Keturunane Mbah Semi Ninggale Dina Rebo (Bagiyan 2 pungkas)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 12 Juli 2025 06:33 WIB)
- Tokoh



Keturunane Mbah Semi Ninggale Dina Rebo (Bagiyan 2 pungkas)
Ditulis ring Hasan Sentot taun 2015

Ana cerita hang rada aneh, beda teka biyasahe hang kedaden ring keluwarga lan anak turune Mbah Semi.
   Temakaken kabeh anak turune Mbah Semi iku ninggal donya ring dina Rebo.
   "Mula kakik lan embah wadonisun ninggal ring dina Rebo. Kadhung sing percaya delengen ring kuburan keluwarga hang ana ring elore Kelurahan Mojopanggung. Ring kana ana kuburane Mbah Semi, kabeh ninggal donya dina Rebo," jare salah siji keturunane yaiku Rustadi.
   Masiya kabeh ninggal dina Rebo taping keluwarga Mbah Semi sing nguwatiraken paran-paran. Malah saben dina Rebo uga ana selametan husus kanggo ngelesi utawa nulak balak ring dina iku. Malah sing ana pantangan kadhung arep metu teka umah dina Rebo.
   "Kabeh Sun paserahaken nyang Gusti Alloh. Sing ana pantangan metu umah dina Rebo, paran maning selametan ring dina Rebo. Masiya gedigu, Isun percaya kadhung keluwarga iki mbesuk ninggal donya dina Rebo kaya embah buyute."
   Kadhung dikongkon mbiji perkembangane gandrung saiki, padha tah ambi hang dilakoni Mbah Semi, jare Rustadi kadhung gandrung ring njabane keturunan Mbah Semi sing akeh nyeliwah teka pakem masiya gedigu ana uwahe sithik-sithik ring jugedane.
   "Kadhung gandrung terob saiki kon nggawakaken Seblang sing bisa. Gandrung saiki mung nggendhing thok, kadhang njuged ya njuged thok. Naming kadhung dikongkon nggandhang Layar Kumendung lan gendhing-gendhing seblangan liyane emeh 90 persen bisa."
   Masalah jugedan uga akeh hang uwah teka pakem kaya juged Gudril, Jaran Dhawuk Kemiren, Serampat, Thethel-Thethel, Gerang Kalong, Samirah.
   "Saiki iku kabeh wis sing ana. Ale sedurunge, masiya ring gandrung terob pakem iku sing ditinggalaken. Hang nggarai ngenes iku Isun tau weruh dhewek gandrung terob sampure ana gambare spongsor bir,"
   Iyane ngakoni kadhung gandrung teka njabane keturunan Mbah Semi mula sing gandheng renteng seduluran, gelem sanja utawa terima takon nang anak turune Mbah Semi.
   "Mangkane Isun sekaken nang ruwahe Mbah Semi kaya sing ana hang nggatekaken. Tau Pak Yadi pelukis duwe usul nggawe gapura nang dalan arep melebu kuburane Mbah Semi. Ring kono ambi ditulisi "Gandrung Wadon Kawitan" makene wong-wong iku ngarti kadhung ring kono petilasane Mbah Semi."

Poto: Gandrung Wiwik, salah siji gandrung keturunane Mbah Semi

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Hasan Sentot

Editor: Antariksawan Jusuf