Kamus lan Pak Hasan Ali (Cara Using)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 21 September 2019 11:42 WIB)
- Opini



Sedurunge nyusun kamus Bahasa Daerah Using-Indonesia, ruwahe Pak Hasan Ali tau ngerasa ana hang ilang. Tepak kecaruk kancane, sastrawan lan penganggit gendhing-gendhing Banyuwangi, ruwahe Pak Andang CY, iyane ngomong: "Enak Rika Ndang, dhung mati wis akeh tinggalane dienggo anak putu. Lah Isun paran?" Gedigu cerita hang tau hun rungokaken teka Pak Andang tepak mertamu ring umahe ring Welaran.
   Setemene Pak Hasan Ali wis duwe wigati hang gedhi nyang Basa Using. Iyane wis ngelumpukaken ucap-ucap hang kewetu teka wong-wong tepak gesah nong endi bain, nong terminal, nong kebonan, nong pasar (iyane tau dadi kepala pasar Rogojampi), paran maning tepak ana tanggapan gandrung sakat taun 1970an. Pak Hasan iki ya tau dadi panjak gandrung.
   Sedurunge taun 1987 tepak iyane dadi ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB), ana salah sijine wong hang merdhayoh teka Universitas Udayana. Arane Pak Suparman Herusantosa. Teka nong Banyuwangi sak perlu nggolet data kanggo penelitian disertasine ring Universitas Indonesia, yaiku Bahasa Using di Kabupaten Banyuwangi. Pak Parman bolak-balik seliweran Singaraja-Banyuwangi lan nginepe ya ring umahe Pak Hasan Ali nong Mangir.
   Saben dina tepak Pak Parman ring Mangir, wong jak loron iku hing marek-marek nggesahaken basa Using. Pak Parman hang nyurung Pak Hasan Ali makene Basa Using dibahas kelawan cara ilmiah, miloni kaidah-kaidah hang wis ana pelanggerane kadhung mbahas basa. Kadhung using, hing kira diakoni lan mung dadi rasan-rasan bain. Ya mula kabeh ana dalane dhewek. 
   Pak Hasan tau cerita nang isun, kamus Usinge iku mula hing disusun kelawan cara hang wis anjrah dilakoni wong liya nyusun kamus. Seperono durung akeh hang aran komputer kaya saiki. Wong nyusun kamus bengen iku nggawe sak lembar kartu hang ditulisi ucap/lema siji-siji, aju kartu-kartu mau disusun teka a-z. 
   Ring kamar mburi umahe ring Mangir, parek pawon, ring sandhing kidul ana rak buku-buku koleksine. "Bukunisun iki mung ana buku sejarah lan buku bahasa," jare Pak Hasan.Isun paceke diejak gesah ring meja ngarepe rak buku iku. Pak Hasan nduduhaken carane nulis kamuse. Tangane nong ndhuwur mesin tik manual, matane nerawang mbayangaken susunan urutan ucap/lema ambi cangkeme muni, "A a, ana. A, a, anak.... A, a anam,"ambi tangane ngetik nong mesin ijo merek Olympic hang ditukokaken anake Emilia Contessa. "Dadi ya suwi."
   Embuh sapa hang ngewarahi, ring sewijine dina umahe pak Hasan ditekani tamu wong Jepang. Jare teka The Toyota Foundation hang ana ring Tokyo Jepang. Pak Etsuko Kawasaki takon-takon sampek endi Pak Hasan nggarap kamus Using-Indonesia. Sarta marek diduduhi, dhayohe mulih. Hing tau ana omongan maning. Cumpu hing sampek sak ulan, wonge balik maning, nggawa picis sak perlu nukokaken komputer makene kamuse cepet dadi.
   Taun 2002, Dewan Kesenian Blambangan nerbitaken kamuse hang seperene hing tau disempurnakaken maning. Kamuse Pak Hasan iki mung nyathet telung wilayah dialek lokal: 1. Banyuwangi kutha 2. Banyuwangi kulon,  lan 3. Banyuwangi kidul (Rogojampi-Gambiran-Singojuruh). Dadi magih akeh dialek panggonan liya hang durung kecathet.
   Taun seteruse, ana maning buku Pedoman Umum Ejaan Bahasa Using lan buku Tata Bahasa Baku Bahasa Using.
   Telung buku iki dadi pidekan ngembangaken Basa Using ring dina ngarepe. Umpamane buku pelajaran Lancar Basa Using kanggo lare SD lan Paseh Basa Using kanggo lare SMP.
Pak Hasan mung njelentrehaken sithik morfologi Basa Using. Magih akeh hang durung dibahas. 
   Sak pira perlune buku-buku iki mau? Wak Hasnan Singodimayan, budayawan Banyuwangi tau nekani acara budaya ring Surabaya. Noring acara iku iyane kecaruk Pak Ajip Rosidi, sastrawan Jawa Barat hang uga duwe Yayasan Kebudayaan Rancage hang saben taun ngewani hadhiyah kanggo karya sastra hang ditulis nganggo basa dhaerah. Pak Hasnan, hang iyane dhewek mula penulis novel kepingine ana karya basa Using hang dipilokaken nong Hadhiyah Rancage.
   Pak Ajip mung takon, "Sudah ada perangkat bahasanya? Umpamanya kamus, Tata Ejaan, Tata Bahasa. Kalau belum tidak bisa." Pak Hasnan sakkal kingslep hing wanen takon maning. 
   Sarta wis ana kabeh, karya sastra hang ditulis nganggo basa Using, ulih dipilolaken taping ring kategori Jawa. Polae Yayasan Rancage nemtoaken Peraturan Gubernur Jatim hang kanggo rujukan. Pergub iku ngatur mung Basa Jawa lan Medura hang bisa diajaraken nong lalare sekolah ring Jawa Timur. Rancage hing weruh gok setemene ana peraturan daerah Perda Jawa Timur hang ngatur liyane basa Jawa lan Medura, basa masyarakat setempat ulih pisan diajaraken. Kayata basa Bawean, basa Tengger lan Basa Using.
   Muga-muga ring mbisuke tambah akeh lare Banyuwangi hang nggarap ngembangaken basa Using.

Antariksawan Jusuf

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.