Kuluban Gundha lan Sambel Ucek, Enake Sampek 'Micek'.
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Selasa, 17 Desember 2019 17:45 WIB)
- Kuliner

Banyuwangi iku sakat bengen pancen wis anjrah dadi dhaerah tetanen, merga wilayahe akeh arupa sawah subur lan bisa ditanduri setaun ping telu. Malah bengen ana pari hang has Banyuwangi, arane Genjah Arum. Naming serta ana wabah wereng tahun 1970-an, Genjah Arum ilang lan malah ana hang ngongkon diilangi, kanggo medhot lakune ama wereng mau. Tulisan iki sing arep cerita masalah tetanen umume, hususe tanduran pari hang dadi panganan pokok masyarakat Indonesia. Naming isun nak cerita liyane, yaiku panganan hang ana kaitane ambi alame tetanen ring Banyuwangi.
Merga subure sawah-sawah ring Banyuwangi, kiwa tengen lan tengah-tengahe tanduran pari akeh perujukan hang sing ditandur ambi para tani. Sakat teka Weweyan (Monochoria vaginalis), Genjer (Limnocharis flava), Semanggi (Marsilea crenata) lan Gundha (Sphenoclea zeylanica Gaertn) lan liya-liyane. Teka perujukan hang disebut mau, mung weweyan hang durung dipangan utawa diolah menungsa, liyane kaya genjer, semanggi lan gundha wis dadi sayuran has lan akeh kasiyate kanggone kesehatan.
Gundha ring Banyuwangi biyasahe dikukus, utawa dikulub, aju dipangan ambi sambek ucek. Kadhung bengen arep olah gundha, magih ngenteni kadhung ana tanduran pari wis wayah matun, biyasahe tengah-tengah tanduran pari merujuk gundha. Gundha kelebu tanaman gulma merujuk dhewek sing ditandur. Naming saiki, para tani ring Banyuwangi lan Bali, wis akeh nyeja nandur gundha kanggo sayuran. Paran maning serta ngerti, isi protein lan gizi gundha kanggo kesehatan uga akeh. Malah nandur gundha bisa ngasilaken, timbang nandur pari. Iki merga wong-wong buru ngerti asil penelitian teka lembaga penelitian lan universitas ring luar negeri.
Wong Amerika ngarani gundha "chickenspike", beda maning ambi wong Inggris ngarani gooseweed. Beda aran ring negara-negara gedhe mau, nduduhaken kadhung gundha iku pancen dadi panganan hang wis anjrah ring donya merga isi proteine. Wong manca iku, sak durunge mangan mesti nimbang guna paedahe kanggo kesehatan lan diuji liwat riset ilmiah. Kadhung wis gedigi, rika lan isun mung milu bain lan tambah yakin panganan hang diolah embah buyut bengen akeh gunane.
Sampek saiki, akeh-akhe wong Banyuwangi kadhung ngolah gundha ambi cara paran anane. Gundha hang ulih teka sawah utawa tuku ring pasar dirijigi diilangan odote, aju diumbah lan dikukus utawa dikulub, Ana hang diweni uyah sithik, kanggo nyuda rasa paite hang sak temene sing sepira. Marek iku ditutulaken sambi ucek, olahe ya paran anane. Lobok lithik mentak, kadhung bisa hang tuwek tapi magih ijuk. Uyah lan gula, hang paling penting maning jeruk purut (jeruk sambel). Ana uga hang ditambahi jelantah, jare mare tambah indhul. Sambel ucek iki sing nganggo terasi. Bek rasane gundha hang keres-keres, ditutulaken sambel ucek bisa ngilur rika kadhung diceritani.
Mengarep, iki tantangane wong Banyuwangi kanggo ngolah cara liya bahane gundha. Paran maning saiki wis ana hang nandur, sing ngenteni usum wong tandur. Iki uga dadi kuliner has Banyuwangi. Serang enake kuluban gundha sambel ucek, sampek sing weruh ana wong penting liwat ngarepe, alias micek.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.