Kang Usik, Tokoh Adat Using Teka Glagah
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 11 April 2025 06:08 WIB)
- Tokoh

Kang Usik, Tokoh Adat Using Teka Glagah
Biyasahe ring saben-saben desa Using, ana wong tuwek hang bisa diarani tokoh adat Using. Merga iyane magih nggenggem lan mituhu nang welurine wong-wong jaman bengen, ngarti adat lan ngelakoni upacara teradhisional tinggalane embah buyut bengen, ngarti basane lan istilah-istilah lawas, ngarti tamba-tamba tinggalane embah buyut lan paran bain hang ana hubungane ambi adat.
Sanusi Marhaedi hang kesuwur diceluk Kang Usik, lair taun 1956, lan dadi tokoh adat ring dhukuh Talunjeruk, desa Glagah, kecamatan Glagah. Iyane tau milu ngedegaken Komunitas Pelestari Adat dan Tradisi (KOPAT). Sakat bengen tau milu dadi kuli bangunan lan nggarap aspal, aju tau megawe ring asuransi kecelakaan.
Taun 1961 Klas 1 Sekolah Rakyat Glagah Tahun 1963 Klas 3 SDN Glagah, ketaun 1965 kelas 5 SDN Glagah sampek 1967 ahir. Taping sekolahe mandheg merga sekolahane gurune kari siji, Kepala Sekolah lan siji guru agama. Guru hang loro ana hang mati merga terlibat PKI. Sarta marek 1968 ana guru bantu (sukwan) akehe enem wong. Ulan Desember 1968, ana ujian sekolah, teka 42 lare kelas enem hang lulus duwe ijazah mung enem, kelebu Kang Usik. Ring ulan Januari 1969 Kang Usik melebu Sekolah Tehnik Negeri 1 jurusan mesin ring Penataban Banyuwangi. Taun 1971 ahir lulus nerusaken nang STM Pradana Banyuwangi lulus taun 1974. Iyane tau melebu SPKC Sekolah Penjenang Kesehatan bagian C, naming ulih telung ulan gugur.
Kang Usik biyasah mimpin upacara-upacara ring desane kaya saben ulan Sapar, mesthi ana upacara Nguyak/Nulak Seblang (Sengkala Balak Supaya Ilang). Ring kene Kang Usik ngomongaken tamba herbal, wit-witan, raja kaya sampek politik.
Saiki iyane madeg dadi anggota Pengurus Forum Pembauran Kebangsaan Banyuwangi. Taun sore tau diceluk Dinas Pendidikan nang Surabaya sak perlu nerjemahaken Primbon Tatal hang ana ring museum Trowulan. Saiki iyane magih nulis njelentrehaken primbon iku dadi 67 bab, hang intine ngomongaken Neptune dina lan pasaran.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.