Kelor anti Virus Corona

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 11 April 2020 14:49 WIB)
- Kuliner



Sakat rame pageblug virus Corona saiki iki, Wong Banyuwangi saya percaya gok godhong Kelor dadi panganan hang akeh gizine lan nggarai sehat. Paran maning jare gabungan peneliti Fakultas Kedokteran Universitas Indonesia (FKUI) lan peneliti Institut Pertanian Bogor (IPB) nyatakaken kadhung godhong kelor, jambu keluthuk lan kulit jeruk bisa nyegah lan ngadhangi virus Corona melebu nyang menungsa.

Paran hang ana ring godhong kelor, jambu keluthuk lan kulit jeruk wis mula nyata ana bahan-bahan herbal hang bisa nyegah virus Corona melebu nyang awak, gedigu jare Ari Fahriyalsyah, Dekan Fakultas Kedokteran UI ring sakjerone wawancara ambi salah siji setasiun tipi ring Jakarta.

Bengen Panganane Wong Melarat

Jangan kelor kanggone wong Banyuwangi dudu panganan anyar, naming wis sakat jaman kuna-makuna dadi janganan dienggo mangan sabandina ambi sega. Bengene mula dadi panganan hang kala butuh bain. Kadhung wis sing duwe picis dienggo tuku daging lan iwak-iwakan, mesthi bain milih jangan kelor. Jangan kelor dipilih merga regane murah, sing kathik tuku. Metu bain nyang pageran aju methik, diolah sing kakeyan ragi lan bandha aju wis keneng dadi panganan enak lan seger ring jero weteng.

Carane Olah-olah Jangan Kelor

Naming masiya gampang ngolahe lan gampang ragine kadhung luput nyang carane ngolahe, jangan kelor bisa pait lan sing keneng dipangan.

Jare Mbok Komah resep rahasiane  ana ring carane nyemplungaken godhong kelor nyang pancine. Carane antenana banyu hang ana ring panci hang dindel gemulak wolak-walikan sulung. Aja  tepak banyu magih adhem godhong kelore wis dicemplungaken, iku hang nggarai jangan kelor pait rasane.

Saiki diangkati olah jangane, seru gampange naming kudu telikas anggone nganteni gemulake banyu wedang lan nyemplungaken kelor nyang pancine.

Kawitane godhong kelor kira-kira rong papah bain diperuti, godhonge dipilih hang enom-enom bain. Kadhung kelore seger temenan kira-kira kelor rong papah iku dadi rong ketheman. Mari meruti godhong kelor aju nyepakaken panci ring ndhuwure kompor utawa bengahan. Kanggo godhong kelor sakmono iku mbutuhaken banyu rong gelas gedhi utawa rong gelas hang ana cangkingane.

Kadhung banyu ana ring panci wis gemulak wolak-walikan godhong kelor aju dicemplungaken nyang panci. Aja lali ditambahi uyah lan gula pasir sak cukupe. Lan maning hang paling penting yaiku bawang putih hang wis diirisi tipis-tipis saksiyung bain.

Ana hang sing kathik bawang putih, naming nganggo bawang (abang), temu kunci ambi sereh. Mula kerasa seger lan arum.

Kadhung kabeh ragi wis melebu kari nganteni gemulake bain. Sak gemulakan maning jangan kelor wis mateng. Sedurunge dientas, kadhung hang dhemen bisa uga dicemplungi kemangi sak jumput bain (antarane 20 lembar).

Jangan wis mateng ditengeri teka ring godhong-godhong kemangi hang wis katon alum. Gancangana jangan dientas. Merga jangan kelor bisa ilang pitamine kadhung keludhuhen utawa kematengen. Sakliyane godhong kemangi bisa uga diganti ambi sere rong lencer. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : olahane Mbok Komah

Editor: Hani Z. Noor