Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 02 Agustus 2020 07:27 WIB)

Kacang Sak Cingkek


Serngenge nyunar seru barake, panas kenthang-kenthang. Man Ja’i melaku ngulonaken, rada lempe kerana sakat isuk durung madhang. Kelendi nak madhang, ulihe subuh mau ngetan, mudhun teka desa Lulian nyang kutha mikul cingkek nggawa kacang brol untingan sing sampek setengahe hang payu. Ale ring umah picise asil dodolan dina iki wis dianteni ambi anake ape dienggo mbayar buku sekolah.
Man Ja’i mula saben dinane dodolan kuluban kacang brol, hang diedol untingan nyang kutha. Biyasahe iyane mangkat subuh, melaku ngetanaken nuju nyang Taman Sritanjung, Taman Belambangan utawa nyang Boom hang paceke kadhung dina minggu seru ramene.
Rabine Man Ja’i hang aran Bik Sulik saben wayah soren ya dodolan gorengan nong bucu dalan desa parek lompongan umahe. Gedhang goreng, dhanggoreng sawi, dhanggoreng sabrang, dhanggoreng sukun kadhung tepak ana uwohe, ambi kuwe hongkong. Gedigu jakloron ngelakoni umah-umah, laki rabi urip ring desa.
Anake Man Ja’i magih padha sekolah kabeh, hang penggarep wadon saiki kelas loro SMK, hang nomer loro lanang kelas telu SMP, kemunjilane wadon pisan magih kelas telu SD. Emane tah wis, anak penggarepe iku penter sekolahe, bisa ulih beasiswa, dadi butuhe buku wis sing kathik nggawe repot wong tuweke. Sing mung iku bain, anak penggarepe ya nyambi megawe ring restoran kerana sekolahe ring SMK jurusan Tata Boga. Saiki hang nggarai gupuh butuh picis ya anake hang penggulu, kerana wis kelas telu SMP, arep lulusan aju nerusaken sekolah hang lebih dhuwur.
Man Ja’i melaku ambi ngelayung pikirane, sing rumangsa gok jangkahe sing kathik ndileng dalanan.
“Ciiiiiittt..."
Mara-mara unine montor ngerim seru antere. Man Ja’i kaget seketane, mundur kelenggak aju tiba gemiblag. Cingkek nggelimpang nong lurung, kacang untingan dhedhegan. Man Ja’i lungguh, buru enget lan rumangsa gok iyane sing ndileng kiwa tengen tepak melaku, mara-mara nyabrang dalan ring pinggire setadhiyon tepak teka kulon ana montor ngetan meliguk arep ngaloraken, emeh bain nabrak Man Ja’i hang mara-mara ape nyabrang gang, njumbul teka wetan.
Uwong-uwong hang ana ring parek kono pating gupuh nulungi Man Ja’i hang magih lungguh ring pinggir lurung gemeteran. Ana hang nulungi muputi kacange aju dideleh maning nyang cingkeke, ana hang gupuh nggawa banyu teka warung kopi hang ana ring parek kono dienggo Man Ja’i hang peraenane wis kaya sing ana getihe.
“Man, Man.. Ndika mboten napa-napa tah?” Ana suwara hang takon.
“Niki Ndika nginum kerin Man, kersane ilang kagete,” ana suwara liyane.
Man Ja’i magih lemes, rasane dhengkule kaya nak coplok, iyane gancang ngombe banyu hang dielungaken uwong kono mauka. Taping mara-mara iyane sakkal ngadek, gupuh ambi matane nulih merana-merene.
“Madosi napa Man?” abane uwong hang ngelungaken banyu.
“Kacange.. kacangisun..” saute Man Ja’i gupuh.
“Niki Man!” rungu mberake lare lancing teka pinggir kiwa. “Empun kula puputi niki wau, empun mapan teng cingkeke pun.”
Man Ja’i rada lega, aju lungguh maning. Ambi nata ambegan, nguwati maning nyang dhengkul hang magih lepruk, boyoke ya kerasa rada lara. Man Ja’i ngelayung maning, kelendi nasibe kacang hang diarepaken payune dienggo mbayar buku sekolah anak lanange? Iki wis wayahmene, durung setengahe belaka hang wis payu. Ale, seumpama payuwa kabeh ya magih kurang butuhe, tapi sakusinge keneng dienggo celengan sithik. Kadhung mulih magih nggawa kacang maning, yara engkisuk sing bisa ngadol kacang anyar. Kadhung wis nginep yara sing patiya enak rasane, masiya tahwis gadug umah bisa dikulub maning nyang emake lalare. Kadhung iki entek payu kabeh, kesuk yara bisa nggawa kacang anyar lan bisa nyelengi bathine maning.
“Man, Ndika kerasa lara tah napa mumet?” abane wong wadon takon.
Man Ja’i buru enget maning gok iyane magih ngelepruk ring tengahe wong akeh.
“Eh.. using, using, sing paran-paran.” Saute Man Ja’i.
Edheng-edheng Man Ja’i ngadeg, ambi ngucap kesuwun nyang kabeh hang wis nulungi, Man Ja’i melaku marani cingkeke. Dipikul maning ambi melaku ngulonaken. Saya sing bisa akas melakune, weteng magih elom, dhengkul magih lemes, boyok kerasa lara.
Meripit mikul cingkeke ring pinggirane setadhiyon makene keneng iyupan, mara-mara iyane ndileng dhompet hang ana gantungane kunci nong parek sikile. Cumpu mula kontak montor, serta dibuka jerone ana surat montore. Man Ja’i nulih kiwa tengen sing ana uwong, pungkasane iyane melaku balik nyang panggonane tiba mauka, polae Man Ja’i sing bisa maca, ketang ya sekolah SD bain kelas siji sing pungkas. Nawi tah ana hang duwe dhompet iki, gedigu pikire.
Lare lancing hang nulungi iyane mau tepak magih ana ring kono, serta ditakoni lare mau ngomong gok dudu duwene. Iyane ya takon pisan nyang uwong-uwong liyane, cumpu sing ana hang rumangsa nduweni pisan.
“Dilengen bain ring njerone ana paran, nawi ana KTP-ne," jare salah sijine uwong.
“Sing ana KTP hang kaya anehun Lik, taping ana kaya surat plastikan digu, kaya surate sepidhah montor ika Lik," jare Man Ja’i.
“Naah, iku bisa digoleti alamate Man," abane lare mauka.
“Isun sing bisa maca Lik, acake dilengen," saute Man Ja’i maning.
“Yee, meriki pun kersane kula wacakaken.” Serta nampa dhompet mauka teka Man Ja’i, lare mau ngewarahi gok alamate hang ana ring STNK iku parek teka setadhiyon iki.
“Mayo pun, Kula ateraken Ndika Man, nunggang sepidhah montor mawon, parek geriyane ngeriki, kersane Ndika bangsulaken kontak ambi STNK-ne tiyang niki," tawane lare iku.
“Aju kelendi cingkek kacangisun?” Takone Man Ja’i.
“Ndika tilar ngeriki sulung pun, kersane dijaga lalare niki. Parek, madak kariya suwi tah ngeriku," jawabe lare iku maning.
Man Ja’i aju ndeleh cingkeke ring parekane warung kopi panggon lalare gesah iku. Aju digonceng lare lancing mauka nggoleti alamate hang duwe kontak ambi surat montor iku.
Sing sepira suwi, sepidhah montore mandheg nong ngarepane umah gedhong, latare wera akeh tanduran kembang maneka werna. Katon iju, adhem ring mata. Lare lancing hang ngateraken Man Ja’i aju ndulek bel hang ana ring tembok ngarepan.
“Thing thong, Assalamu’alaikum.” Unine bel nong jerumah.
Teka njero ana wong lanang mara nemoni, lare lancing mauka takon bener tah aran hang ana ring STNK mau manggon ring kene. 
“Bener tah iki umahe Pak Ridwan Kang?” takone nyang wong lanang iku.
Cumpu mula bener, aju lare mau njelasaken gok Man Ja’i nemu STNK ambi kontak montor nong ngarepane setadhiyon. Wong lanang hang cumpu tukang kebone keluwarga iku aju ngongkon Man Ja’i ambi lare lancing mauka melebu lungguh ring kursi hang ana ring teras umah. Sing suwi, teka njero umah metu wong lanang katon rijig, peraenan juragan.
“Dhuuh, terima nggih Pak, Lik.. Kula Ridwan, niku wau yogankula sampek gupuh wangsul dugi setadhiyon mendhet kunci serep. Ketang madosi kontake ical nggih. Untunge Ndika nemokaken niki," uwong iku mau ngomong ambi salaman nyang Man Ja’i ambi lare hang ngateraken sangking girange.
“Kerin nggih Pak, Ndika rantosi sekedhap.” Abane wong iku ambi melaku melebu jerumah. Serta metu maning, iyane nggawa amplop dielungaken nyang Man Ja’i.
“Napa niki Pak?” takone Man Ja’i.
“Nggih niki tandha kesuwunkula nyang Ndika, nedhi ditampa.” Jawabe.
Man Ja’i nampa amplope, dibuka katon ana picis atusan ewu telung lembar. Man Ja’i taker ngomplong, apuwa gedigu bain diwani picis, sampek kari telungatus ewu?
“Mboten Pak, niku Kula mung nemu nggih Kula bangsulaken nyang hang nggadhah,” ucape Man Ja’i ambi ngelungaken balik amplope mauka.
“Empun ngoten tah Pak, kadhung ical surat niku yara Kula repot nguruse. Laporan pulisi, aju ngurus maning surate," tulake pak Ridwan pisan.
“Kula mula mbutuhaken picis damel yogankula nerusaken sekolah Pak, taping kula nggolet picis adol kacang untingan, mikul cingkek saben dinten. Madak sing metu keringet ngeten, Kula angsal picis mara-mara,” ucape Man Ja’i.
“Dhuh, Pak.. enggih niki pun rekenane Kula tumbas kacang Ndika, engkin Ndika edumaken nyang thulik niki ambi kanca-kancane nggih, hang penting arta niki Ndika terima.” Suwarane pak Ridwan rada meksa.
Tepak gedigu, mara-mara ana montor melebu. Teka mburine setir ana lare lanang mudhun, aju salaman nyang pak Ridwan hang ambi njelasaken gok Man Ja’i hang wis nemokaken kontak ambi STNK-ne. Serta nulih nyang Man Ja’i, lare mauka kelunjuk aju ngomong,
“Lah, Ndika hang emeh keserempet wau teng parek setadhiyon tah?"
“Iya Lik, apuwa?” takone Man Ja’i.
“Niku wau montorkula, tepak kesusu kerana wayahe mbukak restoran, kontake montorkula ical dadi gupuh, mara-mara Ndika nyabrang emeh mawon kula tabrak nggih, sepuntene Man. Niku wau ajenge mandheg mboten saged kerana dalane mboten wera yara, kula tingali dugi sepiyon Ndika katone mboten keserempet, tepak kula kesusu pisan dianteni lalare kanca sekolah medamel.” Abane lare mau, seru sopan larene njaluk sepura.
“Yee, iya Lik sing paran-paran. Mula Isun hang salah sing ndileng dalan, ketang ambi ngelayung pikirane,” saute Man Ja’i.
Tepak magih gesah, teka pinggir bale umah, ana lare lancing lan perawan seumuran jak papat melaku metu nuju nyang montore anake pak Ridwan. Mara-mara,
“Apaak?”
Man Ja’i nulih, cumpu anak penggarepe salah sijine lalare iku.
“Lah, ana pardu paran Sira ring kene Beng?” takone Man Ja’i bingung kerana kecaruk anake ring umah gedhong iki.
“Pak Ridwan niki hang nggadhah restoran panggonkula medamel Pak, yogane niki kancankula sekolah, mulane kula saged medamel teng restorane,” anak penggarepe Man Ja’i njelentrehaken.
“Yee.. cumpune dudu wong liya, yoga perawandhika niki penter Pak Ja’i, telikas ngurus restoran, jujure ketang mula dhidhikane wong tuweke. Wis sing kathik kenalan maning nyang calon besan iki,” abane pak Ridwan.
Peraupane anak penggarepe Man Ja’i sakkal semu jambon, temungkul isin. Anak lanange pak Ridwan ngelirik ambi mesem girang. Kanca-kancane munyik-munyik ambi nggeridho.
Besan?
Man Ja’i ngomplong.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf