Kemiri, Janur lan Kecandhik

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 16 Oktober 2019 12:47 WIB)
- Kuliner



Ring sak ubengane Glagah, Kemiren, Boyolangu, Kampung Anyar, uwong-uwonge magih dhemen nguri-nguri panganan hang dibuntel ambi janur lan godhong-godhongan kaya jaman bengen.
Kemiren, desa ring kulone kutha Banyuwangi hang uga kesuwur minangka salah siji desa Using, arane dijuwut teka kemiri, kemirian, Kemiren.
Uwit kemiri hing mung dijuwut uwohe, naming godhonge hang wera kaya godhong waru taping lemes kaya godhong lumbu, dienggo bungkus tape. Lan kerana  magih ana cekelan godhonge kaya buntut, diarani "tape buntut." Rasa tapene ya kaya tape ketan liyane, hing ana bedane masiya dibungkus godhong kemiri. Dibuntel lan disunduk semat.
   Kadhung janur kelapa gunane wis kaya panggonan liyane kanggo mbungkus jajan celorot, kupat, lepet lan liya-liyane.
   Wong Kemiren lan sak ubengane hang magih parek alas-alasan ya duwe pisan godhong andelan kanggo mbungkus jajan utawa lonthong, yaiku godhong kecandhik.  Godhong iki sakliyane nggarai lonthonge ijo ayu, hang lebih nggarai dhemen godhong kecandhik iki kesuwur minangka godhong hang nduweni kasiyat ngawetaken panganan. Dadi lonthong utawa sumping hang dibungkus godhong iki hing bisa mambu masiya wis pirangane dina. Wong hang duwe iwuh hing wedi suguhane mambu. Taping merga goletane sara, anane ring pinggir alas-alasan, muga-muga aja tambah dieleg jaman, suwi-suwi nasibe kaya sumping lan lontong liyane, dibuntel godhong gedhang.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor