Kang Inok: Ahli Basanan Aseli Jopuro
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 08 April 2023 08:40 WIB)
- Tokoh

Kadhung rika tau ndeleng nong hape ana wong Banyuwangi ngucapaken basanan (pantun basa Using) kaya wong sukur mangap bain, aja-aja hang rika deleng iku Kang Sarino utawa Kang Inok celukane. Apan kecaruk lan rika takoni, asale, wonge mesthi semaur:
Wong Bangkalan, Medura
Ahli wangsalan asli Jopuro
Sasate saben kedadeyan, paran bain hang dideleng, paran hang dirasakaken kabeh metu dadi basanan ring Kang Inok. Kaya tuladha mau.
Naming hang dimaksud wangsalan ambi Kang Inok iku mesthine basanan. Mula akeh wong hang salah kaprah kuwalik nyebut "sastra lisan" Using Banyuwangi iku. Kadhung wangsalan, umpamane hang gedigi:
Kepiting banyu tawa
Hang artine geruyu. Geruyu ulihe lare ayu.
Dadi kepiting banyu tawa iku lare ayu.
Kadhung basanan iku ana sangsangan (hang disebut kawitan), ana isi hang dimaksud hang disebut mburi-burian. Sangsangan lan isi, ana hang sak baris ana hang rong baris.
Balik nong Kang Inok. Hing maido kadhung iyane hing kathik mikir maning sangsangan lan isine. Polae basanan wis dadi sega jangan. Iyane biyasah paculan nong kumpulan Macaan Lontar Jopuro. Grupe hang aran Arum Dalu hing duwe jadwal ajeg kaya grup Macaan ring Kemiren utawa Mondoluko naming munggah genjot kadhung ana wong iwuh selametan: duwe bayi, sunatan, kawinan. Kang Inok dhewek kerep diundang kanggo Macaan ring endi-endi saben ana selametan: Kemiren, Mondoluko, Bakungan, Cungking, Glagah, Kopen, Kaotan, Gintangan, Rogojampi sampek Grajagan. Sasate emeh kabeh lontar dienggo macaan. Lontar Yusup, Murup Muncar, utawa Sumadiya. Naming siji hang hing ana yaiku lontar Sritanjung. "Wujude bain sing weruh," jare Kang Inok.
Biyasahe iyane nekani nong desa-desa iku. Sebab ring Jopuro hing ana Macaan hang ajeg seminggu sepisan.
Paculan biyasahe ngisi nong tengah-tengahe macaan. "Kadhung nganteni mareke kapan ulihe paculan," jare Kang Inok. Mangkat jam 9, paculan jam 11. Ana wong 6, hang siji maca lontar hang 5 gentenan paculan.
Grup Arum Dalu diedegaken wis lebih 20 taun. Kadhung diurut memburine wis lawas mulai embahe. Sedheng embahe, ruwahe Kakik Rais, taun 1901 wis uwong taping durung rabi lan jenekane nong setasiyun lawas nong Karangrejo.
Kang Inok iki wis kaya Aljin lan grup Pacul Gowange. Kadhung tepak manggung ambi lima kancane ring grup Arum Dalu ya wis kaya titisane Man Aljin. Kepinterane ring paculan merga wis dadi sega jangan.
Sakjege ditinggal rabine taun 2020, Kang Inok mung keloron ambi anake. Nyeritakaken kahanan gedigi, metu basanan rong baris lan petang baris:
Tuku gerang nang pasar malem
Randha sepirang-pirang nana hang gelem
Wayah raina nang pasar malem
Udan-udan ngundhuh pokat
Randha akeh sing ana hang gelem
Dikira wong edan buru mangkat
Akeh hang basanane hing pantes dirungokaken lalare cilik.
"Isun iki dilulu ambi Pengeran. Seperene hing ana hang nguwel masiya rusuh."
Akua dienggo wisuh
Sudah tua cangkeme rusuh
Dadi, basanane ya akeh hang gedigi:
Masa ana kayu luput nyang angin
Ana lare ayu nggarahi kepingin
Mangan hongkong hing kathik lobok
Ndileng bokong kepingin nabok
Tuku hongkong nyang Paspan
Nang Baluk udan gedhik
Dhuh bokong kari mapan
Njaluk apuwa dhik
Naming ya basanan bisa beda-beda isine masiya sangsangane padha. Biyasahe diunekaken sangsangane bain, uwong wis bisa weruh isine paran. Taping ya kelendi pikirane uwong. Kadhung nduwe pikiran negatip ya bisa negatip, jare Kang Inok.
Jangan kelor sambele jeruk
Rungu sangsangan basanan gedigu, wong hang pikirane ngeres langsung ngartekaken: nyelolor nggoleti t*r*k
Taping bisa uga apik:
Melakuwa ngalor engko yara kecaruk.
Hang biyasah-biyasah bain ya ana:
Sukete magih tapi kok ngarit
Jare sugih tapi kok ngirit
Dhanggoreng sing ana kopine
Ngomonge kereng tapi nana buktine
Persil kalibendo
Pengin asil kudu gelem bandha
Nong Delik tuku serabi
Nong Mondoluko tuku bolu
Magih cilik kesusu rabi
Dijaluki picis belanja api-api ngelu
Hang akeh hang ewer-ewer nggarahi wong ngakak "Ngelencer terus, sore nang Pakem
Melecer terus, sampek lali mingkem."
Dadi kelendi? Aja kerasa-rasa kadhung keneng senggol:
Kelambi suwek jaitan aliyan
Mangu-mangu nong pinggire lurung
Wong tuwek mula laliyan
Masiya wis ping pitu ngomonge durung
Tikus nyekereti romot
Mangane rakus megawe lemot
Kadhung using, keneng sak "leng"an rika:
Kaos poleng cemanthol nong paku.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.