Kopi Bankel
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 15 Januari 2026 06:38 WIB)
- Opini
KOPI BANKEL
Tips kanggo para wong hang maniak kopi. Cacaken, rasakena nyorot kopi nganggo banyune kelapa (bankel). Rasane beda, nong cangkem lebih creamy, ana sensasi gurih-gurihe, nikmat. Kopi biyasah dadi luwar biyasah, dadi lebih enak, dadi saya ketagihen kopi rika. Nang awak kayane ya lebih kerasa seger, perasanisun.
Hang paham ilmu gizi, ilmu kesehatan, iki ana dalan kanggo diteliti utawa digawa diuji laboratorium. Muga-muga bener apik, akeh manpaate, seliya rasa nikmate.
Terus terang isun kurangen ngopi 'bankel' iki, sampek hun belani njaluk nang Kang Sutris, juragan kelapa Telemung; nong umah kentekan setok. Ambi sanja temune ambi njaluk banyu, banyu tambane wong edan kopi, edan udud. Hang dijaluki heran, sing paham arep dienggo paran? Pikire paling dienggo werak, pol-polane kaya lesane, paling arep dienggo tuwak. Aja-aja serta weruh rasa lan manpaate -- adate dienggo nyirami wit-witane duren ambi apokate -- seteruse sing ulih njaluk maning. Kari wenak, pikire. Mbegh!
Hang sing ulih ngombe kopi aja bangkel ya! Hang seru doyane ngopi, cacaken dhewek ngopi bankel. Jare slogane minuman paran iko, 'bedakan rasanya, rasakan bedanya...'
Nawi kopi bankel iki bisa dadi alternatip kopi teka Indonesia. Enget yara sore iku Indonesia wis kecolongan produk kopi.
Ring negara Cina, cumpu rame usume kopi santen, wedang kopi dicampuri sarine kelapa. Susu diganti santen. Ngalahaken merek kopi Amerika Starbuck hang wis kesuwur sak donya. Kaitung kelebu 10 usaha kopi paling gedhi sak donya. Arane: Luckin Coffee. Kopine bisa impor teka endi-endi, naming jelase kelapane teka Sulawesi.
Mayo, wong Indonesia, aja sampek kecolongan maning, gancang nggawe kopi bankel.
Iskak Basuki
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.