Kukusan Semanggi Sambel Sere Has Banyuwangi

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Kamis, 05 Desember 2019 09:52 WIB)
- Kuliner



Sayuran Semanggi (Marsilea crenata) akeh merujuk ring sawahan, utamane kedhokan hang gbero utawa kebungan banyu. Ambi wong Banyuwangi sakat bengen, semanggi iki dadi sayuran malah uga dadi camilan hang diamik-amik sak uwise mangan awan, utawa ngarepaken soren. Bengen ring kampung-kampung isun, angger sorek ana wong ider kukusan semangi ambi sambel sere hang dipincuk godhong.

Kadhung bengen kepingin mangan semanggi, kadhung sing golek dhewek wayah matun sawah, utawa ngenteni wong ider angger soren wayah usum pari mecuti, utawa wayah matun. Saiki, semanggi magih seger akeh didol ring pasar. Embuh iku seja ditandur lan dirumat, apa ulihe nggolek ring kedhokan. Kayane, semanggi saiki nana usume. Kapan bain nyang pasar, bisa nemokaken semanggi. Bengen hang mentak uga dipincuk godhong gedhang, saiki diwadahi tas kresek.

Para aju bedane Semanggi Surabaya ambi Semanggi Banyuwangi? Iki hang perlu diweruhi wong njabane Banyuwangi, kadhung semanggi Banyuwangi bidha carane ngolah lan nyuguhaken, uga sambele. Kadhung Surabaya semanggi dijuwut teka tegalan, utawa rawa hang garing. Dikukus sak ganggange, aju disuguhaken ambi sambel pecel kacang dicampur sawi. Kadhung Semanggi Banyuwangi, ulihe ring sawah bera, dipuputi godhonge lan ganggange dibuwang. Dikukus (sing dikulub), aju disuguhaken ambi sambel sere. Rasane Semanggi Banyuwangi manis, merga kempel lan semanggi akeh. Kadhung Semanggi Surabaya akeh sambele lan krupuk puli diwadhahi ethuk.

Semanggi Banyuwangi dadi olahan has hang sing ana tunggale ambi daerah liya, merga dipangan ambi sambel sere. Sambel Sere iku kabeh mentahan, kejaba terasine dibakar. Sere diereb alus, aju digerus bareng sambel lobok mentahan mau. Uyah lan gula, gemantung nang kesenengane. Marek iku, semanggi kukus mau ditutul-tutulaken sambel aju dipangan. Byek windhul temenan. Nggarahi kangen tanah kelahiran, kanggo wong Banyuwangi hang urip ring boroan.

Kadhung ring warung Dadapan, Kabat. Semanggi diolah jangan pupuan, sambel ranti lan iwak welut. Iku ya garus seru, bengen akeh seru pelanggane. Olahe Jangan Semanggi pupuan iku, kaya olah kelor. Muga-muga sampek saiki magih ana, merga iki olah-olahan hang aran ditemuni ring panggonan liya.

  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Nur Holipah