Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 15 September 2024 09:49 WIB)

Kekarepan Sewera Kedhokan (Cerita Cendhek)


Kekarepan Sewera Kedhokan 

Dianggit nyang: Siti Maesaroh 

 

“Urip sing perlu sugih, naming kudu seneng. Sugih durung karuwan senenge, serta seneng bisa ndadekaken uripe sugih. Masiya sing sugih donya, bisa sugih agama, sugih dulur, sugih kanca. Sumbere ana ring ati. Sira kudu pinter nata ati. Tegese, paran anane Sira, kabeh kang Sira duwe iku kersane Gusti Allah. Kudu diterima uga disukuri. Sing perlu ngundhat-undhat paran maning maido mung merga sing sugih donya. Magih akeh kang urip nelangsa timbangane Sira. Mula Sira sing duwe bapak, taping tetep kudu sukur merga sira magih duwe emak. Uwis aja nangis! Gage sekolah!” 

***** 

Kelipe Lintang wetan ring ndhuwuran magih katon padhang. Silir semilire angin dalu magih kerasa. Remeng, oncore donya durung ngelilir. Pitik ning kandhang elore umah buru siji kang kukuruyuk.  Kemul sarung sun pancal maning. Saya singset meluk guling. Emak keluthak-keluthek wis ebuk ring pawon. Dandan geni ring bengahan nganggo kayu jajang, mucusi beras ring iline banyu, mbilasi janganan ulihe pethik-pethik ring sawahan. Kemeronyos tahuk ning penggorengan. Welek kemebul ring suwunan. Saben dina lakune padha. Kaya sepur melaku ning erile. “Beng… Beng… tangiya! Gage adus, sembayang!” Kadhung emak wis mberak tandhane sega wis napung karon. Isun kudu tangi. Kudu wis wangi. Aju madhep ring Gusti. Ngiberaken donga muga-muga diparingi seger, waras, lan gangsar rejeki.
   Isun ambi emak urip keloronan. Bapak wis mulih nyang Pengeran sakat isun umur rong ulan. Emak nyageraken asile buruh tandur utawa matun dienggo mangan sedinane, uga mbandhani isun sekolah SMP. Emakisun jaya, saben dina ning kedhokan, ning panasan. Mateng sega wis dines nganggo capile, nyangking tas isi salinan. Sing lali pelasan sega cawise mangan engko lohor. Kadhang ya mung nyangking banyu merga kang duwe sawah wis nyedhiyani padhangan.
   “Mak… Mak…!” isun melayu liwat tegalan. Marani emak kang magih tandur ning sawahe Wak Ali. Isun sing serantan nganteni tekane emak. Kepingin agage ngomong kadhung isun lulus sekolah. Unyik sing putus sak dawane dalan. Seru bungahe atinisun iki. Sampek sing kerasa sikil gobod endhut, kecebur ning kedhokan. Isun wis nyiyapaken omongan, arep nerusaken sekolah maning. Makene bisa ulih pegaweyan enak. Makene bisa nyenengaken atine emak.
   Kelip-kelip emak katon ning kadohan. Mungkruk-mungkruk ning panasan. Nyulepaken winih pari ring kedhokan. Saya parek sun parani. Jangkahisun saya lendhu. Isun paham emak kepingine isun megawe bain. Milu tandur ning sawah makene bisa nerusaken adate wong tuwek. Anak wadon uripe ning pawon. Nyekel cuwek ambi canthuk. Selisih ati, sun pikir emak ana benere. Kadhung isun nerusaken sekolah, emak kudu tambah patheng megawe, dienggo mbandhani sekolahisun kang larang. Kadhung isun milu megawe emak bisa rada istirahat. Sing perlu ngaya merga isun wis bisa golet pangan dhewek. Selisih ati kang liya, isun sing kepingin nerusaken adat dadi wong tani, kang kudu kepanasen serngenge lan keadhemen banyu udan. Isun kudu medhot tali kemelaratan liwat pendhidhikan. Kaya hang diucapaken kepala sekolah tepak upacara dina Senin.
   “Mak, Isun lulus, wis diumumaken ning sekolah.”  Emak munyik seneng ambi nyawang isun hang magih kongos-kongos. Isun sing nerusaken omongan.Setemene emak wis paham karephun nyampekaken kabar iku merga kepingin nerusaken sekolah. Bandhane sing ana, arep kelendi maning. Isun nulungi emak tandur. Biyasahe mula saben-saben nulungi kadhung sing sekolah, paran maning tepak akeh buruhan. Kanca-kancane emak ya wis paham kadhung isun bakale nerusaken lakune emak buruh tandur.
   Wayah lohor, padha ngempos megawe. Isun lungguh dhewek madhep ngetan. Nyawang tanduran semangka kang wis ngembang. Sing kerasa Wak Ali mara, lungguh ning kidulan. “Sing milu madhang, Beng?” Isun mung thingel. Wak Ali magih dulur, anake kakange embah. Pantese iyane ngarti paran kang sun pikiraken.
   “Marek iki terus nyang endi? Sekolah tah mondhok?” Wak Ali takon.
   "Embuh Wak, paran jare Emak wih," Isun semaur ambi mbesengut.
   "Kadhung atinira kepingine paran? Sekolah?” Wak  Ali masthekaken karepisun.
   “Iya Wak, taping ning Emak dikongkon milu tandur bain. Emak iku sing ngarti kadhung uwong urip iku kudu duwe cita-cita, kekarepan kang dhuwur. Jare gurunhun ika, raihlah cita-cita setinggi langit. Iki nyaling langit, pucuke kelapa bain sing gadug.” Isun nerusaken omongan. Matanhun mulai ngembung iluh.
“Hahaha… Emakira masa sing ngarti, Beng, ngarti, sangking durung bisa ngakoni”, Wak ali ngedhem-ngedhemi ati.

“Cita-cita setinggi langit? Obos, Sira ngarti pira dhuwure langit?” Isun thingel.

“Sapa hang bisa nggayuh? Langit nana watese. Duwe kekarepan iku sing perlu aneh-aneh. Delengen tah kedhokan iki sepengetan! Wera tah sing?”. Isun nulih ngetan aju manthuk. 

“Kadhung Sira duwe kekarepan sedhuwure langit, durung karuwan gaduge. Duwe kekarepan iku cukup sewera kedhokan. Sewera-werane kedhokan magih bisa Sira parani. Masiya adoh kadhung Sira niyati mesthi gaduge. Paham?”. Isun thingel.

 “Tegese gedigi, Sira ulih duwe kekarepan paran bain, dadi guru, bidhan, dhokter, pulisi. Taping, kudu ndileng kahanane kira-kira mampu tah using. Aja maksa kadhung mula sing bisa. Rungokena! Kabeh bisa kelakon, bisa keturutan kadhung niyatira kuwat, kekarepanira kukuh. Wis tah sing perlu kuwatir. Lakune uwong kabeh ning donya wis diatur hang kuwasa," Isun sing bisa semaur maning. Iluh saya deres ring mata. Wak Ali ngusuki boyokisun.
   Isun melayu mulih, sing pamitan nyang emak merga isin kadhung nangis. Ning jero atinisun, mungganeya emak rungu hang diomongaken Wak Ali. Isun sing weruh maning kudu kelendi. Kabeh sun balekaken ning Gusti Allah bain. Isun kudu yakin Allah ngewani dalan kang apik kanggo isun uga emak. 

***** 

Kelambi wis kelimis sun seterika. Sun enggo madhep ning kaca. Siji-siji kancing sun lebokaken. Celana wis sun panthelaken. Sepatu meromong gemilap. Dina iki isun mangkat megawe. Emane sing kepanasan ya sing keudanan. Magih enget omonge emak kadhung wong wadon uripe ning pawon. Magih enget rasane tangisan bolak-balik njaluk sekolah maning. “Dilengen Mak, sing ana kang nyangka anakrika saiki dadi pegawai negeri!”. 

  

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor