dikira rakyat mendhem candu
Buktine wawa murub ring Belambangan
Wong Belambangan gurit gujreh dubang
Wis wayahe ayo jenggirat tangi
Ngobong setan alas ring endi-endi
Kabeh kanca ayo berjuwang
Rakyat Belambangan kudu menang
Wis wayahe kembang mawar
Wis wayahe kembang mawar padha mekar
Wis wayahe Belambangan
Wis wayahe Belambangan katon rumang
Ayo kanca dadi siji
Ayo kanca dadi siji gegandhengan
Makene gelis Belambangan
Makene gelis Belambangan tentrem aman
Belambangan, Belambangan, Belambangan ..
 
Syair/Lagu : Endro Wilis/BS Noerdian
Tahun Cipta/Populer : 1960-an/.....
Intrumen Pengiring : Angklung
Produksi Rekaman :
Link : https://www.youtube.com/watch?v=SgVaNBlHcWY
 
(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Hani Z. Noor