Kapan Dina lan Tanggal Laire Gandrung Poniti?
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 12 Juni 2020 07:03 WIB)
- Opini
Pitakon iku mara-mara rungu anter diucapaken ambi para budayawan lan wong hang rumangsa duwe gati nyang Kesenian Gandrung, merga ring KTP (Kartu Tanda Penduduk) ruwahe Gandrung Poniti ketulis tanggal 07-06-1961. Alae sak durunge, angger ditakoni media, Mbok Pon ngaku umure 77 taun sonder nyebutaken dina, tanggal lan taun. Embuh paran hang dadi pertimbangane, kok mara-mara ngongkon kancane nggoleti utawa ngurus endi hang bener tanggal laire Mak Pon hang dadi Maestro Gandrung Banyuwangi.
Kadhung nurut asile wawancara Doktor Ikwan Setiawan teka Fakultas Ilmu Budaya (FIB) Universitas Jember, almarhumah mula kurang pati dhemen kadhung nyebutaken tanggal laire. Paling mung nyebut umure, iku bain kadhang beda ambi hang diomongaken nang wong liya. Alasane hang kerep sing bisa nyebutaken tanggal laire, lali lan sing ana hang nyathet taun sak mono. Naming Mak Pon magih enget kapan iyane mulai nggandrung maning teka uwise mandhek merga G.30 S/PKI, yaiku taun 1967 kaya hang kasebut ring buku (Kebudayaan Using, Konstruksi, Identitas dan Pengambangannya, Penerbit Ombak 2016 hal. 2 ).
Tulisan ring buku mau dibeneraken ambi Sahuni, koreograper senior hang uga magih tangga sak Kecamatan. Sahuni hang sak uwise metek alharhumah ring Dusun Tegalmojo, Desa Kemiri ngomong nyang reporter BanyuwangiTV, kadhung iyane kancaan lan bareng nong kesenian sakat tahun 1960. Wayah Sahuni melebu dadi Pegawai Pemda Banyuwangi tahun 1965, almarhumah prei nggandrung, aju mulai maning tahun 1967. Sahuni hang dadi saksi lan milu bareng, mergane wayah sakmono iyane sak liyane panjak Janger uga ngurusi kesenian sakat Bupati Joko Supaat.
Tahun 2019 kepungkur, gandrung Pon diwawancarai ambi Bintoro Jalu teka BanyuwangiTV ring Umah Budaya Kebo-Keboan Alasmalang. Tepak ditakoni umure, sakkal njawab kadhung wayah sakmono umure 77 taun. Kari ngitung, kadhung taun 2019 umure wis 77, aju laire padha ambi 2019 disuda 77 yaiku 1942 utawa tepak jaman Jepang. Melebu akal kadhung diitung-itung, berarti kawitan gandrung umur 18 tahun yaiku pas tahun 1960. Alae ring keterangan liyane, ruwahe mulai belajar nggandrung iku sakat umur 8 taun, utawa tahun 1950 (kadhung pancen lair tahun 1942).
Saktemene arep ngelacak endi hang bener wayah gedigi lan saiki iki, kayane wis sing ana gunane. Naming kanggone wong hang duwe kawigaten nyang kesenian Gandrung, pantese magih ana gunane kanggo ngencengaken sejarah. Masiya gedigu, hang perlu diweruhi sak durunge ngelacak mau, yaiku tradhisi hang dadi mburitane Gandrung Pon hususe lan wong Using umume. Iki penting, mane sing larad nyang endi-endi lan gage meruhi aju mahami.
Kanggone wong Using, dina lan tanggal lair iku kelebu barang hang sing ulih diumbar. Isun sing ngomong wong liya lan ngarang-ngarang, iki sun alami dhewek. Wayah sekolah arep lulus SD, guru kelas njaluk tanggal ulan lan taun lairisun, mesthi bain isun langsung wadul Bapak sak perlu ngomongaken penjaluke guru mau. Temakaken Bapak sing nyathet, aju perotongan takon nyang ruwahe Wak Udin, guru ngaji hang nduwe anak sak pantaranisun. Wak Udin magih nyimpen tulisan ring saka umahe, nganggo enjet putih hang wernane wis burek. Cumpu nulise nganggo penanggalan Arab, aju bingung maning nepakaken ulan Arab ambi ulan umum.
Wayah sakmono isun aju ndhedhes Bapak, apuwa sing dicathet dhewek tanggal lair anak-anake? Bapak mung nguweni ancer-ancer, kadhung isun lair pas jaman ruwed utawa Gestok (G-30 S/PKI). Malahan sampek sing kober nguweni aran ambi selametan, merga wong lanang-lanang ring kampung kudu ngungsi nyang panggon liya angger bengi. Teka keterangan cekak mau, isun wis nemokaken taune yaiku 1965. Aju bingung nggolet tanggal lan ulane. Takon maning nang Pak Uwek, jawabe ya sing jelas. Pungkasane sun awur bain, pokok mane gage ditulis ring ijazah SD.
Isun magih durung terima ambi keterangan Bapak hang sarwa cendhek lan kaya ana hang disengidaken. Aju ndedes Pak Uwek, apuwa tanggal lair kok sing ana hang nyathet iku. Pak Uwek wayah iku ambi ngundha ambegan njelasaken, kadhung wong Using mulai jaman bengen sing ana hang ngumbar tanggal laire. Mergane, tanggal lair kanggone wong Using iku pengapesan. Kadhung ana wong hang sing seneng, aju weruh tanggal laire, aju digoleti wetone (dina lan pasaran), gampang seru arep ngerah patine. Makane wong-wong bengen iku sing ana hang gelem nyebutaken dina tanggal lan ulan pesthine wayah lair, kadhung ring KTP metu tanggale, iku angger kecap kanggo nyukupi sarat adimitrasi.
Teka gambaran ndhuwur mau, isun aju bisa mahami. Apuwa Gandrung Poniti mesti muter-meter kadhung ditakoni tanggal laire? Kelebu hang ring KTP beda adoh ambi sak temene. Pantese bain almarhum kelebu wong Using jaman bengen, magih ngugemi tradhisi uripe wong bengen hang kaya sun ceritakaken ring ndhuwur mau. Kadhung wis ngerti, muga-muga aju paham aja ngoyak-oyak takon tanggal laire Gandrung Poniti sak benere. Mane wis iku dadi rahasiane ruwahe sampek tekan patine. Muga padhang dalane lan jembar kubure ya Mbok Pon. Dipangapura kabeh salah lan luputrika, uga diganjar suwarga kabeh amal rika ring donya. Amin ya robbal alamin.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.