Ksatriyan Papan Dununge Sayu Wiwit (1)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Senin, 10 Februari 2020 08:53 WIB)
- Opini



Kadhung gelem juger-juger sejarah Banyuwangi mestine akeh barang hang bisa ndadekaken ati kepincut seneng lan mongkog. Hang gawe mongkoge wong Banyuwangi mesthine ya jiwa lan semangat perjuwangane para pendekar  bangsa hang wis dadi tumbale bumi merdhika iki, Wong Agung Wilis, Rempek Jagapati, lan Sayu Wiwit. Sing salah kadhung wong telu iki arane mageh semebrung arum gandane sampek saiki.

Nyeritakaken Wong Agung Wilis lan Rempek mesti bain ndadekaken dhadha iki saya milu gemulak merga ajege laku wong sak keloron anggone ngelawan penjajah sing ana surude. Paran maning Sayu Wiwit. Sayu pendekar wadon iki nambahi moncer nung ati merga sing akeh wong wadon nung bumi Nusantara iki hang jelas-jelas wani ngangkat gaman ngelawan penjajah Landa wani tandhing adu raga tataan nyawa.

Diceritakaken maning nung Babad Tawangalun dhung Sayu wiwit iki wanita hang nganggo penganggo lanang lan kadhung perang ngelawan Landa kaya wong hang kejimen utawa kelebon roh. Sayu Wiwit bisa munggah arane lan sapadha derajate ambi Wong Agung Wilis lan Rempek Jagapati merga Sayu Wiwit didadekaken pengarepe perang Bayu sak marine Rempek tatu ngelawan pendekar teka Mesura hang aran Alap-alap. Ring kana Sayu Wiwit dadi senapatine Belambangan sak marine Rempek Jagapati.

Ring kono uga diceritakaken dhung Sayu Wiwit umahe ana ring Ksatriyan. Nyatane sampek saiki aran Ksatriyan ring Banyuwangi iki mesti bain ya mung siji yaiku ring Desa Lemahbangdewo melebu Kecamatan Rogojampi. Ksatriyan saiki mung dadi dusun ring antarane petang dusun ring desa Lemahbangdewo. Sakteruse Ksatriyan pinggir endi kirane umahe Sang Ayu Wiwit iki. Penulis wis juger-juger kanggone nggoleti ring endi petilasane utawa pecake umahe ring kampung cilik iki.

Wis sakat bengen wong-wong iki magih percaya dhung panggonan hang dhuwur dibandhingaken ambi panggonan liyane dipercaya dadi panggonan hang suci. Mula iku penulis aju nerusaken juger-juger nyang panggonan hang dhuwur ring kampung Ksatriyan. Panggonan iku ring wong-wong Ksatriyan diarani puthuk utawa gumuk.

Ring kana pancen ana puthuk hang uga magih dipercaya ring masyarakat kana dadi panggonan hang tenget utawa wingit. Puthuk iku ana loro hang siji puthuk pinggir kidul hang sampek saiki magih dadi kebonan, lan puthuk hang elor hang saiki wis didadekaken Masjid ring wong kampung Ksatriyan. Bengen ring tahun 1970-an masjid iki magih arupa langgar cilik hang ngadeg ring ndhuwure watu-watu gedhe.

Ring panggonan kana puthuk loro iku mau ngapit dalan hang teka wetan tumuju nyang kampung Lemahbang. Kadhung diurut-urut, dalan iku mau dalan hang dienggo njujug nyang kutha Lateng, ring jaman semono. Mula iku gumuk kiwa tengene bisa dadi benteng hang kuat anggone kedhaton Lemahbang.

Puthuk loro hang ana ring Ksatriyan wetane Lemahang iku bengene mesthi dadi  kampungane para prajurit lan ksatriya Belambangan. Umpama magih percaya nyang I Gusti Kuta Bedhah, wong iki  ndadekaken gumuk loro ring wetane kedhatone iku saktemene dienggo mbentengi kedhaton Lemahbang hang ana ring kulon. Saktekane I Gusti Kuta Bedhah ring bumi Blambangan iyane ndadekaken Lemahbang Kedaton utawa panggonane penguwasa Belambangan.

Puthuk hang ana pinggir elor dalan diarani Puthuk Elor lan puthuk hang ana ring kidul dalan diarani Puthuk Kidul. Puthuk Elor dikanggokaken  papan turu lan umah-umahe para prajurit, lan ksatriya. Isun yakin ring kene bengen Sayuwiwit lan ksatriya liyane manggon. Kadhung Puthuk Kidul dienggo panggonan geladhen lan olah kanuragan para prajurit lan ksatriya Blambangan. Ring puthuk Kidul ana pecake watu-watu gedhe hang rata hang saiki wis pecah-pecah naming pecakane magih ngatokaken dhung watu iku bengene dadi siji. Ring kana uga akeh bata gedhe-gedhe hang diarani bata Majapahit.

Ring Puthuk Lor bengen akeh wong nemu kawehan arupa gerabah, piring keramik, lan barang-barang umah, kabare barang kawehan mau wis padha diedoli nung kolektor barang antik ring Bali kana.

(Ana sambungane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sejarah lokal

Editor: Antariksawan Jusuf