Keripik Sawud Mung Ana ring Lebak Tukangkayu

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 01 Agustus 2020 09:53 WIB)
- Kuliner



Kadhung sawud, wis akeh uwong hang weruh lan dhemen. Naming Keripik Sawud? Anane ya mung ring Kampung Lebak Tukangkayu Banyuwangi. Hang dodol ya mung siji yaiku Bik Haniyah, gedigu ceritane Iskak Basuki nang belambangan.com.
   Keripik sawud iku mula asale teka jajan sawut. Kaya anjerahe, sawi dikenceti diumbah aju digobet lan diuled ambi gula jawa lan diuwur-uwuri uyah sithik. Kadhung wis marek, dikukus ring sublukan. Biyasahe ngukuse dibungkus sulung ambi godhong gedhang, diconthongi gedhi. Kadhung wis mateng, bungkus godhonge diothak, ngendohe diwalik kaya gunungan.
   Keripik sawude Bik Haniyah setemene hing nyeja digawe kanggo keripik. Istilahe Iskak, laire merga dipaksa. Kawitane dodolane hang hing entek diedol lan magih ana sisane dipangan dhewek. Suwi-suwi keweleh merga ana saben dina lan Bik Haniyah buru ulih pikiran kelendi kadhung diiris-iris tipis kaya keripik, aju dipepe sampek garing. Aju irisan sawut hang wis garing digoreng lan diarani keripik sawud.
"Hun kira mung ana ring Lebak kene sakat puluhan taun kepungkur," jare Iskak hang megawe dadi tukang ukur tanah.
   Wong Banyuwangi mula seru kreatipe olah-olah panganan lan jajanan. Sawi bain liyane dadi sawut bisa dadi wujud jemblem, lempog, lemet, getas, sate, matasapi (hang njerone isi gedhang, dibuntel kaya lonthong, dikukus aju diirisi lan diwur-wuri kelapa parut). Liyane diolah langsung, bisa pisan didadekaken tape, gaplek utawa didadekaken gathot. Iki ana sawut karen-karen bisa dadi keripik sawut.

 

Foto sawud: Hasdian

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Hani Z. Noor