Anggitane: Dian Pratama
(Minggu, 02 Februari 2025 08:43 WIB)

KUNIR BIRU


“He, Mel, Rika engko bengi ndeleng tah?” Siska nakoni kanca sakbangkune, kang arane Amel.

“Ndeleng paran Siska?” Amel nyauri.

“Ya ndeleng gandrung, engko bengi yara ana gandrung ning umahe wong duwe gawe iku”, Siska nerusaken gesahe.

“Eh ana tontonan temenan tah? Ayuk, engko ndeleng bareng wis, mumpung malem minggu, kisuk yara perei sekolah”, jare Amel nuruti ajakane Siska.

Siska ambi Amel iki kanca sak kampung, ya sak bangku. Lare loro iku mula kancaan sakat cilik, temune ya akrab. Carane lare saiki lare loro iki mau diarani bestie, utawa kanca kang raket. Dina iku ring kampunge lare loro iku mau mula ana wong duwe gawe, lan arep ana tontonan gandrung, seni kang dadi maskote kutha Banyuwangi.

* * * * *

Bengi iku wis jam setengah wolu, Siska bolak-balik nulihi jam, ambi ngintepi lawang. Nganteni Amel, kang mau isuk wis semayanan arepe ndeleng gandrung bareng-bareng. Sedhilut ngintep lawang, sedhilut maning nulihi jam, gedigu bain. Sing sepira suwi ana kang celuk-celuk.

“Siska, Sis, Siska”, suarane Amel celuk-celuk ring njabane lawang.

“Eh, Amel, melebuwa sulung, Isun nak pamitan nong emakisun, ambi njaluk sangu”, sakkal Siska mberejag, girang merga kang dianteni wis teka.

Siska aju pamitan nong emake. Salaman ambi njaluk sangu. Sakdurunge melaku emake wis wekas, aja dalu-dalu kadhung mulih. Mari pamitan, Siska ambi Amel aju melaku bareng ring panggonane gandrung.

“Isun dhemen ring gandrung iku, Mel. Mergane bapakisun saban dina nyeteli radhio lan kaset gendhing gandrungan, ana kang suwarane enak seru arane Gandrung Supinah, tapi jare Bapak, saiki wis ruwahe. Uwonge ayu, Mel, wis gedigu suwarane enak kemelinthing digu, pokoke Isun dhemen seru wis”, abane Siska ngajaki cerita kancane.

“Iya padha bain, bapakisun ya gedigu iku. Tapi kadhung ning umah mesthi kang diseteli Bapak iku Gandrung Temu, iyane iku ya apik pisan, suwarane membat mayun. Bapakisun dhemen seru nyetel gendhing 'Aja Cilik Ati'," Amel ya sing gelem kalah ambi ceritane Siska.

“Alak, temakaken Bapake awak dhewek iki padha bain yuh, dhemen gandrung”, Siska nerusaken gesahe.

* * * * *

Sing sepira suwi, gandrunge wis mangkat. Suwarane gendhang, baolah, lan keluncing saut-sautan nggarai kang ngerungokaken padha kepingin milu ubah jugedan. Sakal Amel lan Siska gancang-gancang nggolet panggonan nong ngarep dhewek.

“Iya dulur, bengi iki Gandrung Mawar Putih, arep ngibur wong kampung kene, ayuk kabeh padha disekseni jugedan lan suwarane gandrung hang nggarai mongkog Banyuwangi, iya mulai berangkaaat”, abane tukang keluncing nengeri gok acarane wis mangkat.

Siska ambi Amel cengeng seru, nulihi jugedane gandrung kang ayu-ayu seru. Omproge kemeredep keneng sorote damar, esemane ayu, aju batik Gajah Ulinge ya apik. Sing ketinggalan obahe sampur nggarai kang ndeleng padha kesemsem.

Kaya dene tarian gandrung umume, tontonane dikawiti ambi Jejer Gandrung. Bengi iku kang dijugedaken tari Jejer Jaran Dhawuk. Tepak wayahe salam pengurmatan, biyasahe gandrunge yara mandheg. Aju nganteni kang ngudang muni “berangkat”, buru iyane njuged maning.

“Aperuh Tik, kanggo salam pengurmatan, lempar sampur kedepan, molai berangkaaaat”, Abane tukang keluncinge nganggo basa Using campur-campur.

Jaran dhawuk, Jaran dhawuk, yara ngelilira

Widadari buru teka..

Kunir biru, wis bakale yara arepe milu

Gundha latar wis sun gawe, yara ayem-ayeman

Gedigu suwarane gendhingan kang ngiring jugedane gandrung. Temakaken, Siska iki ngerungokaken paran bain kang ana ring tontonan iku mau. Paran maning bagiyan iki mau, iyane rungu aju disimpen ring pikirane. Bengi iku terus-terusan iyane ndeleng gandrung ambi Amel, tapi sing sampek suwengi jampleng, kira-kira jam sewelas lare loro iku mau mulih mergane wis ngantuk.

……..

“Beng, Siska, tangiya, wis wayah mene durung tangi”, abane emake Siska, isuk-isuk wis berak-berak merga anake durung tangi.

“Enggih Mak”, ambi keliyep-keliyep Siska tangi aju raup nong cedhing.

“Wis mari? Tulungana Emak nggawe ragine jangan tombol”, jare emake Siska, nulih anake wis mari raup.

“Angsal pundi tombol Mak? Ning kebonan tah?”, Siska nakoni emake, iyane girang merga jangan tombol iku duyanane.

“Kana cepakena cuwek lan canthuke, aju kumbahen lobok, lobok jawa, bawang abang, bawang putih, merica, kemiri, laos ambi kunir ya Beng, kunire kang kuning ya, awas keliru kunir kang putih”, emake Siska nguweni pitudhuh paran bain ragine nggawe jangan tombol.

“Enggih Mak”, saure Siska ambi telikas nggoleti sekehe bumbu mau. Iyane bingung belisak-belisak bumbu ambi ngenget-ngenget gendhinge gandrung mambengi.

“Iki kunir putih, jare Emak mau, Isun dikongkon nggoleti kunir kang kuning”, Siska nggeremeng dhewek.

“Iki gok mung ana rong werna, Emak iki sing duwe kunir biru tah?” iyane nerusaken geremengane.

Emake kang nulihi anake belisak-belisak bumbu sing mari-mari aju takon. “Nggoleti paran Beng, gok belisak-belisak gedigu iku, yara nyelengkrah kabeh”.

“Niku Mak, ndika mboten nggadhah kunir biru?”, takone Siska nyang emake.

“Endi ana kunir biru iku Beng ?”, saure Emake kaget.

“Niki wau jare kunir putih, ambi kunir kuning Mak”, Siska magih ngengkel.

“Ya mula ana, kunir putih ana, kunir kuning ya iku kunir umume”, emake njelasaken.

“Jare gandrung nubengi nika, kunir biru Mak, Kula kepingin semerap kang kepundi” Siska magih bain kepingin weruh.

“Masaalah Siska, iku gendhingan arane wangsalan, sangking unine makene tepak, ya sing ana kunir biru iku Beng”, emake Siska gemuyu ambi nabok bathuke dhewek.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Gambar Kunir Biru

Editor: Hani Z. Noor