Kejimen: Rembuge Jagat Alus Lan Jagat Kasar (tulisan 1 teka 3)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 19 Mei 2021 08:08 WIB)
- Opini
Ater-ater: Merga pageblug, taun iki upacara Seblang, hang biyasahe dianakaken sakmareke Idul Fitri, hing ulih digelar. Setemene kelendi wong hang dadi penari seblang iku bisa kejimen? Tulisane Arif Wibowo lare Lulian ring buku Sastra, Seni, Santet (Penerbit SKB 2017) iki nyacak njelentrehaken paran hang ana ring wong hang kejimen, kaya penari Seblang iku.
Ritual adat Seblang hang dianakaken saben taun ring desa Ulih-ulihan (Olehsari, Kecamatan Glagah) mula dadi tetengere ritual adat khas Using. Ritual adat iki kenthel ambi pengaruh ritual pra-Islam, kerana magih ngelakoni ritual hang ana hubungane ambi jagat alus, alam gaib lan berayane kayata danyang desa, uga sesambungane ambi tokoh hang mbabad desa kawitan, “hang mbahu reksa.”
Akeh ritual adat hang merujuk ring masyarakat Using parek ambi kahanan iki. Hing maido, kerana Bumi Belambangan dadi wilayah pungkasan melebune agama Islam ring telatah Jawa, uga dadi benteng pertahanane Bali kanggo mbebeng pengaruhe Mataram hang uga duwe misi nyebaraken Islam. Sing mung ring Ulih-ulihan, ring Bakungan uga ana Seblang, ring Aliyan lan Alasmalang ana Kebo-keboan hang padha-padha ngelakoni ritual adat hang kenthel hubungane ambi jagad alus.
Saben desa Using duwe cara hang maneka rupa ngungkapaken rasa sukur nyang Hang Maha Kuwasa. Semono uga masiya padha-padha ritual adat Seblang, antarane Ulih-ulihan lan Bakungan duwe cara hang beda. Kadhung hang dadi jelas wis katon beda, tatacara lan urutane uga beda. Ring tulisan iki arep sun cacak mbahas ritual “Kejimen” hang ana ring Seblang Ulih-ulihan. Ritual kawitan kira-kira dianakaken sak ulan sedurunge seblang diangkati. Mula magih arang hang mbahas ritual iki. Ritual iki sak laku dawane jaman uga ngalami perubahan hang dinamis.
KEJIMEN, asal ukarane teka ukara JIM, yaiku wong alus hang urip ring alam gaib utawa alam alus. Kejimen, ritual nyusupe jim (wong alus) nyang ragane menungsa (trance). Wong hang kesusupan iki dadi perantara rembug antarane wong kasar lan wong alus. Umume wong nyebut kahanan iki kerasukan, taping kadhung istilah lokal kaya ring Ulih-ulihan khususe lebih dikenal ambi istilah “Kejimen”. Ritual Kejimen, dianakekan kira-kira telung minggu sedurunge seblang diangkati. Ritual iki dadi wadhah rembuge antarane wong kasar lan wong alus. Perangkat desa, perangkat seblang lan para danyang hang mbahu reksa desa kumpul dadi siji.
Sakdawane jaman, miturut ceritane wong tuwek lan wong hang magih ngalami jaman kejimen rikala semono, akeh cerita hang perlu diweruhi ambi generasi enom-enoman jaman saiki. Sak using-usinge miturut pengamatan penulis ulihe juger-juger nyang wong tuwek, ana telung jaman hang mbedakaken kejimen bengen lan saiki. Yaiku 1) wingi-1984, 2) 1985-2010, 3)2010-seperene. Kelendi ceritane kejimen ring telung jaman iku?
(Ana sambungane ring bagiyan 2)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Sastra, Seni, Santet
Editor: Hani Z. Noor