Kukut vs Puput

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 22 Juli 2024 06:47 WIB)
- Opini



PUPUT VS KUKUT
Ditulis ŕing Kang Ujik


    Nalikane Banyuwangi dipimpin Bupati HT, Purnomo Sidik sekira tahun 90-an, dina dadine Banyuwangi dimumbulaken kaya mercon celorotan.  Dina dadi iku dipathok tanggal 18 Desember kelawan dhasar kedadeyan perang antarane rakyat Belambangan hang dipimpin langsung ambi Mas Rempeg utawa Jagapati ngadhepi para perajurit pimpinane wong-wong Eropa antarane yaiku Van Schaar ring tegalan Songgon sakat 14 sampek 22 Desember 1771. Apuwa tanggal 18 Desember? Merga tanggal iku pimpinan perang teka VOC, Van Schaar lan liya-liyane padha  njekethat, kelebu uga Mas Rempeg  keneng sabet celurite Pangeran Alap-alap teka laskar Medura hang mimpin 2000 perajurite.

      Tanggal 18 Desember iku diusulaken ambi golongane Dewan Harian Cabang (DHC) 45 Kab.Banyuwangi disangga ambi Budayawan ruwahe pak Hasan Ali hang sedurunge, iyane ngusulaken konsep tanggal 7 Desember 1773 hang dienggo pathokan dina dadine Banyuwangi. Merga tanggal iku keneng dibuktekaken kelawan anane surat keputusan Gubernur Jenderal VOC penguwasa pesisir elor tanah Jawa hang salah siji isine yaiku nyetujoni Mas Alit dadi Adipati Belambangan (hang seteruse kesebut Bupati kawitan Banyuwangi).
   DHC 45 nduweni dalih kadhung perang hang kedaden ring tengahan ulan Desember 1771 iku keneng dienggo pengagul-agul kabeh masarakat Banyuwangi, merga lascar Belambangan pimpinan Mas Rempeg hang padhepokane manggon ana ring Bayu (dudu Rawa Bayu), ngerahaken sekabehane kekuwatan. Malah-malah wong-wong Bayu iku ulih sokongan tenaga teka wilayah sakubenge yaiku teka Jember, Situbondo, Bondowoso, Lumajang lan Pasuruan. Tekad pungkas sampek entek-entekan pasukan perang Bayu iku dienggo aran peperangane yaiku Puputan Bayu.
    Sebutan aran perang Puputan Bayu iku sing langsam diterima warga masarakat. Merga “Puputan” kadhung diartekaken “Entek-entekan” iku gence ambi Bahasa Using hang ana ring masarakat. Puputan kadhung diartekaken entek-entekan iku kelebu kosa kata Bahasa Bali kang uwis dienggo sebutan perang Puputan Margarana. Maklum, ring sakjerone Tim DHC iku hang didadekaken lakone yaiku I Ketut Sidra. Njumbul pantha-pantha ring tengah masarakat Banyuwangi hang sing sepakat ambi istilah Puputan Bayu iku. Salah siji tokoh hang ngengkel yaiku ruwahe H. AK. Armaya, SH. Golongan iki sing mung ning masalah istilah Puputan taping uga masalah pathokan tanggal dina dadine Banyuwangi ngukuhi 24 Oktober 1774. Yaiku ngalihe istana kutha Lateng menyang istana Banyuwangi. Kadhung miturut golongane H. Armaya, entek-entekan iku arti teka “Kukut”. Kadhung Puput iku artine leles, puput-puput iku njuwuti barang hang ceceran ring lemah. Puput uga nduweni arti: Uwong hang nduweni pengalaman, pengetahuan hang lebih akeh utawa dhuwur timbang kancane, merga lakune uwis kaitung adoh lan kancane sing sithik. Conto: (Puput). Amening gesah ambi Kang Usik. Aja ngawur. Uwong iku wis puput. Artine Kang Usik iku duwe pengetahuan lan pengalaman hang uwis lebih. Jambu hang keleleran ring latar iku weruh-weruh rijig merga uwis dipuputi Mbok Okta.
   Istilah perang Puputan Bayu iku sakliyane kurang pas kadhung dietrapaken ring masalah Basa Using, uga ngelironi paham. Akeh-akehe lare enom-noman ngira kadhung perang Puputan Bayu iku kedadeyane ring Rawa Bayu.
    Mula, kanggo ngurangi akehe pantha hang bida-bida, sakat pemerintahane Kang Anas bengen, dianakaken kegiyatan-kegiyatan pestival. Perlune supaya wargane sing kakehen tukar tapi diajak megawe bareng-bareng mujudaken karyane kanggo Banyuwangi. Nganggo cara iku dirasa akeh asile. Banyuwangi ulih penghargaan macem-macem sampek atusan akehe. Akeh pemerintah kabupaten/kota liyane padha sinau ring Banyuwangi.

(kang ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor