Kang Yadi lan Energi Bali
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 28 Januari 2022 10:41 WIB)
- Tokoh

Kelendi kabare salah siji pelukis senior Banyuwangi, kang Supriyadi utawa kesuwur kelawan aran S. Yadi K.?
Ditemoni ring umahe hang uga dadi studhiyo lukise, kang Yadi magih kaya bengen, ngasilaken lukisan-lukisan. Operasi ring sikile kira-kira limang taun kepungkur hing nguwahi energine kanggo ngasilaken lukisan.
Mula marek operasi iku iyane rada ngedrop lan hing bisa ngelukis sak ulanan. Taping energi kanggo oret-oret ring kanvas hing keneng diendheg.
"Mula sakat enom bengen dicecer ngelukis, ngelukis, merga "kegelisahan" ring njero awak lan pikiran kudu dietokaken. Kadhung tangan hing ubah kaya bingung dadine," jare kang Yadi.
Energine kaya nana enteke, mangkane iyane rada tersinggung kadhung ana wong hang ndeleng kondhisine saiki lan takon gok lukisan-lukisane iku gawenan anyar tah lawas. "Berkarya iku teka njero lan hang bergerak tanganisun dudu sikilisun. Untunge magih diwani tangan lan pikiran," jare kang Yadi.
Mula sakat operasi sikil iku iyane ngerasa jangkahe rada diwatesi. Kadhung bengen using. Umpamane, bengen kadhung kepingin nong Bali, langsung bisa gadug kana. Sewengi jampleng ngelukis, sampek subuh. Turu, matane melek ngelukis maning. Kang Yadi duwe studhiyo lukis dhewek ring desa Lodtunduh, Ubud kabupaten Gianyar.
Kang Yadi mula ngerasa Bali ngewani energi mumah-mumuh nang iyane. "Kabeh seniman ngerasa gedigu. Energi hang melebu hing bisa ditahan, tangan ubah terus."
Tepak pindhah ring Banyuwangi, Kang Yadi ngerasakaken wayah transisi pirangane taun sedurunge bisa ngelukis maning. Bali kaya nyuntik energi kanggo pelukis. "Kanca-kanca Yogya nawi menyerap energi Yogya, lan Bali hing ana paran-parane. Tapi kanggonisun Bali luar biyasah. Kahanane nyokong, landscape kaya lukisan, ndeleng godhong bain kaya lukisan...mangkane karya-karya masterpiece kaya Antonio Blanco, Bonet, Le Mayeur beda tarikane sakwise manggon ring Bali. Le Mayeur tau manggon nong Mesir. Taping tepak nong Bali iku kaya ana kekuwatan, ana roh."
Ya kekurangan fisike hang saiki hing bisa gampang pindhah merana merene bain hang nggarai iyane rada ngersula. Ndeleng kanca-kancane hang lincah tepak ngelukis On The Spot, naming iyane hing bisa lincah kaya gedigu.
"Umpamane gedigi, ana pameran ring Jakarta, Isun hing bisa teka, kaya kurang afdol."
Masiya gedigu, kang Yadi tetep ngasilaken karya-karya apik kaya bengene, hang ndadekaken salah siji karyane dadi koleksi istana negara.
Saiki iki magih puluhan lukisan hang diasilaken teka tangane. Termasuk hang pungkasan Papua, hang nduduhaken salah siji emak teka Papua lungguh mangku anake.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.