Kelendi Banyuwangi Duwe Karya Sewu Cerita Setaune?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 24 Oktober 2024 08:59 WIB)
- Opini



Tepak dadi narasumber ring kegiyatan Kemah Cerpen Tunas Bahasa Ibu hang dianakaken Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) ring Surabaya tanggal 21-25 Oktober 2024, isun saya kepileng mbayangaken kelendi sarane guru-guru mulang basa Using.
   Lalare hang milu Kemah Cerpen iku sun takoni, sapa hang tau maca majalah anak-anak kaya Bobo? Kabeh dhileg-dhileg. Sapa hang tau maca koran? Kabeh mung pandeng-pandengan. Sapa hang tau maca cerita rowat (online), mung lare siji. Aju paran hang dienggo modhal lalare iki milu ngembangaken "Sastera Using"?
   Gedigu salah siji masalah kang diadhepi ring guru-guru milu njejegaken basa Using.
   Durung maning masalah iki: Materi wacan kanggo nyugihi ilmune lalare. Marek sinau ring kelas, kelendi lalare bisa nemu materi basa Using ring njaba. Ana tah majalah, koran, siyaran radhio, program tipi, materi online hang nganggo basa Using kanggo lalare?
   Majalah basa Using  hang saiki magih dicetak kari mung Lontar Using hang diterbitaken BBJT. Naming isine kanggo wacanan wong gedhi lan mung terbit 6 ulan sepisan lan hing akeh. Kira-kira majalah iki kayane hing nggadug nyang sekolah, guru, paran maning murid-muride.
   BBJT uga nduwe materi wacanan kanggo lalare hang bisa dibukak online setemene.
   Medhiya online ana belambangan.com naming edhisi dina minggu hang njumbulaken sastera, umume dienggo wong gedhi dudu lalare.
   Ana kanal youtube TV Bain hang nampilaken dongeng kanggo lalare.
   Kudune Pemda, Dinas Pendidikan, bisa ngawiti kaya hang dilakoni BBJT, nyedhiyakaken materi hang bisa diakses sapa bain, kelebu lare-lare. Kelendi carane?
   Hang paling gancang, Diknas ngongkon lalare nggawe cerita cendhek, aju diedhit makene meludhih, bisa dienggo bahan wacan lalare. Paling using kadhung sak sekolahan SD lan SMP kudu ngirim sak judhul, wis ulih lebih 900 judhul. SD ana 825 lan SMP lebih 100 sekolahan.
   Kadhung ana emeh 1.000 karya, lare-lare hing kira kaentekan bahan wacan. Paran maning tugas nggawene ceritq cendhek iku digawe saben taun, setaun ulih 1.000, Banyuwangi bisa dadi kabupaten hang paling sugih nduweni karya sastera hang ditulis para siswa.
   Nawi kelawan cara iki, kaya hang ditulis wong Landa, P.J. Zoetmulder, Banyuwangi bisa dadi kiblat tulisan.
   Jare Zoetmulder sakat abad 17-18, ring Banyuwangi akeh ditemokaken karya sastera hang beda ambi hang ditemokaken ring Jawa liyane. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf