Kuli Batu teka Licin Dadi Pemain Sinetron

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 Juli 2020 08:21 WIB)
- Tokoh



Bener jare omongane wong tuwek, urip bisa tiba tangi kelendi bain taping kelendi-kelendiya kudu dilakoni. Kaya ceritane Mohamad Jamil Rendra lare Licin iki. Sapa ngira bengen ring Banyuwangi dadi kuli batu, lan resepsionis ring radio sampek pindhah nong Jakarta dadi sopir lan bisa dadi pemain sinetron lan bintang iklan. 
Saiki sarta ana pageblug rejekine ring donya hiburan rada seret, iyane sing ngersula balik maning dadi tukang ojek online lan dodolan kembang.
"Paling using, Isun wis tau ngerasakaken kelendi rasane syuting," jare lare kelairan 1980 hang nduwe aran pop Jamil Segara.

Tau dadi juwara 2 Lomba Model, juwara nyanyi kendhang kempul jamane ruwahe bupati Syamsul Hadi, ring kono iyane uga sinau akting. Tepak marek dadi resepsionis radio, iyane diajak kancane megawe ring CV lan kontraktor ane Kang Yani, anake ruwahe Pak Abdul Kahfi, salah siji wong Banyuwangi hang tau madeg dadi wakil gubernur DKI. Nalika iku iyane ditawani dadi supire rabine Kang Yani taun 2003 lan pindhah nang Jakarta. Ring sela-selane prei megawe, iyane nekat milu casting. Liya dina, ana agency hang ngejak iyane syuting.
Aju taun 2005, iyane nekad arep ngadeg dhewek lan fokus ring donya seni peran. Masiya akeh godhane lan akeh umbak umbule nasib, iyane bisa milu akting ring sinteron Kisah Sembilan Wali (TransTv), Cinta Buta (SCTV), Samudra Cinta (SCTV), Cinta Yang Hilang (MNC), Aku Bukan Ustad (MNC), Tukang Ojek Pengkolan (MNC). Iyane uga tau dadi bintang iklan ABC Sambal Pedas, Asuransi Brunei Darrussalam, lan Iklan Layanan Masyarakat Kementrian Agraria.
Uripe tiba tangi hing mandheg semono, sakat pirangane ulan anane pageblug iki iyane hing ana hang nyeluk maning kanggo syuting. Aju kanggo nguripi keluwargane, iyane dadi tukang ojek online.
"Hang penting halal," jare bapake lare loro hang rabine teka Lampung iki.
Setemene iyane wis sakat 2016 milu ojek online, kadhung tepak nong lokasi syuting golet penumpang hang nuju sak jujugan.
Liyane dadi ojek, iyane ya tawa-tawa dodolan kembang.
"Aja sungkanan, hang penting keluwarganisun bisa mangan," jare Jamil hang uga aktip ring paguyuban wong Banyuwangi Ikawangi Tangerang Selatan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara

Editor: Antariksawan Jusuf