Kejimen, Rembuge Jagat Alus Lan Jagat Kasar (tulisan kepindho teka 3)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 20 Mei 2021 08:57 WIB)
- Opini



Ater-ater: Merga pageblug, taun iki upacara Seblang hang biyasahe dianakaken sakmareke Idul Fitri, hing ulih digelar. Setemene kelendi wong hang dadi penari sebnalgn iku bisa kejimen? Tulisane Arif Wibowo lare Lulian ring buku Sastra, Seni, Santet (Penerbit SKB 2017) iki nyacak njelentrehaken paran hang ana ring wong hang kejimen kaya penari Seblang iku. Tulisan iki hang nomer loro, kesuk ana hang nomer telu.

Sakat kala iku tahun 1985 sampek 2010, ritual kejimen hang maune lare penari seblang hang disusupi, aju ngalih nyang rabine Kik Saleh. Sak piturute angger taun, rabine Kik Saleh hang arane Mbah Sutrani dadi pelantaran (media) rembug antarane perangkat adat lan danyang alus. Artine, ritual kejimen hang maune sing bisa ditengeri tekane, sakat mari diemih Kik Saleh, prosesi kejimen bisa diatur. Taping, konsekuensine Kik Saleh kudu ngelilakaken ragane hang wadon yaku Mbah Sutrani dadi pelantaran disusupi danyang kanggo bisa rembug antarane wong alus lan wong kasar utawa menungsa.

Kejimen jamane Mbah Sutrani iki bisa disakseni sapa bain, perangkat seblang uga masyarakat tangga tanggane mbah Sutrani. Penulis uga kerep ndeleng nyakseni ritual iki, kerana sing adoh teka umah. Ritual Kejimen iki dianakeken sepat malem Jemuah lan malem Senin, antarane mari Isya sampek jam sanga bengi. Sing kaya jamane kejimen sak durunge, hang tingkahe sing karuwan, pelayonan lan penekan. Kejimene Mbah Sutrani, mung cukup turu lumah ring pelanca, matane merem, ngomong hang dikarepi ambi danyang penyusupe.

Kawitane mangkat, Mbah Sutrani wis kesusupan, biyasahe iyane gendhingan nganggo basa Jawa kulonan.“Nek Pak Lurah, nek Pak Lurah kengken meriki, lek mboten ngeriki Kula  mboten purun” Iku pertandha, kanggo nganakaken rembug iki kudu ditekani ambi pemimpin desa yaiku Pak Lurah lan perangkat desa, uga hang sing kalah penting kudu ditekani perangkat adat seblang. Ring rembug iki biyasah namtokaken sapa lare hang dadi seblang. Lare calon penari seblang iku diceluk, kudu milu ngadhiri rembug iki dikancani wong tuweke pisan. Kahanan dadi tambah kerasa magis kadhung ring antarane rembug iku sing ana kecocogan, kadhangane Mbah Sutrani ngamuk sikile digejugaken ring pelanca. Miturut ceritane, hang nyusupi ragane Mbah Sutrani iku para danyang hang njangkungi desa Ulih-ulihan kaya, Buyut Cili, Buyut Kethut, Mas Aji Anggring, Sayu Sarinah, Kik Jalil lan Mbah Saridin. Para danyang desa iku nyusupi ragane Mbah Sutrani gentenan, nyampekaken pesen lan kesepakatan liwat rembug iku.

Kadhung tepak seblang pungkasan, ana prosesi Ider Bumi, Seblang diarak keliling kampung.  Seliyane ngelilingi kampung lan njuged ring panggonan-panggonan hang dianggep sakral, Seblang  uga mandheg lan ngampiri umahe Mbah Sutrani lan Kik Saleh iki. Kahanane ibarat ketemu antarane anak lan emake hang suwi sing kecaruk, mbah Sutrani uga kejimen pisan.

Dhonge Mbah Saleh sampek umur tahun 2008 kepungkur, ritual hang biyasahe ana ring taun-taun sedurunge kanggo taun iki sing ana. Malah ring antarane taun 2008 iku ana masalah-masalah hang diadhepi Seblang. Kaya hang wis umum ring kalangan masyarakat Banyuwangi hususe ring kalangan pemerhati kebudayaan, adat lan tradisi, kadhung Seblang ring taun iku ngadhepi masalah hang seru sarane. Seblang hang sing bisa kesusupan nggarai seblang wurung dianakaken lan kudu ganti penari. Semono uga ana masalah liya hang jare ana kepentingan liya, seliyane kepentingan adat, yaiku kepentingan politik.

Sak peninggale Mbah Saleh, durung anane wong adat hang bisa ngganteni paran hang dilakoni Mbah Saleh. Iyane bisa diarani uwong hang bisa dadi “colok”, uwong hang bisa “negosiasi” antarane wong alus lan wong kasar. Sarta Mbah Saleh wes ninggal donya, ana kekosongan peran iki. Perlu diweruhi, setemene Mbah Saleh sing ana urut-urutane turunan perangkat seblang. Masiya gedigu, iyane nduweni kemampuan kanggo ngemih Sumber Umbul hang bisa marekaken masalah “konflik” antarane wong alus lan wong kasar.

Kerana durung ana uwong hang bisa dadi “negosiator” hang nggantekekan perane Mbah Saleh, mulane iku seblang sing bisa sukses dianakeken. Pungkasane, penari seblang hang maune wis kepilih yaiku lare wadon arane Tika dhonge wis dikutugi sing bisa dadi. Tika wurung dadi seblang, perangkat adat oleh wangsit nunjuk Tutik hang uga magih turune seblang ngganteni Tika. Taping tetep bain sing bisa dianakaken. Sampek-sampek, dina iku kondisi ring kalangan (arena pertunjukan) seblang dadi sing karuwan, akeh wong kejimen. 

Suwijne dina, ana wong hang ulih wangsit yaiku Mbah Nik. Miturut penemune Mbah Nik, penari seblang kudu dibalekaken maning nyang penari hang sulung, yaiku Su’idah. Turneya, jatahe Su’idah nari seblang setemene wis entek. Anane petunjuke Mbah Nik iki, seblang bisa diangkati maning. Su’idah hang duwe turunan pancer seblang teka Mbah Juni iku, masiya jatahe dadi seblang wis entek kanggo sakwetara kudu lila ngganteni kekosongan sampek taun-taun sak ngarepe.

Su’idah ngisi kekosongan penari seblang kaitung sampek taun 2013, sakat marine kedadeyan wurunge seblang taun 2008 iku. Sarta Su’idah dadi seblang, ritual adat iki dianakaken tanpa alangan. Kerana, jatahe Su’idah dadi seblang wis dirasa tuwuk seru, taun 2014 wayahe ganti penari seblang hang anyar.

Kerana sing ana ritual kejimen kaya jaman ruwahe Mbah Saleh, masyarakat lan perangkat adat nganten-nganteni pituduh sapa kira-kira lare hang bisa ngganteni Su’idah iki. Pungkasane, suwijne dina ana salah sijine masyarakat Lulian hang mara-mara kejimen. Kejimen hang dialami wong iku nduding lare wadon hang arane Miftahul Jannah. Miftahul Jannah lare perawan teka desa Jambesari-Giri hang magih anake penari seblang taun 1992-1995 yaiku Lasmini. Kesepakatan teka perangkat seblang diputusaken kadhung seblang taun 2014 hang dadi Miftahul Jannah iki.

Hing disangka-sangka sedurunge, tibane kahanan taun 2008 iku kedadeyan maning. Ritual Seblang gagal, kerana Miftahul Jannah sing bisa dadi seblang. Masiya wis dikutugi ping kaping-kaping, aran nyiru sing gelem diteblukaken, dadi pertandha ragane lare iku magih durung kelebon danyang. Pungkasane ritual seblang dina iku ditundha sulung, sampek nganteni pitudhuh kelendi seblang iki kudune.

Ring masalah iki, akhire Mbah Nik oleh pituduh kadhung kanggo sakwetara nganakaken seblang taun iki penarine diganti Su’idah maning. Pituduh iku sing liwat kejimen kaya hang biyasane dilakoni jamane Mbah Saleh liwat pelantaran rabine, Mbah Sutrani. Mbah Nik kahanane sadhar sing kejimen, ngumpulaken perangkat desa lan perangkat seblang njelasaken kahanan seblang setemene kala iku. Miturut iyane, hang uga cerita nang penulis, petang penjuru desa dalane ditutup nggarai danyang sing bisa melebu. Kanggo ngerumangsani rasa syukur, sedurunge seblang diangkati maning, Mbah Nik nganakaken selametan. Selametan iki dianakaken teka karepe pribadi tanpa njaluk sumbangan teka desa lan masyarakat. Selametan kala iku uga ditujukaken kanggo rumangsa syukure kerana selamete masyarakat lan selamete desa bisa nganakaken seblang maning.

Kanggo pelakasanaan Seblang taun 2015 hang wis dianakaken sak marine lebaran sabene, pungkasane Su’idah wis pensiun dadi seblang. Pituduh sapa hang dadi seblang uga sing luput teka perane Mbah Nik. Hing kathik liwat kejimen mung liwat wangsit pituduh, Mbah Nik nguweni weruh gok hang dadi seblang taun 2015 sabene uga magih putune Mbah Juni, anak wadon pamane Su’idah. Lare kelas loro SD iki kecathet penari seblang hang paling enom sak dawane sejarah seblang, kerana wis dadi seblang tepak umur wolung taun.

(Ana sambungane maning tulisan nomer 3-entek)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sastra, Seni, Santet, Sekumpulan Artikel Tentang Banyuwangi

Editor: Hani Z. Noor