Kopat-Lepet ring Wayah Lebaran
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 06 Mei 2023 09:50 WIB)
- Kuliner

Kopat-Lepet
1. Kopat
Kopat yaiku panganan hang wis dadi adate wong selametan nak lebaran hususe wong Using. Kopat wakeh maceme, ana kopat bawang, kopat buta, kopat wajik, uga ana macem liyane. Masiya gedigu enak rasane, naming kudu weruh cara olahe makene bisa ngerti uga ngerasakaken enake mangan kopat dhung wis ketambah ngelakoni olahe.
Bahan:
- Beras
Alat:
- Janur hang wis dienam dadi kopat
- panci
cara olahe:
- Beras diekum 12 jam makene empuk, aju dipucusi.
- Maridigu diisekaken nong kopat, mung ngisine setengah teka gedhine kopate.
- Dhung diisi kebek, matenge mesthi atos seru.
- Banyu nong panci diisi kebek (keneng-kenenga banyune kudu hang wis gemulak). Kerana kopate kudu kesilep nong banyu ring panci.
- Kopat diceburaken uga ditutup. Aja lali kudu diintep sak kala-kala bain. Nawi banyune tepak asat, ya kudu diandoh maning sampek ngerendhem kopate.
- Dianteni 6 jam.
- Kopat wis bisa dientas uga bisa disuguhaken. Biyasahe nganggo jangan.
2. Lepet
Lepet iku ya akeh maceme, hing mung terima wujude tok. Naming ya isi nong njerone lepet iku mauka, umume isine mesthi diweni kacang. Kacang hang enak dienggo isine lepet ya kacang cina. Kadhang ana hang diganti ambi kacang tholo. Ana maning hang digawe hing kathik diweni isi kacang. Lepet hing bisa dienam, mung dilempit uga kudu ana kunciyane kaya dene tali utawa peret. Kadhang lepet hang nggawene dilinting, kunciyane nganggo semat. Olahe carane gedigi:
Bahan:
- ketan
- kelapa
- kacang (sak karepe ati)
(takeran kanggo 1 kg ketan: kelapane 1 wungkul, dhung diandohi kacang ¼ kg)
Alat:
- Janur hang wis dinam dadi lepet
- panci
- kunciyan teka semat utawa tali.
cara olahe:
- ketan diekum 12 jam makene empuk, aju dipucusi.
- Kelapa hang wis diparud, diuled dadi siji nong ketane.
- Maridigu dilebokaken nong bungkuse lepet uga ditaleni singset.
- Diceburaken nong panci hang wis diisi banyu hang wis gemulak.
- Dianteni 5 jam sampek mateng.
- Saben wektu, kudu diintep nawi banyune asat, ya kudu didelehi maning.
- Dhung wis 5 jam, lepet dientas uga siap disuguhaken.
Katone gampang, naming perlu ketelatenan uga niyat hang temenan makene asile bisa apik uga enak. Tradhisi olah kopat, lepet wis ana sakat jaman wingek. Karepe ati aja mung bisa ngenam kopate thok. Naming ya kudu bisa olah kopat lepete.saya apik dhung bisa olah jangan kanggo sandhingan kopate.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor