Keretepan Renyah, Keripik Jamur

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 04 Juli 2020 08:36 WIB)
- Kuliner



Aran keripik hang ana ring Banyuwangi iki akeh maceme. Banyuwangi pancen sugih panganan keretepan iki, sakat keripik gedhang, keripik sawi, sampek keripik sukun, kabeh ana. Kaya-kaya kabeh woh-wohan bisa diolah dadi keripik.

Sing mung wates sakmono, wong Banyuwangi uga bisa olah-olah panganan keretepan teka kewan-kewanan umpamane keripik welut, keripik kulkeyong, keripik usus, keripik enus, keripik sikile urang, keripik kulit iwak mungsing lan magih akeh liya-liyane.

Ring kene arep dicacak olah keretepan hang gurih sing kalah ambi keretepan-keretepan liyane hang wis ana yaiku keripik jamur tiram. Keripik iki durung anjrah temenan ring panggonan oleh-oleh lan jajanan Banyuwangi.

Jamur tiram utawa kerabate jamur pleorotus eryngii, kegolong jamur panganan hang enak lan gurih. Wis akeh uwong hang mbudidaya jamur iki dadi tanduran pangan. Jamur iki rupane kaya kepet setengah bunder merujuk ring kayu hang wis berek utawa kayu hang wis mati. Kelire soklat naming ring pucuk-pucuke kelir putih. Kadhung nemoni jamur hang gediki iki diundhuh bain. Biyasahe iyane nggerombol ana ring panggonan kayu-kayu hang wis mati. Aja kathik nganteni engko isuk maning, merga umure jamur iki mung sedina rong dina. Kadhung sing ulih golet rika bisa nemoni jamur tiram iki ana ring pasar-pasar ring sakubengane umahrika.

Jamur tiram iki uga wis bisa diolah dadi sate jamur. Malahan saiki wis akeh hang dodol ring rombong-rombong pinggir dalan gedhe antarane Rogojampi nyang kutha Banyuwangi. Saiki ayo diangkati olah keripik jamur.

Nyepakaken Jamur

Jamur sakdurunge diolah kudu dikumbah sulung ring banyu mili, makene kothorane ilang. Mari gediku aju ditirisaken ana ring irig utawa kemarang makene gelis tus banyune. Merga banyu pecake ngumbah mau bisa nggawe keripik sing renyah. Saksuwine kira-kira setengah jam jamur mau wis bisa tiris.

Ragi bawang putih

Kerana jamur iki dhasare wis gurih, mula iku sing butuh nyang ragi hang macem-macem cukup uyah ambi bawang putih lan gula pasir sithik bain.

Kanggo jamur seperapat kilo butuh bawang putih telung bungkul, uyah sak sendhok mangan lan gula pasir setengah pucuke sendhok teh,  gelepung terigu sak ons bain lan endhog pitik jawa siji bain.

Carane Olah-olah

Uyah, gula, lan bawang putih digerus alus aju diendoni banyu seperapat gelas cilik. Mari gediku putihe endhog pitik jawa diceburaken nong uyah, gula, lan bawang putih mau aju diuled sampek ramed temenan.

Sakteruse jamur hang wis etus disuwek-suwek cilik aju dirageni ana ring ragenan  hang wis diuled endhog mauka.

Sakdurunge diceburaken ana ring wajan panas, jamur hang wis dikepusi ragi mau ajau dipetel-petelaken nyang gelepung terigu aju diceburaken wajan hang wis panas lengane. Jare Mbok Komah wajane aja kari panas-panas makene keripike sing gempung, merga kadhung gempung keripike bisa dadi pait. Kadhung wis rada uwah wernane dadi soklat rada kuning artine keripik wis mateng.

Mangan keripik iki enake wayah anget-angetan aju disambi ambi kopi cemeng hang manis, ebyek rasane kaya ring njero suwarga. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : olahane Mbok Komah

Editor: Antariksawan Jusuf