Kelendi Pungkas lakune Angklung Caruk Saiki

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 17 April 2025 08:04 WIB)
- Esai



Kudu temetes rasane banyu mata iki, ngerungokaken gesahe Wak Sahlan Sungeb nong genjot Angklung Caruk Jambewangi Sempu ring tengah-tengahe dina lebaran tahun iki.

"Iki pungkasan Isun milu angklung caruk wis Dhik," Wak Sahlan ngawiti gesah ambi disakseni Kang Sahlan Selenthem lan Pak Sapi’i, satu’ angklung Banje. Kelendi maning jare, iyane wis tuwek lan wis cukup anggone milu cawe-cawe lan ngerumat angklung caruk sakat jamane Anang Said Badhes tahun 70-an.

Sahlan Sungeb kelebu pemain satu’ angklung caruk Rampan Singojuruh hang wis kesuwur nong Banyuwangi. Ring endi ana bain angklung caruk mesthi iyane milu tandang. Sing mung grup Sumber Wangi Pasinan bain hang wis dipiloni. Sekar Tanjung Alasmalang, Bolot Aliyan lang liyan-liyane sing sithik wis tau dipiloni.

Sing serantan isun takon maning, "Sapa engko hang nerusaken Rika iki Wak?" takonisun maning. Iyane njawab entheng anakisun hang bakale nerusaken. Isun rada ayem merga saure Wak Sahlan bisa nenteramaken ati iki hang wedi angklung caruk Banyuwangi iki mati sing ana peneruse.

Sakat jaman-jamane angklung caruk iki rame ring tahun 70-an sampek taun 80-an Wak Sahlan Sungeb merana-merene nggethu nong angklung caruk. Angklung Caruk Badhes ya wis tau carukan ambi isun jaman bengen isun ana ring Angklung Caruk Rampan. Ruwahe anang Ajin hang nyekel angklung caruk Badhse iku wis ibarate kaya kanca dhewek masiya musuhan ana ring genjot angklung caruk.

Mula sing gampang anggone dadi satu’ angklung ana ring angklung caruk, merga kudu kuwat atine lan kuwat tekade anggone tetep sinau lan latihan gendhing saban dina. Nggawe kelocian hang arep dicarukaken nong genjot mesthine kudu titi lan kudu disengidakaken makene musuh hang ana ring genjot engko sing weruh lan sing bisa niteni. Sakliyane kelocian yaiku arupa tabuh melodi kereasi hang variatif satu’ angklung kudu bisa nggawa kabeh gendhing hang arep diadu. ring wayah adu gendhing.

Satu’ angklung manggone ana ring ngarep lan mesthi adhep-adhepan langsung ambi musuh, mesthi bain iki kudu duwe ati hang tatag aja sampek gupuh lan bingung ngadhepi musuh hang uga nggudha makene tabuhane iku rusak lan sing bisa mbatak gendhing hang diadu. Jaman bengen satu’ angklung hang kesuwur mesthine ya Anang Said Badhes.

Paran maning hang aran royake penonton. Penonton pendhukunge musuh mesthi bain milu oyak-oyakan makene musuhe sing bisa ngelayani gendhing hang diadu. Ring kana satu’ angklung kudu duwe mental hang kuwat lan ati hang tatag. Sing sithik satu’ angklung hang sing bisa nahan amuke. Ana uga ring jaman bengen satu’ angklung sampek ngadeg marani musuhe lan mathok endhase musuhe nganggo tabuhe angklung, pungkasane tabuhan caruk dadi kisruh lan tawur antarane pemain lan pemain uga antarane penonton lan penonton.

Panatike penonton mula ya sing sukur-sukur ring jaman taun 70-an sampek taun 80-an kadhung ana tontonan angklung caruk. Pendhukung panatik iki bisa teka nggawa trek meh sak kampung kadhung angklung caruk dhemenane main.

Naming iku kabeh saiki wis sing ana. Penonton angklung caruk jaman saiki mung sak gelintir, iku bain akeh-akehe wong-wong tuwek hang ngarti tabuhan angklung caruk. M. Ikwan salah sijine pemain selenthem angklung caruk Banje nyatakaken kudu ana renopasi yaiku usaha anyar hang ndadekaken angklung caruk iki bisa didhemeni maning penonton jaman saiki. Ikwan nyebutaken umpamane diendohi tari-tarian sedurunge carukan diangkati.

Melaku kendhune angklung caruk ring jaman saiki iki nyatane dudu merga sing ana peneruse. Delengen bain lare nom-noman saiki hang wis wani milu nong angklung caruk. Umpamane bain Sumber Wangi Pasinan hang nom-noman wis akeh, uga Angklung Caruk Kemiren wis nganggo lare nom-noman pisan. Sing kalah uga Sekar Tanjung Alasmalang hang wis nganggo lare nom-noman kadhung iyane kundangan,  hang bisa nerusaken sakmarine golongane Kang Awik, Wyak Sahlan, Wyak Tohan, Wyak Sapi’i, Wyak Slamet lan liyan-liyane.

Kadhung dudu masalah generasi aju paran mergane angklung caruk ring jaman saiki sing ana hang ndhemeni? Iki penemunisun.

Nomer siji, hang mesthine angklung caruk iki butuh ilmu tabuhan hang sing mung sak cuwil, umpamane kudu ngarti teknik tabuh masiya sing bisa nabuh, naming bisa ngarti makene bisa ngerasakaken, merga ring angklung caruk iki panggone pamer teknik lan pamer skill nong tabuhan. Mula iku sing akeh uwong hang duwe ilmu iku ring jaman saiki.

Nomer loro, ring jaman saiki sing akeh uwong hang duwe tanah lan pekarangan wera kanggone ngundang angklung caruk. Kadhung wong saiki duwe gawe iyane cukup ngundang elektone hang cukup panggonan 2 meter musuh 2 meter, sedheng angklung caruk paling sing 6 meter musuh 4 meter, iku magih durung kanggo penontone, hang total pemaine bisa sampek 30 uwong, durung ditambah kru lang tukang unjal-unjale.

Nomer telu, ring jaman saiki wis sing ana uwong hang bisa duwe waktu suwe kanggone nonton angklung caruk hang keliwat dawane. Mangkat isuk jam sanga buru mari  dhung wis wayah asar mangkat. Kadhung sing bisa ngetutaken sampek soren mesthine ya sing bisa weruh pungkase tabuhan angklung, merga sapa hang menang buru weruh kadhung wis wayah keyok kepindho. Keyok kepindho iku mesthine buru diangkati sedurunge asar sampek marine kira-kira jam papat. Mesthi bain wong jaman saiki hang akeh duwe urusan dhewek-dhewek ya sing kanti ngetutaken sampek pungkase carukan.

Taun iki ana usahane kanggo nguripaken angklung caruk kelawan angklung caruk mini (cilik) yaiku kelawan nyuda pemaine lan rancakan angklung digawe lungguh, makene sing kariya gedhe lang sing ngentekaken panggonan. Engko kadhung peminate wis mangkat maning ya mesthi bain dibalekaken nyang angklung caruk hang mulane bengen, gedigu jare Adlin Mustika pemain angklung caruk Pasinan serta sun uber terusane angklung caruk iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Moh. Syaiful

Editor: Hani Z. Noor