Kembang Abang Karyane Maestro Gandrung Subari

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 08 November 2021 09:21 WIB)
- Opini



Kembang Abang 

Kembang abang selebrang ana ring kasur
Mbah Teji sun anteni ana ring paseban
Ring paseban jare paman
Yara wong mangan nginum
Seleregan suwarane yara wong ngunus keris
Seleregan suwarane yara wong ngunus keris
Gendam gendhis yara abyar abyur 

Gendhing Kembang Abang dinyanyekaken ring kang Subari Sofyan ambi ngadeg nong ndhuwur kendhi cemeng. Gendhing iku biyasahe digendhingaken para gandrung minangka isarat kanggo para pejuwang hang ana ring umahe umpamane ring Singojuruh, Rogojampi, Srono lan liyane ngongkon metu melayu nong alas merga Landa arep nyerang panggonane. 
   Dina Sabtu sore sanggare kang Subari Sofyan dadi katon mencorong ring antarane lalare hang milu Lomba Tari Jejer Gurit Mangir hang dianakaken ring warung Kemarang, Tamansuruh.
   Nggawakaken tari Gandrung Marsan Kembang Abang kanggo nduduhaken gok Gandrung Marsan nduwe peranan ring perjuwangane wong Banyuwangi ngelawan penjajah Landa. Marsan minangka pejuwang liwat donya seni, ambi ngamen merana merene taping uga dadi telik sandi hang ngabari kahanan nang para pejuwang. Marsan hang kerep diundang njuged ring umahe pejabat Landa, ngewani isarat nong para pejuwang kapan kudune ngunus keris.
"Gendam gendhis, gula hang wis manis taping digendam tambah saya manis. Keluwarga Kembang Abang makene para pejuwang semangate tetep dhuwur," jare kang Bari.
   Para gandrung ngerangkep dadi telik sandi, wong hang ngewani kabar kapan kudune pejuwang kumpul lan merangi Landa.
   Dene njuged nong ndhuwur kendhi, ceritane jaman bengen saben gandrung nduwe ciri has dhewek-dhewek. Ana gandrung teka Tukang Kayu aran Aripah hang dhemen njuged nong ndhuwur kendhi. Iku hang ditiru kang Bari. Sak mareke njuged, kendhine dipecah, nduduhaken semangat dhuwur para pejuwang.
   Kelambi gandrung lan omprog hang dienggo katon beda teka gandrung biyasahe. Bari ngaku gok kelambine didesain niru kelambi gandrung lanang hang tau pentas ring pendhapa jaman bengen. "Cirine kelambi gandrung lanang iku mula basahane lebih wera," jare Subari. Kadhung kanggo wadon, ilat-ilate rada dawa.
"Isun hing anggak taping mula busana hang Hun enggo kudu hing kalah ambi liyane."
   Omproge ya rada gedhi, nduduhaken omprog lanang, katon sagah kaya omprog hang dienggo gandrung Marsan jaman bengen.
   Kang Bari ngaku gok iyane seru mongkoge bisa pentas nong ngarepe lalare, merga iyane bisa selabar lan nyebaraken cerita perjuwangan liwat seni tari. "Pokoke kabeh padha nyokong lalare."
   Ring tampilane Subari lan sangang penari liyane, kelebu Ketua Panitia Lomba kang Samsul mantu putune ruwahe anang Serad duren abang Kemiren, lalare bisa ndeleng apik lan rapine koreograpi, ana bagiyan Jejere lan ana nuansa teatrikal tepak Subari mecah kendhi aju nyemburaken uthik-uthik arupa kembang nong para penonton.
   Tampilan tari Kembang Abang, dipungkasi kabeh penari gandrung mungkuri penonton nganggo berengos lan mberak "Isun Marsan" ambi ngangkat omproge dhuwur ambi tangan tengene.
   Subari katon ngukuhaken gok iyane mula dadi salah siji maestro gandrung lan asete Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor