Kelemben Gula Aren (Bolu Kuwuk) Mbok Juwanah

Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 23 April 2022 10:01 WIB)
- Kuliner



Puwasa wis kelakon ulih selikur dina. Temune sedhilut engkas awak dhewek nak mapag tekane ulan Syawal, alias lebaran. Kelendi dulur-dulur, toplese wis pating ebek isine tah? Utawa magih kothong?

Wis anjerah lan mula ana perintahe dak nyenengaken dhayoh tepak sanja iku apik, ana ganjarane. Wayah lebaran, ring saben umah bisa dipastekaken akeh suguhan jajan hang wis dietap ring toples-toples. Embuh iku gerimikan kaya gerunggung, opak gulung, komak, kembang goyang (jajan matahari), sato’, keciput, kuping gajah, pastel, widaran, sepur mundur lan wakeh liyane. Utawa jajan bakaran hang jare aran kastengel, nastar, putri salju, semprit, lidah kucing, lan sepiturute.

Sing kelalen Kelemben utawane Bolu Kuwuk, jajan hang wujude kaya bathoke kura-kura utawa kaya kuwuk iki cocog disuguhaken tepak lebaran hang paceke disandhingaken ambi kopi sak cingkir. Taping sing kabeh uwong omes olah kelemben/bolu kuwuk merga rada sara. Lan olahe sing nganggo openan (oven). Aja kuwatir, Mbok Juwanah nerima pesenan Kelemben/Bolu Kuwuk kanggo ngiseni teples-toples rika kabeh.

Gedigi resep kelemben/bolu kuwuk gula arene Mbok Juwanah:

Gelepung (terigu) 1kg

Endhog 10

Gula pasir ½ kg

Gula aren ½ kerek

Jahe sak ros

Vanili ½ sendhok teh

Soda kue ¾ sendhok teh soda kue

Jahe kudu wis diparud sulung. Serehne gula arene ya kudu wis dikesrik. Kabeh bahan (gelepung aja mandak) mauka dicampuraken dadi siji. Dikopyok kira-kira sampek ngembang.

Mbok Juwanah ngopyoke nganggo mixer sulung terusane ditutugaken nganggo manual. Dikopyok sampek endhoge ngembang, suwine kira-kira sak jam. Setemene kadhung dikopyok manual (sing kathik nganggo mixer) asile saya apik, ramed. Taping ya digu, lengen mari-mari kipo. Mixer dienggo kawitan, gena gula pasire gancang ajur.

Serta wis adonane ngembang, gelepung dikuntek sithik-sithik ngarepaken arep nyithak lan manggang.

Sakdurunge dipanggang, bengahan kudu wis siyap. Cithakan kudu wis ditumpangaken (dipanasi). Manggang adonan kelemben sing keneng nganggo geni murub. Kudu nganggo mawa.

Bengahan hang dienggo Mbok Juwanah iki, mula bengahan husus kanggo olah kelemben/bolu kuwuk. Merga sedina-dina, bengahane iki sing bisa dienggo olah-olah kaya ngindel dandang utawa masak. Bengahane kelemben utawa bolu kuwuk iki dipopok semen gena sing gelis rompol. Mbok Juwanah uga nyepakaken tutupan kaya seng (tong pecake oli hang wis dirijigi). Kanggo nyelehaken sepete kelapa ring ndhuwure cithakane.

Isenana sulung cithakan ambi adonane. Aju aja lali ditutup, lan diuweni sepet kelapa hang melkedhek. Manggange iki sing suwi, kira-kira 7 menitan bain sampek kelire wis soklat semu kuning emas.

Gandane kelemben/bolu kuwuk hang buru dientas mari-mari arume. Kelemben/bolu kuwuk olahane Mbok Juwanah iki sing nganggo pengawet lan pemanis buatan, mulane mung tahan sak ulan bain. Yara wis cukup kanggo nyuguhi dhayoh lebaran jampleng.



Timbang rika olah-olah dhewek lan durung karuwan dhuweg, durung karuwan apik asile (paling gempung wkwk), pesen bain Kelemben/Bolu Kuwuk Gula Aren nyang Mbok Juwanah, tilpun nyang 08113504443. Regane sekilo Rp. 65.000,- isine kira-kira 44 iji. Enak yara terima beres, sing usah ngopyok, sing usah keneng weleke sepet kelapa. Wis gancangana, selak tutup. Selak lebarane teka!

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Zessy Irama

Editor: Hani Z. Noor