Kelendi Nasibe Naskah Pengayaan Basa Using?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 Juni 2022 05:02 WIB)
- Opini
Ana hang nggawe girang ring tanggal 16 Juni 2022 sore. Dinas Pendidikan, nggawe soal kanggo Asesmen Kompetensi Siswa Akhir Tahun (AKSAT) Semester Genap Sekolah Dasar taun 2021-2022, Tes Bahasa Using kanggo kelas IV, njuwut cerita Watu Ula Seruni teka buku Kembang Ronce 2016.
Buku Kembang Ronce iki mula diterbitaken saben taun sakat 2013 teka asile Lomba Nganggit Cerita Cendhek Basa Using. Dikawiti anane Lomba ring ulan Januari-Mei, diumumaken pemenange ring ulan Mei/Juni, aju ulan Desember diterbitaken buku kumpulan cerita iku mau dipilih mulai hang dadi pemenang lan cerita liyane hang dirasa apik.
Kebeneran Watu Ula Seruni iki cerita rakyat hang diceritakakrn maning ambi Mohammad Nur Rofiq (Opiex Brajanala akun FBne). Tepak taun iku iyane menang ring kategori Umum dadi pemenang Terbaik 1 lan 3 kelawan judhul Telik Sandi Pilih Tandhing.
Mula edhisi Kembang Ronce 2016 iki edhisi husus. Kadhung biyasahe Lombane hing diwatesi tema, Lomba hang taun 2016 nduwe tema Dongeng. Embuh merga diwatesi temane iku wong hang milu Lomba saya sithik. Hang biyasahe taun-taun liyane lebih teka 50 karya, taun 2016 iki mung 38 hing sampek 40 belaka. Dadi kadhung dideleng, Kembang Ronce 2016 hang paling tipis bukune.
Taping hing ngurangi isine merga akeh judhul-judhul cerita rakyat hang njumbul kayata Puthuk Perliman Pusere Dalan (Mita Wafa Wulandari), Mbok Sritanjung Arane (Almayda Damayanti) lan liya-liyane ring kategori SMP. Dene kategori SMA/Umum ana Thulike Alas Sikil Gunung Ijen (Ida Nur Safitri) lan naslah tambahan hang hing milu Lomba kayata Teka Barong Sumur, Rajegwesi sampek Ketapang (Syamsulhadi) hang nyeritakaken aran-aran akeh dhaerah ring Banyuwangi, Lugonto; Penggetesan; Kesatriyan (Moh. Syaiful).
Sakat Lomba taun 2016 iku Mohammad Nur Rofiq wis dipenging maning milu Lomba taping ditawani tantangan hang lebih gedhi yaiku nggawe buku dhewek taping seperene naskahe durung dadi.
Wis dadi anjrahe, wong-wong hang langganan dadi pemenang hing ulih maning milu Lomba taping diwani kesempatan nulis sak buku dhewek. Kayata Moh. Syaiful nulis Agul-Agul Belambangan, Nur Holipah nulis bareng ambi Syaiful yaiku Jala Sutra, Ahmad Muzakky El Fayed nulis Lancing Tanggung, lan Ridzkiya Karimatus Sholeha nulis Kembang Galengan.
Paran tujuwane nggawe Lomba lan nerbitaken buku Kembang Ronce? Salah sijine ya nyugihi literasi hang nganggo basa Using lan bisa dadi bahan wacanan lalare. Kanggo wong hang nggawe soal, bisa dadi sumber wacanan hang dietokaken kanggo ngetes pemahaman lalare bab tulisan hang nganggo basa Using baku. Polae maning lalare Sekolah Dasar hususe sinau basa Using ring sekolahan minangka Muatan Lokal taping ring njaba seketane arep nggolet wacanan kanggo pengayaan. Mesthine mula hing cukup basa iku diajaraken nong sekolahan, murid-murid kudu bisa ngerungokaken basa iku ring radhiyo, ndeleng program hang nganggo basa iku ring tipi, bisa nemoni naskah hang nganggo basa iku ring buku, majalah lan kadhung saiki ring media online. Kadhung using, kelendi lalare sinau basa hang sebenere, hang digawe ring masarakat?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.