Anggitane: Satria Pujangga
(Rabu, 18 Desember 2019 17:26 WIB)
Jeru Jithoke
Sapuwan, juragan pari hang uripe sing kurang paran-paran lungguh ring pelataran mburi umahe. Disawangi rawatan pitike hang memengan golet pangan cucuk-cucuk sak nemune. Aja takon aran akehe pitike, sampik turu-turu ring empang wit-witan sak ubenge umahe. Masiya gedigu, Sapuwan ya apal lan titen nang pitike siji-sijine. Semunu akehe pitik iku dieculaken sing ana hang dikandhang siji-sijiya.
Kadhang tanggane padha nggerunek atine mergane angger mepe gabah, jagung utawa cengkaruk mesti sing uman entek dicucuki pitike Sapuwan. Sampik liya dina, Bik Amenah ngelurug nyang umahe ambi muring-muring merga gabah hang dipepe ulihe uput-uput sing ana karine dinggo royanan ring pitike Sapuwan.
“Sapuwan, kari masaalah pitikira iku yuh. Gabah ulihisun golet sak daman-daman gemet dipangan pitikira," suwarane Bik Amenah ambi melung-melung.
“Ya marine kelendi Bik, munggone iku pitike Hun kongkon mangan gabahrika," saure Sapuwan enteng ngelik-elik ring ati.
“Ya masa gedigu Lik, iki kelendi mupakate. Gabahisun silurana!” jaluke Bik Amenah.
“Disiluri kelendi Bik, gabah entek iku salahrika. Apuwa gabah Rika pepe ring pinggir lurung taping sing Rika tunggoni," Sapuwan nyerod udude kaya sing duwe dosa.
“Gusti, gancang balesan tiyang ngoten niku," Bik Amenah ndonga ring jeru atine.
Bik Amenah metek dhadha sing bisa ngomong maning. Gancang-gancang Bik Amenah ninggalaken Sapuwan hang magih lungguh ring ngarepe lawang mburi umahe. Awake Bik Amenah katon lisuh, matane ngembung iluh kerasa-rasa nang kelakuwane Sapuwan nyang iyane.
Serngenge wis lingsir, Bik Amenah ngelepiti gelaran jabil ring pinggir lurung hang dienggo mepe gabah aju dilebokaken nang welasah. Ambi lakonan hang rada rincung, iyane melaku mulih nyang umahe ambi ngindhit welasah hang isine mung kari jabil thok.
Mari ashar, Sapuwan magih lungguh ring mburine umah. Teka ring masjid samping umahe, takmir siyar-siyar dhung emben arep dianakaken selametan ring masjid. Ring kampung Krajan angger tanggal 15 Ruwah ana selametan Nisfu Sya’ban. Angger-angger keluarga nggawe ancak lan asahan digawa nang masjid dienggo selametan.
“Kang, emben ana selametan Syakbanan. Isun njaluk pitike yah nang enggo milu selametan ngirim donga nang masjid,” suwarane mbok Sri metu teka pawon marani hang lanang.
“Aja kathik, enggo paran selametan belaka mbeleh pitik. Maning makene apuwa sih milu selametan iku," Sapuwan malah celathu nyang mbok Sri.
Maning-maning semaure Man Sapuwan sing enak dirungokaken ring kuping. Lohor mau omongane nang Bik Amenah lan soren iki nang Mbok Sri rabine dhewek. Mbok Sri gancang melebu maning nyang umahe sungkan padu nang hang lanang. Iyane aju wudu lan sembahyang asar hang wis emeh kasep entek waktune. Sing sepira suwe wis kerungu suarane kiroat magrib ring masjid sandhing umahe. Suwarane adan wis muni, wong-wong padha melaku nyang masjid arep jamaah magrib, semono uga Mbok Sri lan Man Sapuwan.
******
Isuk-isuk tanggal 14 Ruwah, wong-wong kampung padha ubret imuk nyiapaken selametan Syakbanan engko bengi malem 15 Ruwah. Tanggga-tanggane Man Sapuwan hang lanang padha nggawe ancak. Ana hang mbeleh pitik lan ngamet godhong. Wong-wong wadon padha olah-olah enggo ngesah ring acak. Man Sapuwan betah sing kathik metu teka umahe. Wis keneng dititeni kadhung ana acara selametan desa, iyane sing kathik metu mergane sungkan ditakoni tanggane milu selametan tah using.
Noring pawon, Mbok Sri nggerundeng. Iyane rumangsa isin nyang tangga-tanggane. Kabeh padha guyub milu selametan. Hang lanang sing tau gelem kadhung dijak milu kerukunan nang wong kampung. Ale rabine ya wong kecukupan sing kurang paran-paran.
Sing kuwat nyidhem rasa kepingin milu selametan, Mbok Sri ngewanekaken ngomong nyang hang lanang.
“Kang, kelendi-kelendiya Isun arep milu selametan," Mbok Sri nempuh nyang lakine.
“Halah Dhik, sing milu selametan sapa arep nguwel. Masiya milu selametan ya sing ana hang ngalem,” Man Sapuwan sing kathik ubah teka pelungguhane.
“Mula sing ana hang nguwel sing ana hang ngalem kang, taping isin nyang tangga," Mbok Sri mangkat mbantah.
“Dadi isin nyang tangga dipikiri, dane mangan nora njaluk nyang tangga belaka," seru sugale omongane Man Sapuwan.
“Dadi uwong aja kari keseron-seron apuwa Rika iku kang. Dijak selametan belaka kari methentheng sing gelem, ati paran ndane," Mbok Sri geruh-geruh melebu nyang jerumahe.
Man Sapuwan sing kathik semaur sithik-sithika. Atine athos kaya watu item sing keneng diuwah. Iyane magih ngogrok ambi ngelus-elus pitik jagone. Pitik jago belontrok iku mula pitik hang dadi kesayangane Man Sapuwan.
Abane anake tangga pada katon seneng. Lare lanang pada nyerintungi bapake hang nggawe ancak, lare wadon pada nyerintungi emake hang olah-olah ring pawon. Mbok Sri mung bisa ngerungokaken imuke tangga teka ring jeru umah. Mandaneya atine mari-mari kepingin imuk kaya tanggane padha seregep tandang arep milu selametan.
“Timbang isun ning umah kerasa-rasa dhewek, bangur Isun nang umahe emak bain wis," atine Mbok Sri mara-mara usik arep nang umahe emake.
Sing kathik pamit nyang Man Sapuwan, Mbok Sri melaku nyang umahe emake hang adohe let limang umah. Iyane melaku ambi temungkul makene sing ketara dung iyane marek nangis. Kebule welek lan ambune olah-olahan hang semebrung teka jeru pawone tangga saya ndadekaken Mbok Sri cumped atine.
“Mak, mak...” Mbok Sri celuk-celuk emake ring ngarepe lawangan hang magih tutupan.
Sing ana semaure uwong, Mbok Sri langsung bain memburi nyang pawon. Dideleng ring jeru pawon, urube geni ring bengahan katon meromong. Abete emake ngindel panci nggodhog endhog. Ring pelanca ana iwak pitik hang mari dibetheti diwadhahi irig durung dipeceli. Mbok Sri mari-mari kepingin kaya emake, angger bisa milu dung ana selametan.
“Wis sakat mau tah Sira beng?” suwarane Mbah Mayah ngagetaken mbok Sri hang ngogrok ring ngarepe bengahan.
“Using Mak, buru bain Isun gadug. Celuk-celuk teka ngarep sing ana uwong, Isun langsung bain melebu nyang pawon,” mbok Sri ngadeg ambi ngedunaken asah-asahan hang disuwun Mbah Mayah.
“Apuwa matanira gok kaya wong mari nangis iku Beng? Mari tukar ambi Sapuwan tah Sira?” Mbah Mayah nulih rupane anake.
Mbok Sri sing nyauri pitakone emake. Dicandak timba hang isi asah-asahan aju ditap nang nduwure pelanca pawon. Lumur lan aren dikureb-kurebaken nang pelanca makene tus banyune. Ring duwur bengahan suwaane gemulake banyu ring dandang wis saya nganter-nganteraken.
“Mak, endhoge paling wis mateng. Sun entas ya?" Mbok Sri melaku nang bengahan aju njunjung dandang hang dienggo ngulub endhog.
“Iya Beng, entenana adhem sulung aju kencetana wadhahana kene," Mbah Mayah ngelungaken panci cilik nyang Mbok Sri.
“Iya Mak.” Mbok Sri nampani panci cilik hang dielungaken emake.
Mbah Mayah aju njuwut ragi ring jeru lemari digawa nyang pawon. Mbok Sri nugeli pitik hang mari dibubuti wulune lan dirijigi ring Kik Saman. Wong loro padha imuk ring jeru pawon nyiyapaken olah-olahan enggo selametan engko bengi. Kik Saman sing ana kelebete. Iyane mari mbeleh lan ngerijigi pitik terus metu.
“Kari akeh Rika mbeleh pitik Mak? Maning kari gedhi-gedhi yak," Mbok Sri nyelethuk takon nyang emake.
“Eh iya Beng mula nyeja mbeleh telu. Emak siji, Sira siji lan adhinira ya siji," Mbah Mayah njelasaken nyang anake.
“Yaiku ya Mak, Kang Sapuwan sing kathik gelem sun jaluki pitik nggo milu selametan. Kari keseron-seron ika kumede," Mbok Sri wadul ambi ngirisi daginge pitik.
“Dhasare lakinira mula jeru jithoke medhit walaiti. Isun sing kaget wis nyang pethithete lakinira iku Beng,” suwarane Mbah Mayah ambi setengah celathu.
“Wis Mak, Isun kesel lara ati nyang Kang Sapuwan iku. Karepe dhewek sing keneng diwarah. Padha bain ngomong ambi watu koh, sing dire’es,” Mbok Sri ngomongaken lakine.
Ambi nggesahaken Sapuwan, wong keloron terus tandang ring pawon. Mari ngirisi daging pitik, Mbok Sri aju nyandak endhog hang durung dikenceti. Mbah Mayah iris-iris ragi aju digerus ring cuwek watu.
Sampik ngarepaken bedhug, Kik Saman durung ana njumbul. Hang tandang ring pawon wis meh mari. Iwak lan jangan wis padha mateng kari segane durung diedang. Iwak hang wis mateng aju dicepak-cepakaken ring wadah didum telu.
“Bapak nyang endi Mak? Sakat mau sing ana katon.” Mbok Sri mara nyang emake aju lungguh ring sandhinge.
“Nyang kebonan ngamet godhong ambi nggawe ancak," Mbah Mayah nyurud kayu ring bengahan makene sing kari barak urube.
Pawon sepi, wong loro mara-mara sing ana gesahe. Hang ana mung suwarane kemerengsenge banyu hang diindel ring dandang. Weleke bengahan campur ambune panganan uleng-ulengan ngebeki pawon. Ring jaba pawon abene kukuruyuke pitik nduduhaken dung wayah wis kira-kira jam loro raina.
“Dhik... Dhik... Dhik...”
Suwarane Man Saman celuk-celuk Mbah Mayah teka latar mburine pawon. Abete Man Saman buru mulih teka kebonan ambi mikul godhong lan acak ring pundhake. Mbok Sri gancang-gancang mara nyang bapake ngedunaken pikulan hang ana ring pundhake Man Saman. Godhong ambi ancak digawa melebu nyang jeru pawon.
Mbah Mayah metu ambi nggawa kendhi lan lumur. Banyu diilingaken teka kendhi aju diwakaken Man Saman hang abete katon wis mesasaten. Ketangana panase kariya gedigi, langit sing katon ana megane blas. Agage Man Saman ngombe banyu ring lumur hang digawakaken rabine. Sak lumur durung cukup ngepusi asate gorokane Man Saman hang ambekane hang rada kempis-kempis mari melaku. Maklum bain umure wis tuwek. Tenagane magih jaya mung kalah napas.
“Maning Dhik," Man Saman ngelungaken lumur.
Mbah Mayah ngilingaken maning banyu kendhi nyang lumur hang dicekel man Saman. Wong keloron durung melebu nyang umah. Kik Saman ngusapi keringet hang mili ning bathuk lan pipine nganggo tangane hang kiwa. Mbah Mayah nyelekaken kendhine aju ngiliri awake Man Saman hang magih adus keringet.
“Kari gedigi panas iki Dhik, nyelenget temenanan rasane ring bumbunan," sambate Kik Saman ambi nguthak kelambine.
“Yaiku ya kang, paran maning Isun hang tandang ring jeru pawon sing seru nyelanguba. Rasane kaya ring jeru openan koh," Mbah Mayah nimpali.
“Ring jeru iku sapa Dhik, Sri tah Konah?” Kik Saman takon nyang hang wadon ambi nyangsangaken kelambine ring sangsangan jajang.
“Sapa maning Kang. Sri sakat kisuk mau wis merene, jare ring umahe sing betah ruwed thok ambi Sapuwan,” Mbah Mayah nyeritani hang lanang.
“Perasanisun ruwed thok lare loro iku yah. Mau ruwed merga paran jare Dhik?” takone Kik Saman.
“Embuh wis Kang, sing keneng diomongaken. Sampik wegah Isun ngerasakaken.”
Mbah Mayah melebu maning nyang pawon ninggalaken Kik Saman hang magih lungguh ring mburine umah. Keringet magih durung asat, selangube panase serngenge wis mangkat suda. Sing kerasa, kik Saman kesirep ambi lungguh semende ring temboke umah. Kik Saman ngelempuh temenan, keneng silire angin bain wis kesirep nana ubahe.
Mbah Mayah ambi mbok Sri hang tandang ring pawon abete ya wis mari. Mbok Sri pamit mulih nyang emake ambi nggawa acak lan olah-olahan hang mari didum telu enggo ngesah selametan ring masjid engko bengi.
*****
Ngarepan magrib, mbok Sri mangkat ngesah nyang jeru ancak. Sega lan iwak ditap ring ancak. Atine Mbok Sri katon lega, dina iki iyane kelaksan milu selametan Syakbanan ring masjid masiya tah ulih diwani wong tuweke. Sak usinge rasa isin nyang tangga bisa ditambani mergane dina iki wis bisa milu guyub selametan kampung.
Sapuwan sing wani mara nyang rabine, mung disawangi bain Mbok Sri hang nggawe asahan ring pelanca bale. Iyane lungguh ring kursi ambi nyerod udud kereteke hang wis meh kari separo. Matane sing mandheg-mandheg nulihi asahan hang digawe ring Mbok Sri. Pantese seru katon enake asahan ring ancak iku. Iwak pitik mula duyanane, paran maning diragi abang hang pedhes.
Sapuwan ambi Mbok Sri katon kaya wong satru. Sakat mau sing kathik ana suwarane gesah. Sing ana omongan hang kewetu ring antarane wong keloron iku. Mbok Sri magih bangkel lan ngersula nyang lakine. Sakat teka umahe Kik Saman, Mbok Sri sing gelem ngomong nyang lakine. Atine magih medhedheg nyang kelakowane Sapuwan nyang iyane.
“Kai asahane wis mari. Engko gawanen nyang masjid," Mbok Sri ndeleh asahan noring dhuwur meja ring ngarepe Sapuwan lungguh. Sing kathik ngomong maning, Mbok Sri aju melebu nyang jeru pawon.
“Umpama asahan iki sing kathik digawa nyang masjid kelendi? Dipangan dewek bain ring umah, eman-eman kadhung dipangan uwong,” Sapuwan nawa nyang paran hang dikongkonaken rabine. Iyane kabotan kadhung asahan iku digawa nyang masjid dienggo selametan kampung.
“Kari juwari Rika Kang, ngomong sukur melendhong," Mbok Sri semaur teka jeru pawon.
Durung ilang bangkel ring atine mbok Sri, iki wis ditambahi maning. Manggan-manggane Sapuwan mula jeru jithoke. Diajak selametan belaka sing gelem cicir bandha. Malah-malah terima dikongkon nggawa asahan bain sing gelem. Keneng-kenenga asahan hang sing milu bandha iku aja sampik dipangan wong liya. Pikire kari enak digawa nyang masjid yara dipangan wong liya, banguran dipangan dewek bain.
“Kelendi iki Dhik, paca digawa nyang masjid asahan iki?” Sapuwan takon nyang rabine. Abete Sapuwan magih mamang arep nggawa asahan ring ancak iku nyang masjid. Dicekeli ancak ring ngarepe. Arep ngadeg kaya aras-arasen lan sing rida.
“Masaalah kang. Ambek-ambekaneya wong melid indane," Mbok Sri nyerecet ambi metu teka pawon. Diparani lakine hang magih durung ngadeg teka kursine. Ancak ring dhuwur meja iku dicandhak maning aju disuwun.
“Makene wis nak Hun teraken dhewek ancak iki nyang masjid. Duwe laki kari nemen ika yah.” Mbok Sri ambi geregeten ngincling metu teka bale umah arep melaku nyang masjid nggawa ancak.
“Mandhega Dhik! Isun bain hang nggawa ancake nyang masjid.” Sapuwan melung ngendhegaken lakune mbok Sri hang wis ulih sepuluh jangkahan. Agage Sapuwan metu nututi rabine hang magih ana ring jerune pelataran ngarep umahe.
“Endi Dhik Isun bain hang nggawa. Isun isin ditulih tangga kadhung melaku tayongan tangan nyang masjid.” Diedhunaken ancak ring suwunane Mbok Sri dipikul ring pundhake.
“Yee, magih duwe isin rainrika iku Kang?” cangkeme mbok Sri cemelot ngerahi nyang Sapuwan.
Sapuwan mung meringis bain rungu omongan rabine hang rada nyelenget iku. Iyane njangkah melaku nyang masjid mikul ancak ring pundhake. Mbok Sri thingel-thingel ambi nyawang lakine hang melaku nyang masjid.
Ring lurung tangga-tangga lan lare cilik akeh hang liwat melaku nyang masjid padha mikul ancak. Mbok Sri agage melebu nyang umah lan ngancing lawange. Suwarane adan magrib wis kerungu teka sepekere masjid nyeluki uwong-uwong hang arep ngelakoni sembayang magrib lan selametan Syakbanan.
*****
Gadhug ngarepe masjid, Sapuwan wis dipapag lare-lare enom hang bagiyan ngurusi ancak selametan. Ancak-ancak hang digawa wong kampung padha diwakaken lare-lare mau aju dikelumpukaken dietap ring panggonane. Sing kelalen ancak hang digawa Sapuwan ya dijaluk ambi lare-lare.
“Endi Man ancake Isun gawa melebu,” abane Amsar ngelungaken tangane njaluk ancak hang digawa Sapuwan.
Sapuwan sing ana semaure. Iyane meceger nang ngarepe Amsar hang nganteni ancak ring pundhake arep digawa melebu. Sapuwan kaya wong kepikiran, sampik sing ngerungakaken penjaluke Amsar. Magih dicekeli bain ancak hang ana ring pundhake lan sing gelem nguwakaken nyang Amsar. Rasane kari abot arep ngedhunaken ancak iku.
“Man, ancake endi nak Sun gawa melebu.” Amsar mbaleni omongane ambi tangane nyandhak ancak ring pundake Sapuwan.
“Eh iya Lik, taping engko ancakisun dhewekena ya aja dicampur ambi liyane," Sapuwan ngeculaken cekelan ring ancake.
“Apuwa Man?” Amsar heran nyang penjaluke Sapuwan dhung ancake kon ndhewekaken. Bida ambi uwong-uwong liyane, kadhung ancak wis gadug nyang masjid ya wis paran jare hang bagiyan ngurusi ancak.
“Engko ancak iki uwakena Isun maning, aja dioper ambi ancak liyane polae iwake duyananisun," sing kathik isin-isin Sapuwan ngomongaken karepe nyang Amsar.
Amsar langsung bain melaku nggawa ancak nyang panggonane, sing kathik nyauri omongane Sapuwan. Ring jeru masjid uwong-uwong wis padha lungguh jejer ngenteni mangkat sembayang maghrib.
Mari ndeleh ancake Man Sapuan, Amsar mara nyang Juned hang ngancani ngatur ancak ring masjid.
“Ned, Sira weruh yara Man Sapuwan?" Amsar takon nyang Juned.
“Uwong hang jithoke jeru, kuncir, kumed, medhit walaiti iku?" saure Juned.
“Iki mau nggawa ancak, taping dikongkon ndhewekaken yah, jare engko nak digawa mulih maning.”
“Apuwa?” Juned kaget.
“Jare polane iwake akeh duyanane iyane," Amsar nerusaken.
“Kari keseron wong siji iku yuh.” abane Juned.
Wong sak kampung wis apal nyang lagute Sapuwan kelendi. Masiya sugih taping melide sing ketulungan. Sing tau-tauwa milu selametan, gelem milu taping ancake kudu diwakaken nyang iyane maning.
“Kelendi Cok, kadhung man Sapuwan digarap?” ajake Amsar.
“Digarap kelendi kareprika?”
“Kelendi kadhung ancake Man Sapuwan mau, isine disiluri pasir ambi tugelan bata. Kan jare arep digawa mulih maning," abane Amsar nyang Sapuwan.
“Cocog iku wih," saure Juned ambi cekikikan.
Amsar njuwut ancake Man Sapuwan aju digawa nyang panggonane. Juned metu golet pasir ambi bata dienggo ngisi ancake Man Sapuwan. Sing suwe, Amsar ambi Juned mangkat ngoperi isine asahan ancake Man Sapuwan nganggo pasir lan bata.
Wayah wis isak, acara maca Surat Yasin ping telu wis mari. Ustad Muji mangkat maca donga Nisfu Syakban aju direrusaken sembayang isak. Mari sembayang, lare-lare cilik lan uwong-uwong pada lungguh jejee ring serambi masjid ngenteni ancak diedhumaken. Man Sapuwan sing ngalih teka panggonan sembayange ambi api-api nutugaken wiridan.
Uwong-uwong ring jero masjid wis entek pada ngalih nyang serambi. Kari mung Man Sapuwan dhewek hang magih ring jero. Amsar, Juned lan kanca liyane mangkat ngedumaken ancak ring serambi. Pungkasan nguwakaken ancak nyang Man Sapuwan hang nganteni ring jeru masjid.
“Iki Man ancak rika mau, gawanen mulih wis," kongkone Amsar.
“Kesuwun Lik," ditampani ancak hang dielungaken ring Amsar.
“Iya Man padha-padha,” saure Amsar entheng.
“Gok rada abot ancakisun iki Lik?"
“Iya Man, mari Sun tambahi maning isine ancakrika iku," jare Amsar sing kathik gemuyu.
Sing ngomong maning, Man Sapuwan nyuwun ancak metu teka masjid. Atine seru senenge nggawa mulih ancak selametan. Atine sing serantan kepingin mangan sega ancak hang iyane gawa nyang masjid mau. Gadug umah, rabine diceluk dijak mbuka ancake. Sing serantan semate diujedi aju dibukak. Mbok Sri lungguh ring sandhinge.
Serta ancak dibukak, isine asahane pasir ambi tugelan bata. Man Sapuwan kaget sing karuwan. Iyane sing percaya gok asahan hang digawa mau isine pasir ambi tugelan bata. Mbok Sri ngakak sak anter-antere weruh isine ancak hang digawa Man Sapuwan.
“Makane tah kang, dadi uwong aja kari jeru jithoke. Kadhung gedigi kelendi Rika, dibales ambi Hang Kuwasa. Panganen dhewek, entekena pasir ambi tugelan bata iku.”
Mbok Sri melebu nyang jeru kamare ambi gemuyu sing mari-mari.
“Sukur! Rasakena Rika kang, iku ulihe wong medhit kuncir walaiti.”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerpen Satria
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)