Kerawu Genjer
Satria Pujangga (dipublikasikan pada Sabtu, 13 Juni 2020 06:23 WIB)
- Kuliner
Kadhung nggesahaken olah-olahan tradhisional ring Banyuwangi, persasat emeh sing ana enteke. Kabeh uwong ya wis weruh kadhung Banyuwangi sugih macem-macem panganan. Maneka rupa kuliner ana ring Banyuwangi. Sakat teka jajan garing, jajan kepusan, olah-olahan sega lan janganan ya akeh.
Ring tulisan iki, isun arep ngenalaken olah-olahan janganan yaiku “Kerawu” utawa ana hang ngarani “Urab-urab”. Ring Banyuwangi olah-olahan kerawu iki ya akeh maceme kaya tah: kerawu pakis, kerawu genjer, kerawu cukulan, kerawu godhong sawi utawa godhong kates. Kadhang ya kabeh rupa janganan iku mau dikerawu dadi siji. Isun nak juwut olahan “Kerawu Genjer”.
Genjer, hang kelebu suket gulma iki akeh merujuk ring sawah-sawah. Mungguhe ring wong tani, genjer iki kelebu suket hang ngganggu tanduran pari. Makane genjer iki kerep diwatun utawa dipateni kadhung pari wis wayah “gemundha”. Bengen populasine genjer iki magih akeh. Naming sakat anane herbisida hang husus mateni suket gulma, genjer wis rada angel ditemoni ring sawah-sawah. Mangkane saiki sampik dibelani nandur genjer ring sawah.
Balik maning nyang bahasan olah-olahan Kerawu Genjer. Saiki ayo bareng-bareng gawe Kerawu Genjer.
Bahan lan ragine:
- Genjer/kembange Genjer hang enom.
- Kelapa diparut.
- Uyah.
- Gula pasir.
- Kencur.
- Bawang abang.
- Lobok (iki mung tambahan, ana hang dhemen pedhes ana hang dhemen rada manis).
- Godhong jeruk purut utawa jeruk sambel.
Carane nggawe:
- Genjer dikumbah rijig aju dikulub sampik mateng. Mari dientas, kadhung wis adhem kuluban genjer diperes makene rada asat aju diirisi.
- Ragi uyah, gula pasir, kencur digerus alus terus ditambahi godhong jeruk purut utawa jeruk sambel.
- Kadhung kabeh ragi mau wis alus aju diuled nyang parudan kelapa sampik kecampur rata. Makene rada awet lan sing gelis mambu, parutan kelapa hang wis dirageni mau dipincuk nganggo godhong aju dikukus.
- Kuluban genjer aju diuled dadi siji nang parudan kelapa. Dadi wis hang aran kerawu genjer.
Kerawu genjer paling enak dipangan ambi sega anget. Bisa uga dipangan sing kathik sega, jare wong Banyuwangi diamik-amik. Ngenteni paran maning, ayo wis dicacak olah kerawune.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pawon Fatma
Editor: Antariksawan Jusuf