Kaju Ambi Buah Naga Ring Banyuwangi

Rissa Churria (dipublikasikan pada Rabu, 19 Januari 2022 07:35 WIB)
- Opini



Sampek perjalananisun ring Banyuwangi, kutha hang sun kedani lan sun welasi. Tanah kelairan hang  nyimpen akeh kenangan, cerita misteri, lan umah tradhisi hang sing entek-entek dipaculi. 

Desa Ringin Sari, Genteng Banyuwangi ana ring wilayah kidul kutha Banyuwangi. Kahanane magih asri, sawah-sawah hang ijo royo-royo, uga kebon buah naga sak dawane dalan kiwa lan tengen. Ring latare umahe uwong uga mesthi ana tanduran buah naga.

Sakwise melaku-melaku teka Gumuk Kantong, isun dipapag ambi besan, keluwarga Bapak Kyai Imron Rosyadi lan Bu Rofiqoh nuju ring umahe. Nalika melebu ring Desa Ringin Sari, rasane kaya melaku ring antarane kembang, saingga rasa kepingin weruh lan penasaran ngileni njero ati.

Rasa kaju sing mari-mari, pungkasane kene kabeh minggir mudhun lan Isun melayu ring kebon buah naga parek umahe besan. Dhuh.... endahe kaya melaku ring Negeri Nirmala. Iki dudu kebon biyasah, kene bisa ngerasakaken mekare kembang-kembang buah naga ring wayah bengi, kerana damar-damar listrik mobyor sunare kuning kaya sunare ulan andhung-andhung hang nyepuh petenge bengi.

Wujud kembang buah naga iki persis kaya kembang Wijaya Kusuma hang duwe sak mitos lan legenda. Naming ukurane kembang buah naga iki lebih gedhi timbang kembang Wijaya Kusuma. Nurut Kyai Imron, “Buah naga kadhung dipasangi damar listrik hang kaya sunare ulan, buah naga bisa nguwoh terus lan sing kenal mangsa. Kadhung kepingin ngasilaken uwoh hang super, nalika kembang mekar kudu age-age dikawinaken dijuwut teka benang sari lan ditempelekaken ring endhase putike."

Nurut Isun, iki bisa dadi wisata edukasi hang bisa dikembangaken ambi masarakat utawa pemerintah daerah. Nawi butuh etrin manajemen, utawa ngolah hang lebih husus kadhung kepingin didadekaken wisata agro lan edukasi.

Isun bener-bener kerasa dhemenan ambi mekare kembang buah naga, tadabbur alam ring kabeh Agunge Sang Maha Endah hang wis ndadekaken werna-werni lan endahe alam yaiku kembang. Isun kaya-kaya kegawa arus, melebu ring njero nyon-nyonane endahe kembang buah naga. Tapakur metek dhadha, sadhar Isun Iki dudu paran-paran ring antarane kebon kembang, saingga kaya ilang wujud, remuk lan mung ngareni endahe Sang Maha Endah.
Subhanallah.

Banyuwangi, Januari 2022

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor