Kang Revan, Guru, Penyiar, Juwara Nganggit Cerita Cendhek 2022
Nur Holipah (dipublikasikan pada Rabu, 29 Juni 2022 08:26 WIB)
- Tokoh

Ring iwuhe Sengker Kuwung Belambangan tepak Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using taun 2022 iki, salah siji pemenange ring kategori Umum yaiku Moch. Afan Zulkarnain. Cerita cendheke hang judhule ‘Mamang’ kepilih dadi Terbaik I. Kang Afan—gedigu celukane—temakaken anake ruwahe Slamet Utomo. Biografine ruwahe Slamet Utomo sithik akeh tau ditulis ring ARTEVAC CHANNEL www.elvinhendratha.com
Afan kelairan Bakungan (Watu Ulo) taun 1988. Taun 2001 lulus teka SD lateng 2. Nutugaken sekolah nyang SMPN 1 Banyuwangi, lulus taun 2004. Marek iku, terus nyang SMAN 1 Glagah lulus taun 2007. Sak luluse teka SMANSA, sing langsung nutugaken kuliyah. Melebu nyang Universitas PGRI Banyuwangi buru taun 2012 sampek lulus ring taun 2016, njuwut jurusan Pendidikan Matematika.
Kadhung rika ring taun 2008, dhemen ngerungokaken radhiyo utamane GBS Fm, lan tau rungu aran penyiar Revan, ya Afan iki uwonge. Suwarane gok siaran seru has-e. Has lare enom. Merga Afan iki mula siaran ring program lare enom. Kamikici, kala semana. Kamu minta, kita kaci.
Kang Afan, ring taun 2020 tau ulih juara II ring kegiatan Bibliobattle, Perpustakaan Badan Litbang dan Diklat Kementerian Agama RI. Ring taun 2021 kepilih dadi salah siji teka pitu Vlog Pilihan Lomba Vlog Core Values ASN Kementerian Pendayagunaan Aparatur Negara dan Reformasi Birokrasi.
Lawas sing tau katon, merga mboro ring Jombang kana, seger waras rika, Kang Afan?
Alhamdulillah, Mbok. Girang isun merga bisa nyekel plakat menang iki.
Yaiku yuh. Alhamdulillah. Rejekinrika taun iki. Hun enget, setemene bain rika yara wis tau milu lomba sakat kawitan bengen ring taun 2013, 2014 utawa 2015 ya?
Iya bener mbok. Kala semana jurine magih Mbak Iraa Rachmawati. Hang juara I engethun kakak kelasisun SMA. Wong Boyolangu kana. Sapa yuh arane?
Oh, iya 2013 iku. Mas Zakky juara I. Terus mariku ngilang, buru taun 2022 njumbul maning. Paran hang nggarai ati rika krenteg milu maning, Kang?
Akeh hang dadi sebab setemene. Emakisun kepingin ana anake hang nutugaken kesenengane Apak, tulas-tulis. Nepaki Isun ndileng rika mosting ring instagram, ya ketepakan pisan kepingin, terus milu. Temakaken kok terus menang. Pindho, Isun angger nguwarahi murid-murid isun kudu duwe prestasi. Endane tah, isun nguwarahi gedigu, isun dhewek ya kudu bisa gedigu. Sebab ketelu, Isun iki telung taun suwene manggon ring Jombang. Kangen seru, kepingin ngomong Usingan. Taping ring kana sing ana musuhe gesah. Temune, lomba iki ya dadi pelampiasan digu.
Ulung, nas, sepurane. Ulih rika ceritakaken sithik, ruwahe Apak? Utawa salah sijine karyane Apak-Rika hang paling Rika dhemeni?
Apak iku, wartawan ya budayawan. Tulisane Apak iki akeh. Hun gawa nyang Jombang kana. Isun karep nak hun dadekaken siji. Magih Hun susun, kelumpuk-kelumpuk.
Bener iku Kang. Mula penting, makene bisa gadug nyang anak putu. Tepak Rika jeda, ngepos sakat lulus teka SMA Glagah, rika temune langsung siaran iku ya Kang?
Isun ring radhiyo sakat 2008 sampek 2019 Mbok. Sewelas taun dadi panggonisun golet rejeki. Ngepos ya merga isun ulih rejeki CPNS ring MAN 3 Jombang. Gelem sing gelem, ya kudu ngecul hang ning Banyuwangi kene. Taping, tepak isun mulih kaya liburan semester digi, magih bisa siyaran maning.
Ya emane tah, bisa siyaran maning. Iku dadi tamba kangene para pendengar setiyanrika pisan. Emmmm, engethun, sak durunge Rika CPNS ring Jombang, Rika yara mulang ring SMPK Santo Yusup ya? Sampek Isun weruh Rika gawe-gawe komik Matematika digu. Terus Rika iki duwe semboyan, ‘Sengit’, paran iku tegese?
Kawitan Hun lulus kuliah, Isun ider nyebar surat lamaran pegaweyan. Ring endi bain wis. Katute, ring SMPK. Rejekinisun. Dhung ‘Sengit’ iku aja dimaknani teges teka ucape ya. Sengit dhung ring basa Using yara benci. Kadhung kanggo isun, Sengit iku Seneng Ngitung.
Komik-komik hang rika gawe iku, wis diterbitaken?
Isun nggawe komik iku terbatas mbok. Mung kanggo muridisun bain. Iku ya per materi, per Kompetensi Dasar (per KD). Temune kaya ber-seri digu. Arane ya bidha-bidha. Ana hang mbahas Nilai Mutlak, ana hang mbahas Translasi Geometri.
Pantese kadhung dadi muridrika, sing ana angele pelajaran Matematika iki yuh. Rika iki cocog dadi Guru Penggerak benere!
Guru Penggerak mung ana ring Kemendikbud. Isun, yara milu Kemenag, Mbok...
Kang, iki balik maning ring bab nulis basa Using. Kadhung tepak jeda ngepos sing milu lomba, tetep nulis tah sing Kang?
Isun nulis, cerita cendhek digu. Nang laptop lawas taping.
Temune, tetep ana tulisan ya? Mungne sing dikomersilkan digu? Kadhung wekas Rika, kanggo lare nom-noman saiki, utamane ring Basa Using kang?
Hing usah isin ngomong cara Using. Ring Jombang kana, akeh wong dhemen utamane liwat lagu-lagu Usinge. Akeh uga kanca ring kana hang seja nakokaken, tegese lagu iki paran. Iki pisan hang nggarai isun ya mongkog. Wong njaban bain sakmunu ape weruhe, ya ndane tah hang wong Using sing gelem nguri-uri.
Kesuwun hang akeh ya kang. Gesah ambi guru Matematika sing ulih mamang, kudu pasti hihihi.. Mugi-mugi lare nom iki bisa nyonto paran hang wis rika upayakaken sampek rika dadi kaya saiki.
Aamiin, Aamiin..
Siji maning, mugi-mugi komik rika iku bisa gancang diterbitaken yuh.
Aaamiin wanteeer, mbok...
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Gesah ambi Kang Afan
Editor: Antariksawan Jusuf