Kaldu, Sambosa lan Sepiturute

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 08 November 2019 06:57 WIB)
- Kuliner



Wis anjrah, kadhung ring sak ubenge Lateng lan Kampung Arab Banyuwangi, akeh didol panganan Timur Tengah, utawa olah-olahe dulur keturunan Arab. Sak liyane sate wedhus lan gule, kaldu, uga ana nasi kebuli, kebab, sambosa, kopi hang diolah nganggo pasir lan panganan liyane.

Saben Kemis sakat pungkasan Oktober kepungkur, melebu Jalan Bangka, Kampung Arab, Lateng kaya bener-bener noring sak ubenge Timur Tengah kana. Kiwa tengah akeh panganan Arab lan hang dodol, penganggone hang dodol uga cara Arab. Paran maning jajan-jajanane, ngilingaken nang wong-wong keturunan Arab.

Jare Kepala Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi, M. Bramuda, Banyuwangi iku sugih suku hang manggon lan umah-umah ring kene sampek turun temurun, salah sijine suku keturunan Arab hang manggon ring Kampung Arab Lateng. Kesenian lan tradisi Arab magih urip ring Kampung Arab, malah ana hang kecampuran tradhisi Using.

“Pemerintah Kabupaten Banyuwangi kepingine nguweni panggonan lan ngembangaken, kabeh hang diduweni suku ring Banyuwangi. Kaya Mandar, Medura, Cina, Jawa, Bugis lan liya-liyane. Temekaken hang diduweni suku keturunan Arab ring Banyuwangi iki akeh maceme, uga arang ditemoni ding panggonan liya. Mangkane mengarep, iki dadi tujuan wisata kuliner anyar ring Bumi Belambangan hang pilih tandhing ambi panganan liya”, ujare Bram.

Ana 126 menu olahan, teka 29 bakul hang milu ring acara Arabian Street Food (Arasfo). Panganan abot kaya sega kebuli, sega mandhi, sega rempah, sega kichery, sate, gule lan wedhus guling. Panganan entheng, utawa camilan ana kabeh teka hang wis anjrah sampek hang hing tau rungu: roti maryam, kebab, sambosa, basiha, shawarma, fitira, foul lan tamis.

Omben-omben cara negeri gurun uga ana, kaya kopi Arab hang digoreng ring pasir, kopi Turki lan macem-macem teh, campur ambi madu, gandum lan kurma. “Kabeh hang dodol ring kene, wong-wong keturunan Arab hang manggon ring Kampung Arab Banyuwangi. Iki ana hang pancen pegaweyane dodolan, ana uga wong keturunan Arab sing dodolan saben dinane, taping duwe kemampuan olah-olah has Arab”, jare Penasihat Arasfo, As'ad Muhamad Nagib.

Weruh olah-alahe embah buyute dianjrahaken menjaba, Hafid Adburahman Baridwan, keturunan Arab Banyuwangi hang manggon Surabaya, ngaku milu girang. Saikine iyane kerasa kewalahan ngeladeni pesenan sega kebuli lan sega mandhi hang dadi usaha keluwargane, sakat iyane pensiun dadi wartawan. Weruh ramene masyarakat nang hang mapag anane olah-olahan Timur Tengah, iyane malah kepingin mulih Kampung milu ngeramekaken.

“Kadhune blisak-blisak maning, takon nang Ummi-Ummi hang ana ring Kampung Arab. Merga magih akeh hang durung metu, kaya sop marak, sop Arab, dalca, gule merah (masak abang). Jajanan kue aa, mageli, brota, lan liya-liyane. Durung omben-ombene”, jare Hafid.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf