Kue Hongkong Wijen
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 30 Januari 2021 06:05 WIB)
- Kuliner
Embuh paran sebabe jajanan iki diarani Kue Hongkong. Endane bengen digawe ambi wong Hongkong? Kayane using. Ring dhaerah liya arane beda-beda. Ana hang ngarani ote-ote, bakwan, heci lan liya-liyane. Ring Banyuwangi kidulan sak ubengane Rogojampi dhewek ya ana hang ngarani mie goreng, aju mie goreng hang sak temene diarani paran? Embuh hang jelas dudu mie Hongkong!
Masiya ring antarane jajan goreng-gorengan magih kalah pamor ambi dhanggoreng, Kue Hongkong iki bisa dadi sandhingan hang enak merga bisa dikelethusi lobok litik, sak liyane tahuk petis.
Dina iki nak ngedum resepe Kue Hongkong Wijen, nawitah cocog dienggo sandhingan ngopi soren-soren.
Bahane:
Sak on gelepung terigu
Sak bungkus gelepung bumbu fried chicken
1 endhog
1/4 bungkul gobis
2 iji wortel
1/2 cembung cukulan dawa
3 ler bawang pre
3 sendok mangan wijen hang wis digoreng
Ragine:
Sak sendhok teh peres merica bubukan
Uyah secukupe
Sak sendhok mangan saos tirem
Sak sendhok mangan minyak wijen
Banyu secukupe
Carane:
Gobis dirajang tipis
Wortel dirajang semat
Cukulan dibuwang oyode
Bawang pre dirajang tipis
Kadhung wis dirajang kabeh aju diuled dadi siji ambi gelepung, kelebu wijene hang wis disangrai mau ambi endhog lan ragi liyane.
Tilikana adonane, kadhung wis pas rasane aju digoreng. Bisa nganggo cinthung hang dadi cithakane utawa digoreng biyasah kaya nggoreng gimbal jagung. Angkaten teka wajan kadhung wis rada soklat-soklat mateng.
Kue Hongkong Wijen wis bisa dirahabi kelawan ngelethus lobok litik. Nong cangkem enak, nong endhas penyar.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.