Kantin HR Promo Kopi Lokal Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 10 Juli 2021 11:07 WIB)
- Kuliner
Kadhung umume warung kopi lan kantin digawe berahi pemandangane, nong Kantin HR hang ana ring Jalan Sudirman Banyuwangi elore tugu Nol Kilometer wutuh kaya aseline, hang dideleng radiator.
Mula HR iku singkatan teka Hasan Radiator, bingkil radiator montor ane ruwahe pak Hasan hang diterusaken ring anake, Hasdian utawa Dadang celukane. Arane bongkaran mesin lan radiator ya digeningaken gelethakan.
"Kawitane tamu-tamu hang serpis radiator ambi nunggoni radiatore dibecikaken mesthi golet kopi. Tangga rada adoh. Wong-wong iki setemene wong hang duwe picis dadi njaluke kopi hang enak," jare Dadang dikancani rabine hang aran Oktarina.
Paran maning jare Dadang wong lanang umure lebih cendhek timbang wong wadon, dadi ring bungase ulan Mei sore mulai mbukak kantin lan mesisan dienggo tap-tap wulu nggawe usaha dienggo rabine nawi iyane melaku nyulungi.
Masiya gedigu, Dadang lan rabine hing sembarangan. Merga rabine ketua divisi UMKM Paguyuban Sinergi Gotong Royong 45, wong keloron iku ngembangaken produk lokal yaiku kopi hang dijuwut teka petani ring Gombeng lan Kalibaru.
Kelawan motto "Kopi itu digiling bukan digunting", iyane nyedhiyani kopi sangrai siap digiling kaya ring kafe-kafe. Ana arabika, robusta, luwak arabica, excelsa, excelsa wine. Sakliyane hang digiling, iyane ya nyedhiyani hang wis dibungkus nganggo saringan (drip). Uga ana kopi rempah.
"Setemene bisa bain dodol kopi sasetan pabrik, taping iki sekaliyan ngejak uwong ngeregani kopi lokal," jare Dadang, "Lan sithik-sithik milu ngejak uwong ngerasakaken enake kopi."
"Marek dipilih, digiling, disuguhaken. Gulane sak selerane wonge. Gelema susu Hun sedhiyani. Rata-rata saiki wong wis padha ngarti gok kopi iku cemeng nana gulane. Wong-wong mangkat ngerasakaken enake kopi pait," jare Dadang.
Rega kopine mung limang ewu merga kopi hang aseli lan enak hing mesthi larang. "Hun tanggo wong hang ngombe ya mung ngombe tepak mbecikaken radiator, cumpune ana hang balik maning."
Sakliyane kopi, Kantin HR ya nyedhiyani panganan liyane kayata rengginang, kelemben, sale, bagiak, kripik gedhang lan liya-liyane gawenane UMKM Banyuwangi. Malah ana hang mbukak dodol lumpia ring ngarep bingkile.
Ndeleng kahanane saiki, Dadang malah metu pengarepane gok asile kantin iki bisa lebih gedhi timbang bingkile.
Mayo ngopi Banyuwangi sulung!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.