Ksatriyan Papan Dununge Sayuwiwit (2, Entek)

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Selasa, 11 Februari 2020 07:38 WIB)
- Opini



Rikala Belambangan magih diperintah I Gusti Kuta Bedah, kedhaton dipanggokaken ana ring Lemahbang. Sampek saiki penulis durung bisa nemokaken ring endi petilasane kedhaton Lemahbang iku. Naming akeh cerita teka wong Lemahbang ring kana bengen akeh kuburane wong Bali.

   Merga Lemahbang iku panggonan hang tepak anggone nyengidakaken para raja. Lemahbang dadi panggon umahe I Gusti Kuta Bedah.  Masiya ibu nagari Belambangan ana ring kutha Lateng naming I Gusti Kuta Bedah milih manggon ana ring Lemahbang. Pancene Kedhaton Lemahbang dhung ditimbang-timbang iku  panggonan hang paling aman dibandhingaken ambi panggonan liya. Iku merga Lemahbang manggon ana ring papan hang dhuwur tinimbang panggonan liyane. Sakteruse Kuta Bedah ndadekaken gumuk loro hang ring wetane iku dadi panggonane para prajurit lan ksatriya Belambangan.

Taping nurut keterangane Sumono Abdul Hamid pecinta sejarah Blambangan hang ngutip teka buku Nagari Tawon Madu, panggonan puthuk iku wis anjrah dadi panggonan geladhen sakat jaman Blambangan diperintah Pangeran Pati ring antarane tahun 1764. Ring Jaman Pangeran Pati hang merintah Belambangan rikala jaya-jayane Blambangan ring Kutha Lateng, Pangeran Pati dhemen nganakaken geladi prajurit. Ana adu ketangkasan manah, nunggang jaran, lan adu kesakten. Ring kono uga kerep diundang para saudagar hang mampir nong Ulupangpang.

Pancen anane I Gusti Kutha Bedah piyayi gung teka Bali hang merintah ring Blambangan iki magih dadi enyeng-enyengan antarane ana temenane uwonge tah opo uwong hang dianakaken ring cerita dienggo tujuan politik salah sijine kekuwasaan rikala iku. Hang jelas teka rong golongan iki cetho-cetho nyatakaken dhung Gumuk Ksatriyan iku pancen ana lan dadi papan geladhen anggone para ksatriya lan prajurit Belambangan.

Sing salah dhung ring puthuk kidul Ksatriyan akeh pecakane bata-bata gedhe. Bata-bata iku ana hang ngarani bata  Majapahit. Hang dikarepi mestine bata hang digawe ring jaman jaya-jayane Majapahit. Sak liyane bata uga ana pecakane watu hang kaya ditata hang saiki wis bentheng-ceweng sesehan merga keneng lindhu utawa pancen diseja diancuraken ring Landa sakmarine wong-wong padha surud menyang Bayu.

Mestine bengen teka puthuk loro iku ya magih dhuwur lan bisa ngawasi pesisir Banyualit hang ana ring wetan kana. Masiya Pesisir Banyualit adohe pitung kilo teka panggonan kana naming kerana gumuk iku dhuwur magih katon kewela-wela mestine. Kadhung ana musuh hang arep teka lan arep nyerang Kutha Lateng mestine tekane musuh mau ya teka Pesisir Banyualit (saiki dadi Blimbingsari).

Dalan hang saiki nuju Genteng iku gaweane Landa, kadhung dalan hang lawas saiki wis dadi dalan cilik dalan Kampung. Lan saiki tembusan nyang Puspan wis ilang, mergane dalane dipeligukaken nyang dalan gaweane Landa.

Ring kene gamblang wis panggonan-panggonan hang bengen dienggo para prajurit ngalor ngidule. Lateng, Kepatihan, Puspan, Ksatriyan lan Lemahbang jelas digathukaken ambi dalan-dalan lawas hang saiki wis diganti ambi dalan-dalan anyar. Juger-juger iki dikarepaken ngengeti maning nyang sejarah. Paran maning bisa ana hang nambahi tinemu hang anyar anggone njangkepi tulisan sejarah rakyat iki.

Peta

Bisa gamblang maning kadhung teka peta hang sun juwut teka Rifik Laros ndhuwur iku digedhekaken nung panggonan Ksatriyan lan Lemahbang bain. Ring gambaran gedhe iki jelas nduduhaken usahane Landa kanggo ngilangaken bukti-bukti sejarahe patriotismene wong Belambangan. Salah siji hang mesti ya nggawe dalan anyar sing nerusaken dalan mula hang wis nyata-nyata ana hang ngubungaken Lemahbang nyang Lateng. Dalan anyar digawe ngubungaken dalan nyang Banyuwangi kutho ngeliwati Kebalen lan Lincing.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sejarah lokal

Editor: Antariksawan Jusuf