Kang Joel Sayuwiwit, Wani Tandhing Sagah Saing

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 05 Juni 2020 09:24 WIB)
- Tokoh



Sakat diedegaken tanggal 12 Februari taun 2006 kepungkur sanggar seni Sayuwiwit hang manggon ana ring desa Aliyan Kecamatan Rogojampi Kabupaten Banyuwangi iki akeh ubede. Mula iku sing tau leren sanggar tari lan tabuhan iki anggone ndhidhik lan ngajari lare-lare cilik hang manggon ana ring sak ubengane Rogojampi  hususe lan Banyuwangi umume. Saban seminggu pisan ring dina Ahad sanggar iki ditekani lare-lare hang kepingin diwuruki tari lan tabuhan tradhisi Banyuwangian.

Sanggar tari lan tabuh Banyuwangi iki diedegaken lan dipimpin Jajulaidi, S.Pd. Saiki anggotane wis lebih teka satus lare. Anggotane hang paling cilik ana hang magih umur 4 taun setengah lan hang paling gedhe umur 19 taun. Kabeh nduweni tekad sinau nyang kesenian tradhisional ring bab tabuhan lan jugedan.

 Sing ana putuse pimpinan  sanggar Sayuwiwit hang manggon ana ring dusun Cempokosari  iki ngopeni lan nguripi sanggare makene bisa terus ngadeg jejeg ring tanah kelairane.  Sakteruse sanggar iki kaya pelayonan bain anggone tandang gawe. Saban taun sing kerasa wis bisa nggawe 2-3 tari kreasi anyar.

Sing sithik kegiyatan ring kabupaten Banyuwangi hang dipercayakaken nang sanggar iki. Kegiyatan kaya Festival Kuwung, Festival Gandrung Sewu, lan Festival Karya Tari sak Kabupaten Banyuwangi wis lejeg dipiloni emeh saban taun sakat taun 2007 kepungkur.

Prestasine Kang Joel, aran celukane, ring bab garapan tari uga wis tau ngambah ring tingkat Nasional umpamane ring Festival Kreativitas Tari FLS2N (Festival dan Lomba Seni Siswa Nasional) taun 2010 karya tarine hang aran “Getak Koplok” nampa penghargaan Penyaji terbaik ring festival iku.  Sing luput uga ring taun 2011 Sanggar Tari lan Tabuh pimpinane iki nampa penghargaan Penata Tari, Penata Musik, lan Penyaji terbaik tingkat Jawa Timur hang nggawa garapan tari “Selendang Sikep”. Magih ring taun hang padha tari “Kesusupan” uga ulih penghargaan Penyaji terbaik tingkat Jawa Timur ring FLS2N (Festival dan Lomba Seni Siswa Nasional) Jenjang SMP (Sekolah Menegah Pertama). Taun 2014 Jajulaidi uga ulih juwara 2 ring Lomba Pekan Seni Guru tingkat Jawa Timur. Kadhung ring tingkat Kabupaten sakat taun 2007 sampek 2016 Sanggar tari iki sing tau luput anggone ulih penghargaan Penyaji terbaik. Paran maning ring Porseni Kabupaten Banyuwangi. Hang aran tari teka Rogojampi hang dibina ambi Jajulaidi iki mesti ulih juwara dhung sing juwara siji ya juwara loro. Tari “Cakup” hang dijugedaken ambi lare-lare SD teka Kecamatan Rogojampi ulih juwara 2 sak Kabupaten Banyuwangi. Taun 2019 bareng ambi SMPN 2 Rogojampi Sayuwiwit ulih juwara 1 Propinsi ring Festival Kreativitas Tari jenjang SMP.

Jajulaidi hang uga dadi guru ring SD Lemahbangdewo 1 iki ngopeni sanggare dikancani anake hang nomer siji hang aran Yuda Gadis Octiani. Anak perawane iki  wis dadi penari lan penata tari hang kesuwur ring Banyuwangi. Sing sithik penghargaan hang wis tau ditampa anake iki. Salah sijine mesthine dadi duta penari antar mahasiswa se-Indonesia hang manggon ana ring kutha Solo. Ring kono hang aran Gadis iki nampa penghargaan Juwara 1 ring Disporseni Nasional antar Universitas Terbuka.

Naming Pengeran duwe karep liya. Yuda Gadis Octiani tanggal 9 Nopember 2019 dijaluk Hang Kuwasa. Kang Joel nyatane kudu nerima kuwasane Gusti Allah, ditinggal selawase nong anake hang penggarep iki.

Anak kemunjilane Kang Joel hang aran Ranu Riski Ramadhani magih cilik, magih kelas V SD. Naming uga wis bisa milu-milu njuged ana ring pementasane Sanggar Seni Sayuwiwit.

Emane bain Kang Joel magih dikancani rabine dhewek hang aran Ida Ani Purwati hang bisa nulung ring tata rias lan busana. Sing sithik uga penghargaan hang wis tau ditampa ring bab rias lan busana iki umpamane tau ulih penata rias lan busana terbaik ring Festival dan Lomba Seni Siswa Nasional tingkat Jawa Timur taun 2015. Kadhung penata rias lan busana ring Tingkat Propinsi wis bolak-balik iyane ulih juwara.

Hang sing keneng dilali mesthine kepercayaane SMKN 12 Surabaya nyang Sanggar Seni Sayuwiwit hang wis ndadekaken Sanggar Seni Sayuwiwit dadi panggonane Prakerin murid-murid jurusan tarine. Taun 2020 iki kelebu ambal hang kaping lima  Sanggar iki dipercaya dadi panggonan prakteke lare-lare Surabaya iku. Sing luput kadhung Sayuwiwit diarani salah siji sanggar tari paling moncer ring bumi Belambangan iki.

Sanggar tari Sayuwiwit hang duwe motto Wani Tandhing - Sagah Saing iki jejeg anggone ngugemi hang aran tradhisi Banyuwangine. Nguri-uri seni tradhisi lan bisa dadi saranane aweh warisan budaya pancen dadi tujuwane sanggar seni Sayuwiwit iki. Mula iku sing luput dhung garapan tari lan tabuhe rasa dhaerah Banyuwangine kenthel lan kewela-wela. Sampek-sampek Pemerintah Kabupaten Banyuwangi  percaya lan kerep nguweni tanggung-jawab  ndadekaken duta nyang dhaerah liyane nggawa arum arane Kabupaten Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kabar Anyar

Editor: Antariksawan Jusuf