Kontroversi Aturan Lan Pakem Lomba Patrol Banyuwangi 2021 (2-entek)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Sabtu, 08 Mei 2021 07:09 WIB)
- Opini



(Sambungan teka bagiyan 1)

Asal-muasale Patrol 

Patrol dhewek saktemene teka asal basa Landa hang artine melaku ngubengi kampung dienggo njaga maling --rondha berkeliling. Wong hang melaku ngubengi kampung nganggo tabuhan makene wong-wong hang lali keturon bisa awas nyang keamanane umahe dhewek. Melaku mubeng utawane patrol iki kawitane ambi ngunekaken paran bain hang bisa muni anter ring wayah dalu lan bisa dirungokaken wong sak kampung. Mesthi bain hang diunekaken iku barang hang gampang dicangking lan entheng digawa.

Sakteruse wong Banyuwangi hang rondha mau aju milih nganggo jajang hang gampang dicangking, entheng lan unine bisa nangekaken wong hang turu kepati.

Jajang iku kepilih mergane sakliyane entheng ya gampang goletane. Sakliyane iku jajang uga duwe suwara hang empuk, renyah lan mbengung. Paran maning kadhung munine ring wayah dalu. Sakteruse jajang hang dienggo mau dilaras makene bisa metu suwara hang enak lan ayem dirungokaken kuping.

Thethek patrol hang ana ring Banyuwangi iku kelebu tabuhan hang unik merga kabeh pekakas hang dienggo nganggo jajang. Pilihan jajang iku wis nyata bener dhasare merga jajang uga kelebu barang hang entheng lan gampang dicangking melaku-melaku mubeng kampung. Thethek patrol Banyuwangi kabehane pekakas kudu nganggo jajang,  kaya gong, kethuk, saron, peking, kendhang sampek theruthuk kabeh digawe teka jajang. Sing luput uga suling hang wis kegolong tabuhan bertiti nada –melodis-- teka jajang.

Theruthuk Jajang katir has Banyuwangi

 Hang paling unik mesthine hang aran theruthuk. Tabuhan iki digawe teka jajang petung utawa jajang ori hang ukurane gedhe lan erose dawa. Paling sing erose kudu 50 cm utawa lebih dawa lebih apik, hang diametere paling cilik 12 cm mendhuwur, lebih gedhe lebih apik. Jajang iki kawitane dienggo katir ring jukung utawa sampan hang dienggo kembang-kembange jukung ring kiwa tengene. Theruthuk iki nyatane unine unik hang sing diduweni wong-wong ring kabupaten-kabupaten liya sakliyane Banyuwangi.

Therutuk ring kabupaten-kabupaten liyane duwene mung penthongan meh padha ambi theruthuk naming penthongan sing dilaras unine dadi mung dadi alat ritmis statis bain. Iki beda ambi penthongane wong Banyuwangi hang bisa dilaras lan bisa muni telu iku.

Theruthuk duwe resonansi volume luas gedhe lan wera makene bisa muni ngungkung. Resonansi volume luas iku mau ndadekaken theruthuk bisa nyangking frekwensi low (suwara endhep hang frekwensine cenderung middle-low) hang bisa nembus ring suwara bengi hang njelu sing rame merga suwara-suwara kegiyatane menungsa ring wayah raina. Nalikane theruthuk dienggo patrol bisa nggugah wong sahur lan bisa kerungu sampek kampungan liyane.

Teknik timpal telu bisa hang dimainaken ring theruthuk iki has Banyuwangi. Teknik Timpal telu dadi hase musik patrol hang beda ambi teknik timpal telu hang ana ring terbang utawa hang ana ring teknik kuntulan Banyuwangi.

Laras Patrol Banyuwangi

Laras  thethek patrol Banyuwangi  iki biyasahe sing kewates mung ana ring laras selendro bain naming uga bisa laras pelog utawa laras diatonik. Mergane kekuwatane patrol ana ring timpal lan thethekan (ritmis) sing ana ring titi nada (melodis).

Pilihan nyang laras selendro, pelog, utawa diatonis dicocogaken ambi gendhing-gendhing hang digawa. Melodi suling biyasahe sangu loro yaiku suling pelog lan suling selendro. Umpama arep nggawa gedhing sholawatan thethek patrol bisa uga nabuhi, iki merga patrol pekakas tabuhe akeh-akehe pekakas ritmis dudu melodis. Nggawane gendhing paran jare sindhen utawa gandrunge.

Gendhing thethek patrol biyasahe nggawa gendhing selawatan. Iki mergane patrol hang saiki iki ana butuhe maning yaiku mau kanggo nggugah wong hang arep sahur hang ngelakoni pasa ring dina  kisuke.

Gendhing wajib hang dipilih panitiya nyatane ya gendhing hang dikarepaken cocog anggone ring ulan pasa yaiku umpamane; “Tamba Ati”, “Muji Syukur”, “Sholawatun Nabi”, “Lelepak Lelepung”, lan “Muruk Ngaji”, lan gendhing islami liyane.

Instrumen Jajang

Ring Banyuwangi Festival  lomba patrol nganggo paugeran lan aturan hang njelimet. Mesti bain merga iki lomba. Kabeh iku dienggo nggampangaken mbiji kanggo milih hang bisa juwara siji, loro, lan sakteruse. Ring kene paugeran lan aturan anggone lomba patrol ring Banyuwangi Festival, umpamane kaya ring daptar iki:

NO

MUSIK INSTRUMEN

JUMLAH

PENABUH

KETERANGAN

1

Gong jajang

1

1

Bisa 1 atau 2 wilah

2

Gong Cilik (Dhundhung)

1

1

Bisa 1, 2, utawa 3 wilah

3

Kempul

1

1

Bisa 1 utawa 2 wilah

4

Othek

1

1

Bisa 1 utawa 2 wilah yaiku otek lan tempal

5

Uluk-uluk (saron jajang)

2

2

Paling akeh 4 wilah

6

Uluk-uluk cilik (pethit jajang)

2

2

Paling akeh 4 wilah

7

Theruthuk

3

3

Paling sithik 3 lan Bisa muni 3 laras

8

Suling jajang

1

1

Bisa selendro atau pelog

9

Vokalis/Sindhen/Gandrung

2

 

Bisa lanang utawa wadon

bisa ngerangkep nabuh

10

Kluncing

1

1

Bisa ngerangkep sindhen/vocal

Jenggirate thethek patrol iki kudune terus dijaga. Anane Festival Patrol ring Banyuwangi Festival kepara nyata wis nggugah kerentege ati nguri-uri tradhisi Banyuwangi. Sing kariya penting hang aran sapa hang menang, hang penting kesenian Banyuwangi bisa lestari sakdawane jaman. Muga bain ana event-event liyane kanggo nerusaken Festival Patrol iki.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Hani Z. Noor