Kontroversi Aturan Lan Pakem ring Lomba Patrol Banyuwangi 2021 (1)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Jumat, 07 Mei 2021 06:48 WIB)
- Opini



Anane kontroversi babakan patrol ring antarane para budayawan Banyuwangi saiki ring Lomba Patrol Banyuwangi 2021 kirane dadi cathetan penting kanggo titi lakune kesenian patrol hususe. Lomba musik thethek patrol Banyuwangi iku lombane manggon ana ring Waroeng Kemarang pas ulan Puwasa.

Pitakone apuwa kok ana ring Waroeng Kemarang biyasahe manggon ana ring kutha Banyuwangi? Mesti bain panitia duwe dhasar hang kuwat lombane manggon ring kono. Hang duwe kerenteg nganakaken lomba iki Wowok Meirianto hang duwe Waroeng Kemarang ambi kanca-kancane seniman lan pegiyat kebudayaan Banyuwangi. Rumangsa duwe pedhuli nyang kesenian patrol hang saiki iki sing ana ring Banyuwangi Festival 2021, iyane melaku dhewek nggawe lomba patrol hang dipanggokaken ring Waroeng Kemarang. Resto iki salah sijine destinasi wisata Banyuwangi hang duwe sarana lan prasana hang cukup kanggone nganakaken lomba patrol.

Apuwa aturane kok beda ambi aturan hang wis ana, umpamane kaya aturan lomba ring taun hang sulung? Aturan kaya nganggo wilahan hang sing ulih lebih teka petang wilah, ring taun iki sing ana aliyas peserta bebas nganggo instrumen patrol hang penting kudu jajang. Malahan ana peserta hang milu nggawa angklung paglak sak rancak hang akehe 15 wilah/bumbung lan iku ulih. Jelas iki kontradiksi ambi aturan patrol hang wis ana ring taun-taun sedurunge.

Ana maning ring taun sedurunge yaiku aturan peserta wajib nggawa theruthuk minimal telu. Theruthuk hang dadi unsur wajibe patrol paling sithik akehe telu merga kadhung kurang teka telu bisa ngurangi teknik timpal telu hang dadi ciri wancine patrol Banyuwangi. Naming ring taun iki aturan iki uga dibusek sing dikanggokaken. Hing maido ana peserta hang mung nggawa theruthuk utawa jajang katir kanggo patrole mung loro akehe. Saktemene iki kudu dibalekaken maning nyang aturan lawas merga teknik timpal telu theruthuk utawa thethek Banyuwangi iki has duwene wong Banyuwangi lan sing bisa ditiru dhaerah-dhaerah liyane hang uga ngembangaken musik patrol.

Alasan paran panitiya lan juri duwe kekarepan hang beda? Temakaken juri lan panitiya sepakat duwe karep makene patrol iki bisa duwe kebebasan anggone nggarap tabuhan (musik) lan aransemen hang sing diwatesi ambi aturan hang bisa munggeli kreatipitas. Ring kene panitiya duwe karep makene patrol iki urip mengarep bisa dadi seni pertunjukan hang bisa uga ditampilaken rikala ana wisatawan hang teka nyang Banyuwangi. Mula iku salah sijine penilaian hang ana lan penting ring taun iki yaiku nilai penampilan lan koreograpi hang bisa nguwati kesenian patrol bisa nuju nyang seni pertunjukan hang bisa payu dadi konsumsine wisatawan.

Masiya taun iki pesertane mung 13 peserta naming iki wis cukup merga ring 13 peserta iku ana peserta-peserta hang wis biyasah langganan juwara lan uga ana peserta teka kampung-kampung legenda patrol Banyuwangi hang sakat bengen wis kesuwur ring Banyuwangi.

Kelendi saktemene aturan baku musik patrol lan kesepahaman lomba thethek patrol iku? Ring kene penulis ketepakan bisa nyathet lan ndokumentasi kegiyatan Thethek Patrol ring saban taune sakat taun 2018, aju 2019. Taun 2020 perei merga pandemi covid-19 lan ring taun hang saiki 2021. Ayo dibahas bareng maning ring kene.

Thethek Patrol Wis Ana Sakat Kuna-makuna

Banyuwangi hang wis kesuwur dadi kota budaya ring Jawa timur iki sing gelem kalah anggone nguri-uri kesenian patrol hang wis ana sakat bengen. Mesthine Banyuwangi sing gelem kesalip ambi kabupaten-kabupaten liyane hang ana ring Jatim hang wis temenanan anggone nganakaken festival-festival patrol. Umpamane kaya Jember, Situbondo, Probolinggo lan Kodya Surabaya pisan hang wis ajeg nggawe kegiyatan festival patrol ring ulan Pasa utawa Ramadhan.

Tangga kulon kabupaten kaya Kabupaten Jember umpamane wis wani nganakaken festival patrol sak-Karesidenan Besuki hang manggon ring Alun-alun Jember. Hang gedigi pantes-pantese diweni apresiasi.

 Saktemene thethek patrol anggone wong Banyuwangi dudu mung kesenian anyar. Sakat jaman sedurunge perang kemerdekaan wis ana. Jaman penjajahan Landa bengen ana tradhisi Thung-thung bles. Thung-thung Bles iki diunekaken nganggo penthongan gedhe hang ana ring bale desa utawa bale kelurahan. Tradhisi iki kawitane suwara hang diunekaken nganggo penthongan gedhe ring anteke Landa dienggo ngapusi wong pribumi. Wayah muni Thung-thung wong-wong desa dikongkon mateni damare. Ring wayah peteng mari damar dipateni lan wong-wong desa padha turu, Landa aju ngunjali barang-barang rampokane munggah nyang kapal aju digawa mulih nyang negarane.

Anteke Landa kaya tentara Cakra aju melibeng kampung njaga masyarakat. Nawi ana hang magih durung mateni damar. Sakdawane melibeng kampung anteke Landa iku ngunekaken penthongan cilik ambi melibengi kampung.

Naming kesenian hang wis ana sakat jaman bengen iku aju ana maning ring jaman Orde Baru. Kesenian iki  anter-antere dianakaken kanggo ndhukung program-programe pemerintah jaman sakmono. Program-program pemerintah kaya Siskamling, P4, lan Keluarga Berencana sithik akeh wis bisa njunjung ngadekaken maning kesenian hang wis emeh ditinggalaken masyarakate.

(Ana sambungane ring bagiyan 2)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Seni

Editor: Hani Z. Noor