Jenggirate Belambangan Nuju Banyuwangi Saiki (Bagiyan 3 pungkas)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 16 Mei 2025 06:07 WIB)
- Opini
JENGGIRATE BELAMBANGAN NUJU BANYUWANGI SAIKI (Bagiyan 3 pungkas)
Hasan Sentot
Ring gendhing 'Padha Nginang' iki penganggite uga nyeritakaken, kadhung rakyat Belambangan iku sing keneng dipadhakaken ambi dhaerah liyane. Landa ulih seneng lan gemampang bisa ngalahaken rakyat ring dhaerah liya. Naming ring bumi Belambangan sing bisa, rakyat malah wani lan sing duwe wedi ngadhepi kompeni, Masiya beda seru akehe tentarane lan gamane kalah modheren, naming tekad hang murub nana hang bisa ngebes. Malah ring sejarah, Landa kentekan pasukan akeh ring Perang Puputan Bayu iki, uga entek picis akeh kanggo mbandhani perang entek-entekan mauka.
Kahanan rakyat hang melarat lan sara uripe, sing arepa ditutup-tutupi ambi penganggit. Malah pengganggit bisa ngetokaken hang sengidan ring awak hang keloman mau, wani lan wani hang ndadekaken rakyat Belambangan katon meromong utawa gemilap. Tekad perang lan ngelawan, terus diurubi nang endi-endi. Sampek digambaraken ‘ngobong setan alas nang endi-endi’. Istilah-istilah iki lanyah diceritakan penganggit hang tau dadi tentara.
Masiya tah ring buku sejarah laskar Belambangan diceritakaken kalah perang ambi kompeni, naming ning gendhing mau dipungkasi ambi menang lan ndadekaken Belambangan (Banyuwangi saiki) dadi rumang. Iki bisa digawe gesah. Masiya kalah merga akeh hang mati, naming nana hang nyerah lan tetep minggat ambi nggawe kelompok-kelompok dhewek.
Mangkane aju jare ana ringkesan omong, kadhung wong Using iku ring saben desa wis beda carane ngomong. Merga bengene pecake Laskar Belambangan, lan sing gampang diiming-imingi donya rajaberana. Bangur urip melarat timbang nyerah nyang musuh hang tau mateni pimpinane, uga ngerusak dhaerahe.
Iki hang bisa dijelentrehaken teka gendhing “Padha Nginang”. Mayo kadhung ana penemu liya, embuh beda utawa kanggo nambahi, isun malah ngucap kesuwun hang akeh. Mayo bareng-bareng ngeregani asil ciptaane para penganggit bengen, hang apik keneng dijuwut kanggo tuladha. Hang ala dibuwang, lakunrika makene sing kedhungsang-dhungsang.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Hasan Sentot
Editor: Hani Z. Noor